Teks Khutbah Idul Adha
1445 H
Qurban ingkang Hakiki
Ust. Wismanto,
S.Pd.I
اَلْـحَمْدُ لِلّهِ
الَّذِيْ نَـحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ، وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُورِ
أَنْفُسِنَا
وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ
اللهُ فَلَا مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلَا هَادِيَ لَهُ
أَشْهَدُ أَنْ لاَّ إِلَهَ إِلاَّ الله وَحْدَهُ
لَا شَرِيْكَ لَهُ
وَأَشْهَدُ أَنَّ مُـحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ
لاَنَبِيَّ بَعْدَهُ
وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى رَسُوْلِ
اللهِ نَبِيِّنَا مُحَمَّد وَعَلَى اَلِهَ
وَ اَصْحَبِهَ وَمَنْ وَّالَاهُ
اَمَّا بّعْدُ فَيَاعِبَدَاللهِ أُوْصِيْكُمْ
وَأِيَّايَ بِتَقْوَى االلهِ حَقَّ تُقَاتِهِ فَقَدْ فَازَالْمُتَّقُوْنَ
اللهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَاللهُ
أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُ وَللهِ الحَمْدُ
Jamaah idul adha rahimakumullah
Wonten enjang
ingkang minulya punika sumangga kula lan panjenegan tansah munjuk suka syukur
dhumateng Allah Ta’ala. Awit sih kawelasanipun kula
lan panjenegan saget pinanggih ing dinten riyaya idul adha kanti suka bahagia nir ing sambekala. Shalawat ugi salam mugi tansah kunjuk dhumateng
nabi Muhammad SAW ingkang tansah kita tengga syafaatipun wonten ing dinten kiyamat. Saklajengipun khatib wasiat sumangga
kula lan panjenegan tansah njagi taqwa, amargi namung taqwa margi ingkang saget
nylametaken panggesangan ing wonten dunya lan akhirat.
اللهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُ لاَ
إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَاللهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُ وَللهِ الحَمْدُ
Jamaah idul adha rahimakumullah
Wonten wulan ingkang minulya
punika, saksanesipun Allah dhawuh nindhakaken ibadah haji, Allah ugi dhawuh
nindhakaken ibadah qurban. Qurban kapundut saking tembung arab inggih punika qoruba
ingkang tegesipun caket. Artosipun tetiyang ingkang nindhakaken qurban
inggih punika tiyang ingkang nyaket dhumateng Allah.
Kadosdene igkang sampun kula
lan panjenegan mangertosi bilih qurban punika mragat kewan kados unta, sapi lan
menda lajeng dipun radhinaken dhateng tangga tepalih ingkang pantes nampi. Ananging
sejatosipun hakikat qurban punika boten namung mragat kewan lajeng dipun
radhinaken dhateng tiyang sanes. Hakikat qurban inggih punika nyaket dhumateng
Allah kanthi nindhakaken sedaya perkawis ingkang manfaati dhateng sesami. Al- Quran
sampun suka keterangan bilih ingkang dipun kersaaken Allah punika sanes daging
lan rah kewan, ananging taqwanipun tetiyang ingkang qurban. Ngendika Allah:
لَنْ يَنَالَ اللَّهَ لُحُومُهَا وَلَا دِمَاؤُهَا وَلَٰكِنْ
يَنَالُهُ التَّقْوَىٰ مِنْكُمْ
“Ora bakal katampa ing Allah
daginge lan getihe qurban, ananging kang katampa ing Panjenegane Allah iku
taqwanira kabeh…” (Al- Hajj:37)
Jamaah idul adha rahimakumullah
Hakikat qurban sejatosipun
mragat sifat kewan ingkang wonten ing badan kula lan panjenegan kadosdene: kesed,
egois, medit, drengki lan sifat awon sanesipun. Sifat- sifat kasebat kalebet
sifat awon sifat ingkang ngajak dhumateng kacilakan lan kesengsaraan. Tiyang
muslim kedhahipun nebihi sifat- sifat kasebat wonten ing panggesanganipun. Punika
sejatosipun hakikat qurban ingkang dipun tuntunaken para nabi lan rasul jaman
rumiyin. Mila wonten khutbah idul adha enjang punika badhe khatib aturaken
seperangan saking hakikat qurban.
1. Mragat lan mbucal sifat kesed
Tiyang taqwa punika tiyang
ingkang saget mbucal sifat kesed ing badanipun. Kesed punika mujudaken penyakit
ingkang saget ngalang- alangi suksesipun tiyang mukmin. Gesang punika aji
sanget, eman menawi umur namung dipun telasaken kagem santai- santai, leyeh-
leyeh lan gegojekan. Ngibadah mboten temen, makarya ugi namung sembrana, saben
dinten namung nelasaken wekdal kagem hura- hura.
Boten wonten sejarahipun
tiyang ingkang sukses punika wekdalipun dipun bucal kagem leyeh- leyeh. Langkung-
langkung menawi kula lan panjenengan bikak sejarahipun para nabi lan rasul
babar blas boten wonten ingkang gesangipun nyantai. Sedaya nabi lan rasul
ngorbanaken wekdalipun kagem ngabekti dhateng Allah kanthi nindhakaken
pangibadahan lan ngladosi umat. Para sahabat nate nyuwun pirsa dhateng Rasulullah:
ياَرَسُولُ اللهِ أَيُّ النَّاس أَشَدّـُ بَلَاء: الأَنبِيَاء
ثُمَّ الأَمثَالُ فَالأَمثَلُ
“Wahai Rasulullah, manungsa
sinten ingkang paling awrat perjuanganipun? / pacobenipun? “para nabi banjur
sakwuse para nabi” (HR. Tirmidzi).
