Teks Khutbah Jumat Singkat
3 Perkawis
Ingkang Dipun Sengiti Allah
Ustadz Wismanto
Khutbah Awal
إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ
وَنَسْتَعِينُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا وَ
مِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِ اللَّهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ
يُضْلِلْ فَلاَ هَادِىَ لَهُ, وَأَشْهَدُ
أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ
مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ, اللّهُمَّ
صَلِّ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ
إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ, يَا أَيُّهَا
الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ
مُسْلِمُونَ
Jamaah jumah rahimakumullah
Sumangga tansah munjuk syukur dhumateng Allah Ta’ala ingkang tansah paring rahmat taufik sarta hidayah dhumateng kula lan
panjenengan. Shalawat ugi salam mugi tansah katetepaken dhumateng nabi Muhammad SAW ingkang tansah kita tengga syafaatipun wonten ing dinten kiyamah.
Jamaah
jumah rahimakumullah
Wonten kesempatan khutbah
siang punika khatib wasiat sumangga tansah ningkataken taqwa dhumateng Allah kanti
nindakaken dhawuhipun lan nebihi awisanipun. Mugi kanti taqwa Allah tansah paring kamulyan fiddunya wal akhirah. Amiin.
Jamaah jumah rahimakumullah
Salah
setunggal piwucal islam ingkang utama inggih punika dhawuh supados kula lan panjenengan
tansah nindhakaken amal kesaenan ingkang saget ndumugiaken raos tresnanipun
Allah. Lan mujudaken perkawis ingkang wigatos ugi bilih kula lan panjenengan
kedah nebihi tumindhak awon ingkang saget ndumugiaken murkanipun Allah. Rasulullah
SAW nate paring pangandikan babagan tumindak ingkang dipun remeni Allah lan ugi
tumindhak ingkang dipun sengiti Allah. Ngendika Rasulullah:
إِنَّ اللَّهَ يَرْضَى لَكُمْ
ثَلَاثًا وَيَكْرَهُ لَكُمْ ثَلَاثًا فَيَرْضَى لَكُمْ أَنْ تَعْبُدُوهُ وَلَا
تُشْرِكُوا بِهِ شَيْئًا وَأَنْ تَعْتَصِمُوا بِحَبْلِ اللَّهِ جَمِيعًا وَلَا
تَفَرَّقُوا وَيَكْرَهُ لَكُمْ قِيلَ وَقَالَ وَكَثْرَةَ السُّؤَالِ وَإِضَاعَةِ
الْمَالِ
“Satemene
Allah iku remen marang telung perkara lan sengit marang telung perkara.
Panjenegane remen menawa sira pada ngibadah lan ora tumindhak syirik, lan remen
menawa sira pada cecekelan marang agamane lan ora pada congkrah. Lan
panjenegane Allah iku sengit menawa sira seneng mbiwarake kabar kang urung ceta
(jarene lan jarene), lan sengit menawa sira kakehan pitakonan (kang ora perlu),
lan sengit menawa sira ngguwang- ngguwang bandha.” (HR. Bukhari lan
Muslim).
Jamaah jumah rahimakumullah
Saking pangandikanipun
Rasulullah wonten ing nggingil khatib badhe ngaturaken 3 perkawis ingkang dipun
sengiti Allah:
1. Qiila wa qaala (Mbiwarakaken kabar ingkang mboten ceta).
Qiila wa qaala artosipun jarene lan jarene maksudipun remen ngendikaaken kabar
utawi informasi ingkang dereng jelas sangkan paranipun, mboten jelas leres
lepatipun. Perkawis punika asring dipun sebat hoaxs, ingkang mboten
sakmestinipun kaum muslimin mbiwaraaken hoaxs. Hoaxs punika awrat sanget
dosanipun amargi akibat saking hoaxs badhe damel risakipun pasrawungan ing
masyarakat. Wonten surat An- Nur Allah ngendika paring ancaman dhateng tiyang
munafik ingkang mbiwaraaken hoax lan damel fitnah dhateng garwanipun Rasulullah
(Aisyah). Ngendika Allah:
وَالَّذِي تَوَلَّىٰ
كِبْرَهُ مِنْهُمْ لَهُ عَذَابٌ عَظِيمٌ
“Lan wong kang anggawa kabar saka wong- wong mau, temen bakal nampa
siksa kang abot”. (An- Nur:11)
2. Kasratus sual (Kakehan pitakenan ingkang mboten wigatos).
Kalebet perkawis ingkang
dipun sengiti Allah inggih punika kasratus sual (kakehan pitakenan). Maksudipun
remen nangletaken perkawis ingkang mboten wonten manfaatipun, mboten wigatos
lan mboten faedah. Misalipun remem mbahas hobinipun artis, utawi daharan favorit
artis, utawi mbahas merek pakaian/ rasukanipun artis. Perkawis punika estu
mboten wonten manfaatipun namung mbucal wekdal lan ndamel kapitunan.
3. Idha’atul Mal (Ngglebar banda)
Perkawis kaping tiga
ingkang dipun sengiti Allah inggih punika ngglebar bandha ing bab ingkang
mboten wonten manfaatipun. Ngendika Allah:
إِنَّ الْمُبَذِّرِينَ
كَانُوا إِخْوَانَ الشَّيَاطِينِ ۖ وَكَانَ الشَّيْطَانُ لِرَبِّهِ كَفُورًا
“Satemene wong kang ngglebar bandha iku sedulure setan, ing mangka
setan iku banget kufure marang Pengerane”. (Al-
Isra’:27).
Jamaah jumah rahimakumullah
Kanthi punika sumangga tansah
nebihi perkawis ingkang dipun sengiti Allah lan nindhaaken perkawis ingkang
dipun remeni Allah. Mugi kanthi punika Allah tansah andadosaken kula lan
panjenengan ingkang pinaringan kamulyan panggesangan ing dunya lan akhirat.
Amiin.
أَقُوْلُ
قَوْلِي هَذَا وَاسْتَغْفِرُ
اللهَ لِي وَلَكُمْ
وَلِسَائِرِ
المُسْلِمِيْنَ
إِنَّهُ هُوَ السَمِيْعُ
العَلِيْمُ
Khutbah
Kaping Kalih
الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ
عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ
وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ
وَأَشْهَدُ
أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا
عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ
إِنَّ
اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا
صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا
اَللَّهُمَّ
صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَقَرَابَتِهِ
وَأَزْوَاجِهِ وَذُرِّيَّاتِهِ أَجْمَعِيْنَ
اَللَّهُمَّ
اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ
مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ
اللَّهُمَّ
أَنْتَ اللَّهُ لَا إِلَهَ إِلَّا أَنْتَ. أَنْتَ الْغَنِيُّ وَنَحْنُ الْفُقَرَاءُ
اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى
رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا
رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ
Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat singkat berbahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini :
إرسال تعليق