Teks Khutbah Jumat Singkat
Adab Dahar
lan Ngunjuk
Ustadz Wismanto
Khutbah Awal
إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ
وَنَسْتَعِينُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا وَ
مِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِ اللَّهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ
يُضْلِلْ فَلاَ هَادِىَ لَهُ, وَأَشْهَدُ
أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ
مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ, اللّهُمَّ
صَلِّ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ
إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ, يَا أَيُّهَا
الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ
مُسْلِمُونَ
Jamaah jumah rahimakumullah
Sumangga tansah munjuk syukur dhumateng Allah Ta’ala ingkang tansah paring rahmat taufik sarta hidayah dhumateng kula lan panjenengan. Shalawat ugi salam mugi
tansah katetepaken dhumateng nabi Muhammad SAW ingkang tansah kita tengga syafaatipun wonten ing dinten kiyamah.
Jamaah
jumah rahimakumullah
Wonten kesempatan khutbah
siang punika khatib wasiat sumangga tansah ningkataken taqwa dhumateng Allah kanti
nindakaken dhawuhipun lan nebihi awisanipun. Mugi kanti taqwa Allah tansah paring kamulyan fiddunya wal akhirah. Amiin.
Jamaah jumah rahimakumullah
Islam
punika margi utama ingkang kebak tuntunan minulya kagem sedaya umat manungsa.
Allah ngersaaken manungsa punika tansah manggih sekeca nalika ngayahi
panggesangan ing dunya lan akhirat, mila Allah nyawisaken tuntunan ingkang
kaserat wonten al- quran lan sunnah. Salah setunggal bukti minulyanipun islam inggih
punika paring tuntunan adab saben dintenipun. Kadosdene dahar lan ngunjuk,
ketingalipun namung perkawis ingkang remeh ananging ing islam pinaringan
tuntunan ingkang lengkap. Mila ing mimbar khutbah siang punika khatib badhe
ngaturaken seperangan adab- adab dahar lan ngunjuk.
1.
Maos bismillah
Nalika
badhe ngawiti dahar lan ngunjuk islam nganjuraken kula lan panjenegan maos
bismillah. Ngendika Rasulullah:
إِذَا
أَكَلَ أَحَدُكُمْ فَلْيَذْكُرِ اسْمَ اللهِ تَعَالَى، فَإِذَا نَسِيَ أَنْ
يَذْكُرَ اسْمَ اللهِ فِيْ أَوَّلِهِ فَلْيَقُلْ: بِسْمِ اللهِ أَوَّلَهُ
وَآخِرَهُ.
“Menawa
sira miwiti mangan mula nyebuta asmane Allah (bismillah), ananging menawa sir
lali ana ing wiwitan mula nyebuta: bismillahi fii awalihi wa akhirihi” (HR. Abu
Dawud).
2.
Ngagem asta tengen
Rasulullah
nganjuraken dahar lan ngunjuk ngagem asta ingkang tengen. Ngendika Rasulullah:
إِذَا
أَكَلَ أَحَدُكُمْ فَلْيَأْكُلْ بِيَمِينِهِ وَإِذَا شَرِبَ فَلْيَشْرَبْ
بِيَمِينِهِ فَإِنَّ الشَّيْطَانَ يَأْكُلُ بِشِمَالِهِ وَيَشْرَبُ بِشِمَالِهِ
“
Menawa sira mangan mula ngaggema tangan tengen, lan menawa Ngombe mula ngaggema
tangan tengen, Amarga syaithan iku mangan lan Ngombe nganggo tangan kiwa” (HR.
Muslim).
3.
Kanthi lenggah
Islam
dawuh supados kula lan panjenegan dahar lan ngunjuk kanthi lenggah.
عَنْ أَنَسٍ عَنْ النَّبِيِّ صَلَّى اللَّهُ
عَلَيْهِ وَسَلَّمَ أَنَّهُ نَهَى أَنْ يَشْرَبَ الرَّجُلُ قَائِمًا قَالَ
قَتَادَةُ فَقُلْنَا فَالْأَكْلُ فَقَالَ ذَاكَ أَشَرُّ أَوْ أَخْبَثُ
“Satemene
Rasulullah ngawisi Ngombe kanthi ngadek, banjur sahabat Qatadah matur:
“Kadospundi menawi dahar wahai rasul?. Rasul ngendika: “mangan kanthi ngadek
iku luwih ala.” (HR. Muslim).
4.
Mboten Leluwihan.
Kalebet
adab dahar lan ngunjuk inggih punika dipun awisi lelangkungan, artosipun dahar
lan ngunjuk punika sakmadya mawon kagem ngicalaken ngelak lan luwe mawon.
Ngendika Allah:
وَكُلُوا
وَاشْرَبُوا وَلا تُسْرِفُوا إِنَّهُ لا يُحِبُّ الْمُسْرِفِينَ
“sira
pada mangan lan ngombea, ananging aja pada leluwihan Amarga Allah iku ora
seneng marang wong- wong kang leluwihan”. (QS. Al-A’raf, Ayat: 31)
Jamaah jumah rahimakumullah
Kanthi punika sumangga tansah
nggatosaken lan ngamalaken adab- adab gesang saben dinten. Mugi Allah tansah
paring kekiatan iman dhumateng kula lan panjenengan satemah saget nggayuh
panggesangan ingkang minulya fidunya wal akhirah.
أَقُوْلُ
قَوْلِي هَذَا وَاسْتَغْفِرُ
اللهَ لِي وَلَكُمْ
وَلِسَائِرِ
المُسْلِمِيْنَ
إِنَّهُ هُوَ السَمِيْعُ
العَلِيْمُ
Khutbah
Kaping Kalih
الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ
عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ
وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ
وَأَشْهَدُ
أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا
عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ
إِنَّ
اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا
صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا
اَللَّهُمَّ
صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَقَرَابَتِهِ
وَأَزْوَاجِهِ وَذُرِّيَّاتِهِ أَجْمَعِيْنَ
اَللَّهُمَّ
اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ
مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ
اللَّهُمَّ
أَنْتَ اللَّهُ لَا إِلَهَ إِلَّا أَنْتَ. أَنْتَ الْغَنِيُّ وَنَحْنُ الْفُقَرَاءُ
اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى
رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا
رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ
Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat singkat berbahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini :
إرسال تعليق