Wonten ing buku sejarah nagari Indonesia ugi kaserat
bilih nagari punika saget mardika saking penjajah awit rahmatipun Allah lan
lantaran perjuanganipun tiyang sepuh kula lan panjenegan. Menawi tiyang sepuh
kula lan panjenegan rumiyin mboten kersa ngurbanaken jiwa lan raga kagem
ngrebut nagari saking penjajah, dereng kantenan Indonesia saget mardika.
Mila, hakikat qurban punika mragat lan mbucal sifat kesed
tumuju sifat ingkang sengkuyung/ semangat. Sengkuyung ngibadah, sengkuyung
sinau agami, sengkuyung makarya lan sengkuyung tindhak kesaenan ing bab punapa
kemawon.
2. Mragat lan mbucal sifat egois
Jamaah
idul adha rahimakumullah
Hakikat qurban ingkang saklajengipun inggih punika mbucal
sifat egois (mentingaken kesenenganipun piyambak). Daging qurban ingkang kula
lan panjenegan caosaken dhateng tanggi tepalih punika pinangka piwucal
wigatosipun netepi sifat perduli dateng tiyang sanes. Ing islam tiyang ingkang
kacekapan bandha punika wajib caos pambiyantu dhateng tiyang ingkang miskin,
tiyang ingkang kagungan ilmu wajib caos wewarah dhateng ingkang awam tiyang
ingkang kagungan jabatan wajib ngayomi dhateng masyarakat alit, lan sanesipun. Perduli
dhateng tiyang sanes punika mujudaken tanda iman. Dereng leres iman kula lan
panjenegan menawi tasih egois lan dereng netepi sifat perduli. Perduli punika mujudaken
pokok piwucal islam ingkang dipun dhawuhaken Rasulullah. Ngendika Rasulullah:
لا يُؤْمِنُ أَحَدُكُمْ حَتَّى يُحِبَّ لأَخِيهِ مَا يُحِبُّ
لِنَفْسِهِ
“durung disebut wong iman sira
kabeh, nganti deweke nresnani sedulure kayadene nresnani badane dewe”. (HR. Bukhari lan Muslim).
Qurban punika suka piwucal wigatosipun kula lan
panjenegan caos manfaat dhateng tiyang sanes. Caos manfaat dhateng tiyang sanes
punika kalebet ibadah ingkang utama munguhipun islam. Tansaya kathah caos
manfaat dahteng manungsa tansaya minulnya derajat ing ngarsanipun Allah. Ngendika
Rasulullah:
خَيْرُ النَّاسِ أَنْفَعُهُمْ لِلنَّاسِ
“Sakbecik- becike sira kabeh
yaiku sing paling manfaat tumrap manungsa”. (HR. Ath- Thabrani)
Mila sifat perduli lan semangat
caos manfaat dhateng tiyang sanes punika kedah dados lampah gesang kula lan
panjenegan. Ing bidang punapa kemawon pakaryan kula lan panjenegan kedah dipun niyati
caos manfaat dateng tiyang sanes. Dados petani, pedagang, guru utawi pejabat
kedah kanthi niyatan caos manfaat dateng tiyang sanes, mboten malah ngorbanaken
tiyang sanes kagem pakaryanipun utawi kepentinganipun piyambak.
اللهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُ لاَ
إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَاللهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُ وَللهِ الحَمْدُ
Drengki inggih punika mboten
remen nalikanipun tiyang sanes pikantuk kabegjan utawi kesaenan lan ngajab
supados kabegjan sirna saking tiyang kasebat. Rasulullah SAW ugi sampun paring
pemut bebayanipun drengki:
اِياَّ كُم وَالحَسَدَ فَاِنَّ الْحَسَدَ يَاْ كُلُ
الْحَسَنَاتِ كَمَا تَاْ كُلُ النَّارُ الحَطَبَ
Artosipun: “ Ngati- ati
sira kabeh kalawan drengki, amarga drengki iku bisa nyirnaake kabecikan kayadene
geni nyirnaake/ ngentekake kayu bakar.” (HR. Abu Dawud)
Imam Ibnul Qayyim
ngendika:”Saktemene drengki iku seperangan saka tumindak durhaka marang Allah, ora seneng nalika
sedulure oleh nikmat , ingmangka Allah ngersakake paring nikmat marang wong
iku. Drengki iku seneng menawa nikmat sirna saka sedulure, ingmangka Allah ora ngersaake
nikmat iku sirna saka sedulure. Mula, drengki iku jan jane nentang qada lan
qadare Allah”. (Al fawaid.157).
Drengki punika awon sanget lan akibatipun bade damel suasana mboten temtrem ugi risakipun pasederekan wonten ing madyaning masyarakat. Pramila sumangga kita sesarengan tansah ngresiki manah kanti sinau lan nindakaken piwucal agami islam linambaran manah ingkang tulus ikhlas. Mugi- mugi Allah Ta’ala tansah njagi kita lan nebihaken kita saking sedaya akhlak ingkang awon.
Jamaah
idul adha rahimakumullah
Mekaten seperangan hakikat qurban ingkang khatib
aturaken wonten mimbar khutbah idul adha enjang punika. Mugi kula lan
panjenegan tansah pinaringan hidayah, satemah saget nindhakaken ibadah qurban
lan ngamalaken hakikat qurban ing panggesangan punika. Aamiin.
اِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِىْ يَاَ يُّهَاالَّذِيْنَ آمَنُوْاصَلُّوْاعَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ , اللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمسْلِمَاتِ وَالمؤْمِنِيْنَ وَالمؤْمِنَاتِ الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ, اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى , رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا , رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ
Untuk membaca atau mencetak file khutbah Ied singkat berbahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini :
Posting Komentar