Teks Khutbah Jumat Singkat

3 Perkawis Ingkang Dipun Sengiti Allah

Ustadz  Wismanto

 

Khutbah Awal

إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِينُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا وَ مِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِ اللَّهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِىَ لَهُ, وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ, اللّهُمَّ صَلِّ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ, يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

Jamaah jumah rahimakumullah

Sumangga tansah munjuk syukur dhumateng Allah Ta’ala ingkang tansah paring rahmat taufik sarta hidayah dhumateng kula lan panjenengan. Shalawat ugi salam mugi tansah katetepaken dhumateng nabi Muhammad SAW ingkang tansah kita tengga syafaatipun wonten ing dinten kiyamah.

Jamaah jumah rahimakumullah

Wonten kesempatan khutbah siang punika khatib wasiat sumangga tansah ningkataken taqwa dhumateng Allah kanti nindakaken dhawuhipun lan nebihi awisanipun. Mugi kanti taqwa Allah tansah paring kamulyan fiddunya wal akhirah. Amiin.

Jamaah jumah rahimakumullah

Salah setunggal piwucal islam ingkang utama inggih punika dhawuh supados kula lan panjenengan tansah nindhakaken amal kesaenan ingkang saget ndumugiaken raos tresnanipun Allah. Lan mujudaken perkawis ingkang wigatos ugi bilih kula lan panjenengan kedah nebihi tumindhak awon ingkang saget ndumugiaken murkanipun Allah. Rasulullah SAW nate paring pangandikan babagan tumindak ingkang dipun remeni Allah lan ugi tumindhak ingkang dipun sengiti Allah. Ngendika Rasulullah:

إِنَّ اللَّهَ يَرْضَى لَكُمْ ثَلَاثًا وَيَكْرَهُ لَكُمْ ثَلَاثًا فَيَرْضَى لَكُمْ أَنْ تَعْبُدُوهُ وَلَا تُشْرِكُوا بِهِ شَيْئًا وَأَنْ تَعْتَصِمُوا بِحَبْلِ اللَّهِ جَمِيعًا وَلَا تَفَرَّقُوا وَيَكْرَهُ لَكُمْ قِيلَ وَقَالَ وَكَثْرَةَ السُّؤَالِ وَإِضَاعَةِ الْمَالِ

Satemene Allah iku remen marang telung perkara lan sengit marang telung perkara. Panjenegane remen menawa sira pada ngibadah lan ora tumindhak syirik, lan remen menawa sira pada cecekelan marang agamane lan ora pada congkrah. Lan panjenegane Allah iku sengit menawa sira seneng mbiwarake kabar kang urung ceta (jarene lan jarene), lan sengit menawa sira kakehan pitakonan (kang ora perlu), lan sengit menawa sira ngguwang- ngguwang bandha.” (HR. Bukhari lan Muslim).

Jamaah jumah rahimakumullah

Saking pangandikanipun Rasulullah wonten ing nggingil khatib badhe ngaturaken 3 perkawis ingkang dipun sengiti Allah:

1.     Qiila wa qaala (Mbiwarakaken kabar ingkang mboten ceta).

Qiila wa qaala artosipun jarene lan jarene maksudipun remen ngendikaaken kabar utawi informasi ingkang dereng jelas sangkan paranipun, mboten jelas leres lepatipun. Perkawis punika asring dipun sebat hoaxs, ingkang mboten sakmestinipun kaum muslimin mbiwaraaken hoaxs. Hoaxs punika awrat sanget dosanipun amargi akibat saking hoaxs badhe damel risakipun pasrawungan ing masyarakat. Wonten surat An- Nur Allah ngendika paring ancaman dhateng tiyang munafik ingkang mbiwaraaken hoax lan damel fitnah dhateng garwanipun Rasulullah (Aisyah). Ngendika Allah:

وَالَّذِي تَوَلَّىٰ كِبْرَهُ مِنْهُمْ لَهُ عَذَابٌ عَظِيمٌ

Lan wong kang anggawa kabar saka wong- wong mau, temen bakal nampa siksa kang abot”. (An- Nur:11)

 2.     Kasratus sual (Kakehan pitakenan ingkang mboten wigatos).

Kalebet perkawis ingkang dipun sengiti Allah inggih punika kasratus sual (kakehan pitakenan). Maksudipun remen nangletaken perkawis ingkang mboten wonten manfaatipun, mboten wigatos lan mboten faedah. Misalipun remem mbahas hobinipun artis, utawi daharan favorit artis, utawi mbahas merek pakaian/ rasukanipun artis. Perkawis punika estu mboten wonten manfaatipun namung mbucal wekdal lan ndamel kapitunan.

3.     Idha’atul Mal (Ngglebar banda)

Perkawis kaping tiga ingkang dipun sengiti Allah inggih punika ngglebar bandha ing bab ingkang mboten wonten manfaatipun. Ngendika Allah:

إِنَّ الْمُبَذِّرِينَ كَانُوا إِخْوَانَ الشَّيَاطِينِ ۖ وَكَانَ الشَّيْطَانُ لِرَبِّهِ كَفُورًا

Satemene wong kang ngglebar bandha iku sedulure setan, ing mangka setan iku banget kufure marang Pengerane”. (Al- Isra’:27).

Jamaah jumah rahimakumullah

Kanthi punika sumangga tansah nebihi perkawis ingkang dipun sengiti Allah lan nindhaaken perkawis ingkang dipun remeni Allah. Mugi kanthi punika Allah tansah andadosaken kula lan panjenengan ingkang pinaringan kamulyan panggesangan ing dunya lan akhirat. Amiin.

أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَاسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ المُسْلِمِيْنَ إِنَّهُ هُوَ السَمِيْعُ العَلِيْمُ

Khutbah Kaping Kalih

الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ

وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ

إِنَّ اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا

اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَقَرَابَتِهِ وَأَزْوَاجِهِ وَذُرِّيَّاتِهِ أَجْمَعِيْنَ

اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ

اللَّهُمَّ أَنْتَ اللَّهُ لَا إِلَهَ إِلَّا أَنْتَ. أَنْتَ الْغَنِيُّ وَنَحْنُ الْفُقَرَاءُ

اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا

رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ

 

Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat   singkat berbahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini :


Post a Comment

Lebih baru Lebih lama