Teks Khutbah Jumat Singkat
Mulyanipun
Wulan Dzulqa’dah
Ustadz Wismanto
Khutbah Awal
إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ
وَنَسْتَعِينُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا وَ
مِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِ اللَّهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ
يُضْلِلْ فَلاَ هَادِىَ لَهُ, وَأَشْهَدُ
أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ
مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ, اللّهُمَّ
صَلِّ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ
إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ, يَا أَيُّهَا
الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا
وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ
Jamaah jumah rahimakumullah
Sumangga tansah munjuk syukur dhumateng Allah Ta’ala ingkang tansah paring rahmat taufik sarta hidayah dhumateng kula lan panjenengan. Shalawat ugi salam mugi
tansah katetepaken dhumateng nabi Muhammad SAW ingkang tansah kita tengga syafaatipun wonten ing dinten kiyamah.
Jamaah
jumah rahimakumullah
Wonten kesempatan khutbah
siang punika khatib wasiat sumangga tansah ningkataken taqwa dhumateng Allah kanti
nindakaken dhawuhipun lan nebihi awisanipun. Mugi kanti taqwa Allah tansah paring kamulyan fiddunya wal akhirah. Amiin.
Jamaah jumah rahimakumullah
Wulan
dzulqa’dah punika kalebet wulan minulya tumrap kula lan panjenengan kaum
muslimin. Katah sanget kautaman ingkang Allah lan rasulipun kabaraken wonten
al-quran lan ugi hadits menggah minulyanipun wulan dzulqa’dah. Mila wonten
mimbar khutbah jumat siang punika khatib badhe ngaturaken seperangan kautaman
wulan dzulqa’dah.
Sepisan, Wulan pinilih kagem nurunaken wahyu dhateng nabi Musa
a.s.
Ngendika
Allah:
وَوَاعَدْنَا
مُوسَى ثَلَاثِينَ لَيْلَةً وَأَتْمَمْنَاهَا بِعَشْرٍ فَتَمَّ مِيقَاتُ رَبِّهِ
أَرْبَعِينَ لَيْلَةً
“Lan
Ingsun janji marang Musa bakal Ingsun paring kitab sawuse telung puluh wengi
(wulan dzulqa’dah), lan ingsung nyampurnaake sepuluh wengi maneh, dadi wektu
kang katemtokake dening Pangeran sampurna patang puluh wengi lawase…” (Al-
A’raf: 142).
Ayat
kasebat nyariosaken nalikanipun Allah paring wahyu kitab taurat dhateng nabi
Musa, Allah milih wulan dzulqa’dah ingkang minulya pinangka wekdal kagem
nurunaken wahyu suci dhateng Musa a.s.
Kaping kalih, Wulan pinilih kagem
Rasulullah nindhakaken ibadah umrah.
Sahabat
Anas bin Malik radliyallahu ‘anhu ngendika:
اعْتَمَرَ
رَسُولُ اللَّهِ صلى الله عليه وسلم أَرْبَعَ عُمَرٍ، كُلَّهُنَّ فِي ذِي
القَعْدَةِ
“Rasulullah
nindhakake umrah kaping papat, kabeh katindhakake ana ing wulan dzulqa’dah…”
(HR. Bukhari).
Kaping tiga, Wulan dzulqa’dah kalebet al-
asyhur al- Hurum.
Al-
Asyhur al- Hurum inggih punika wulan- wulan suci ingkang dipun mulyaaken.
Wonten sekawan wulan hurum ingkang dipun sebataken ayat suci al- quran inggih
punika: dzulqa’dah, dzulhijjah, Muharram lan rajab. Wonten wulan- wulan punika
Allah ngawisi peperangan lan memengsahan ing antawisipun umat manungsa.
Ngendika Allah:
إِنَّ
عِدَّةَ الشُّهُورِ عِنْدَ اللَّهِ اثْنَا عَشَرَ شَهْرًا فِي كِتَابِ اللَّهِ
يَوْمَ خَلَقَ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضَ مِنْهَا أَرْبَعَةٌ حُرُمٌ
“Satemene
wilangan sasi mungguhing Allah iku ana rolas sasi kaya kang wus kapacak ana ing
kitabe Allah wiwit tumitahing langit lang bumi, ing antarane ana sasi papat
kang Mulya (dzulqa’dah, dzulhijjah, Muharram lan rajab)…” (QS. At- Taubah 36).
Jamaah jumah rahimakumullah
Kanthi punika kula lan
panjenengan kedhah nderek mulyaaken wulan dzulqa’dah kanthi ngatah- ngatahi
amal kabecikan ing bab punapa kemawon. Mugi kanthi mulyaaken wulan punika kula
lan panjenengan tansah kagolong umatipun nabi agung Muhammad SAW.
أَقُوْلُ
قَوْلِي هَذَا وَاسْتَغْفِرُ
اللهَ لِي وَلَكُمْ
وَلِسَائِرِ
المُسْلِمِيْنَ
إِنَّهُ هُوَ السَمِيْعُ
العَلِيْمُ
Khutbah
Kaping Kalih
الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ
عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ
وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ,
وَأَشْهَدُ
أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا
عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ
إِنَّ
اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا
صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا
اَللَّهُمَّ
صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَقَرَابَتِهِ
وَأَزْوَاجِهِ وَذُرِّيَّاتِهِ أَجْمَعِيْنَ
اَللَّهُمَّ
اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ
مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ
اللَّهُمَّ
أَنْتَ اللَّهُ لَا إِلَهَ إِلَّا أَنْتَ. أَنْتَ الْغَنِيُّ وَنَحْنُ الْفُقَرَاءُ
اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى
رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا
رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ
Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat singkat berbahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini :
إرسال تعليق