Teks Khutbah Jumat Singkat

Mulyanipun Wulan Dzulqa’dah

Ustadz  Wismanto

 

Khutbah Awal

إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِينُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا وَ مِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِ اللَّهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِىَ لَهُ, وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ, اللّهُمَّ صَلِّ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ, يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

Jamaah jumah rahimakumullah

Sumangga tansah munjuk syukur dhumateng Allah Ta’ala ingkang tansah paring rahmat taufik sarta hidayah dhumateng kula lan panjenengan. Shalawat ugi salam mugi tansah katetepaken dhumateng nabi Muhammad SAW ingkang tansah kita tengga syafaatipun wonten ing dinten kiyamah.

Jamaah jumah rahimakumullah

Wonten kesempatan khutbah siang punika khatib wasiat sumangga tansah ningkataken taqwa dhumateng Allah kanti nindakaken dhawuhipun lan nebihi awisanipun. Mugi kanti taqwa Allah tansah paring kamulyan fiddunya wal akhirah. Amiin.

Jamaah jumah rahimakumullah

Wulan dzulqa’dah punika kalebet wulan minulya tumrap kula lan panjenengan kaum muslimin. Katah sanget kautaman ingkang Allah lan rasulipun kabaraken wonten al-quran lan ugi hadits menggah minulyanipun wulan dzulqa’dah. Mila wonten mimbar khutbah jumat siang punika khatib badhe ngaturaken seperangan kautaman wulan dzulqa’dah.

Sepisan, Wulan pinilih kagem nurunaken wahyu dhateng nabi Musa a.s.

Ngendika Allah:

وَوَاعَدْنَا مُوسَى ثَلَاثِينَ لَيْلَةً وَأَتْمَمْنَاهَا بِعَشْرٍ فَتَمَّ مِيقَاتُ رَبِّهِ أَرْبَعِينَ لَيْلَةً

Lan Ingsun janji marang Musa bakal Ingsun paring kitab sawuse telung puluh wengi (wulan dzulqa’dah), lan ingsung nyampurnaake sepuluh wengi maneh, dadi wektu kang katemtokake dening Pangeran sampurna patang puluh wengi lawase…” (Al- A’raf: 142).

Ayat kasebat nyariosaken nalikanipun Allah paring wahyu kitab taurat dhateng nabi Musa, Allah milih wulan dzulqa’dah ingkang minulya pinangka wekdal kagem nurunaken wahyu suci dhateng Musa a.s.

Kaping kalih, Wulan pinilih kagem Rasulullah nindhakaken ibadah umrah.

Sahabat Anas bin Malik radliyallahu ‘anhu ngendika:

اعْتَمَرَ رَسُولُ اللَّهِ صلى الله عليه وسلم أَرْبَعَ عُمَرٍ، كُلَّهُنَّ فِي ذِي القَعْدَةِ

“Rasulullah nindhakake umrah kaping papat, kabeh katindhakake ana ing wulan dzulqa’dah…” (HR. Bukhari).

Kaping tiga, Wulan dzulqa’dah kalebet al- asyhur al- Hurum.

Al- Asyhur al- Hurum inggih punika wulan- wulan suci ingkang dipun mulyaaken. Wonten sekawan wulan hurum ingkang dipun sebataken ayat suci al- quran inggih punika: dzulqa’dah, dzulhijjah, Muharram lan rajab. Wonten wulan- wulan punika Allah ngawisi peperangan lan memengsahan ing antawisipun umat manungsa. Ngendika Allah:

إِنَّ عِدَّةَ الشُّهُورِ عِنْدَ اللَّهِ اثْنَا عَشَرَ شَهْرًا فِي كِتَابِ اللَّهِ يَوْمَ خَلَقَ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضَ مِنْهَا أَرْبَعَةٌ حُرُمٌ

“Satemene wilangan sasi mungguhing Allah iku ana rolas sasi kaya kang wus kapacak ana ing kitabe Allah wiwit tumitahing langit lang bumi, ing antarane ana sasi papat kang Mulya (dzulqa’dah, dzulhijjah, Muharram lan rajab)…” (QS. At- Taubah 36).

Jamaah jumah rahimakumullah

Kanthi punika kula lan panjenengan kedhah nderek mulyaaken wulan dzulqa’dah kanthi ngatah- ngatahi amal kabecikan ing bab punapa kemawon. Mugi kanthi mulyaaken wulan punika kula lan panjenengan tansah kagolong umatipun nabi agung Muhammad SAW.

أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَاسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ المُسْلِمِيْنَ إِنَّهُ هُوَ السَمِيْعُ العَلِيْمُ

Khutbah Kaping Kalih

الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ,

وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ

إِنَّ اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا

اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَقَرَابَتِهِ وَأَزْوَاجِهِ وَذُرِّيَّاتِهِ أَجْمَعِيْنَ

اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ

اللَّهُمَّ أَنْتَ اللَّهُ لَا إِلَهَ إِلَّا أَنْتَ. أَنْتَ الْغَنِيُّ وَنَحْنُ الْفُقَرَاءُ

اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا

رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ

 

Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat   singkat berbahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini :


Post a Comment

Lebih baru Lebih lama