Teks Khutbah Idul Adha 1445 H

Qurban ingkang Hakiki

Ust. Wismanto, S.Pd.I

 

اَلْـحَمْدُ لِلّهِ الَّذِيْ نَـحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ، وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا

وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلَا مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلَا هَادِيَ لَهُ  

أَشْهَدُ أَنْ لاَّ إِلَهَ إِلاَّ الله وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ

وَأَشْهَدُ أَنَّ مُـحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ لاَنَبِيَّ بَعْدَهُ

وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى رَسُوْلِ اللهِ  نَبِيِّنَا مُحَمَّد وَعَلَى اَلِهَ وَ اَصْحَبِهَ وَمَنْ وَّالَاهُ

اَمَّا بّعْدُ فَيَاعِبَدَاللهِ أُوْصِيْكُمْ وَأِيَّايَ بِتَقْوَى االلهِ حَقَّ تُقَاتِهِ فَقَدْ فَازَالْمُتَّقُوْنَ

اللهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَاللهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُ وَللهِ الحَمْدُ


Jamaah idul adha rahimakumullah

Wonten enjang ingkang minulya punika sumangga kula lan panjenegan tansah munjuk suka syukur dhumateng Allah Ta’ala. Awit sih kawelasanipun kula lan panjenegan saget pinanggih ing dinten riyaya idul adha kanti suka bahagia nir ing sambekala. Shalawat ugi salam mugi tansah kunjuk dhumateng nabi Muhammad SAW ingkang tansah kita tengga syafaatipun wonten ing dinten kiyamat. Saklajengipun khatib wasiat sumangga kula lan panjenegan tansah njagi taqwa, amargi namung taqwa margi ingkang saget nylametaken panggesangan ing wonten dunya lan akhirat.

اللهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَاللهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُ وَللهِ الحَمْدُ

Jamaah idul adha rahimakumullah

Wonten wulan ingkang minulya punika, saksanesipun Allah dhawuh nindhakaken ibadah haji, Allah ugi dhawuh nindhakaken ibadah qurban. Qurban kapundut saking tembung arab inggih punika qoruba ingkang tegesipun caket. Artosipun tetiyang ingkang nindhakaken qurban inggih punika tiyang ingkang nyaket dhumateng Allah.

Kadosdene igkang sampun kula lan panjenegan mangertosi bilih qurban punika mragat kewan kados unta, sapi lan menda lajeng dipun radhinaken dhateng tangga tepalih ingkang pantes nampi. Ananging sejatosipun hakikat qurban punika boten namung mragat kewan lajeng dipun radhinaken dhateng tiyang sanes. Hakikat qurban inggih punika nyaket dhumateng Allah kanthi nindhakaken sedaya perkawis ingkang manfaati dhateng sesami. Al- Quran sampun suka keterangan bilih ingkang dipun kersaaken Allah punika sanes daging lan rah kewan, ananging taqwanipun tetiyang ingkang qurban. Ngendika Allah:

لَنْ يَنَالَ اللَّهَ لُحُومُهَا وَلَا دِمَاؤُهَا وَلَٰكِنْ يَنَالُهُ التَّقْوَىٰ مِنْكُمْ

“Ora bakal katampa ing Allah daginge lan getihe qurban, ananging kang katampa ing Panjenegane Allah iku taqwanira kabeh…” (Al- Hajj:37)

Jamaah idul adha rahimakumullah

Hakikat qurban sejatosipun mragat sifat kewan ingkang wonten ing badan kula lan panjenegan kadosdene: kesed, egois, medit, drengki lan sifat awon sanesipun. Sifat- sifat kasebat kalebet sifat awon sifat ingkang ngajak dhumateng kacilakan lan kesengsaraan. Tiyang muslim kedhahipun nebihi sifat- sifat kasebat wonten ing panggesanganipun. Punika sejatosipun hakikat qurban ingkang dipun tuntunaken para nabi lan rasul jaman rumiyin. Mila wonten khutbah idul adha enjang punika badhe khatib aturaken seperangan saking hakikat qurban.


1. Mragat lan mbucal sifat kesed

Tiyang taqwa punika tiyang ingkang saget mbucal sifat kesed ing badanipun. Kesed punika mujudaken penyakit ingkang saget ngalang- alangi suksesipun tiyang mukmin. Gesang punika aji sanget, eman menawi umur namung dipun telasaken kagem santai- santai, leyeh- leyeh lan gegojekan. Ngibadah mboten temen, makarya ugi namung sembrana, saben dinten namung nelasaken wekdal kagem hura- hura.

Boten wonten sejarahipun tiyang ingkang sukses punika wekdalipun dipun bucal kagem leyeh- leyeh. Langkung- langkung menawi kula lan panjenengan bikak sejarahipun para nabi lan rasul babar blas boten wonten ingkang gesangipun nyantai. Sedaya nabi lan rasul ngorbanaken wekdalipun kagem ngabekti dhateng Allah kanthi nindhakaken pangibadahan lan ngladosi umat. Para sahabat nate nyuwun pirsa dhateng Rasulullah:

ياَرَسُولُ اللهِ أَيُّ النَّاس أَشَدّـُ بَلَاء: الأَنبِيَاء ثُمَّ الأَمثَالُ فَالأَمثَلُ

Wahai Rasulullah, manungsa sinten ingkang paling awrat perjuanganipun? / pacobenipun? “para nabi banjur sakwuse para nabi” (HR. Tirmidzi).

            Wonten ing buku sejarah nagari Indonesia ugi kaserat bilih nagari punika saget mardika saking penjajah awit rahmatipun Allah lan lantaran perjuanganipun tiyang sepuh kula lan panjenegan. Menawi tiyang sepuh kula lan panjenegan rumiyin mboten kersa ngurbanaken jiwa lan raga kagem ngrebut nagari saking penjajah, dereng kantenan Indonesia saget mardika.

            Mila, hakikat qurban punika mragat lan mbucal sifat kesed tumuju sifat ingkang sengkuyung/ semangat. Sengkuyung ngibadah, sengkuyung sinau agami, sengkuyung makarya lan sengkuyung tindhak kesaenan ing bab punapa kemawon.

 

2. Mragat lan mbucal sifat egois

Jamaah idul adha rahimakumullah

            Hakikat qurban ingkang saklajengipun inggih punika mbucal sifat egois (mentingaken kesenenganipun piyambak). Daging qurban ingkang kula lan panjenegan caosaken dhateng tanggi tepalih punika pinangka piwucal wigatosipun netepi sifat perduli dateng tiyang sanes. Ing islam tiyang ingkang kacekapan bandha punika wajib caos pambiyantu dhateng tiyang ingkang miskin, tiyang ingkang kagungan ilmu wajib caos wewarah dhateng ingkang awam tiyang ingkang kagungan jabatan wajib ngayomi dhateng masyarakat alit, lan sanesipun. Perduli dhateng tiyang sanes punika mujudaken tanda iman. Dereng leres iman kula lan panjenegan menawi tasih egois lan dereng netepi sifat perduli. Perduli punika mujudaken pokok piwucal islam ingkang dipun dhawuhaken Rasulullah. Ngendika Rasulullah:

لا يُؤْمِنُ أَحَدُكُمْ حَتَّى يُحِبَّ لأَخِيهِ مَا يُحِبُّ لِنَفْسِهِ

“durung disebut wong iman sira kabeh, nganti deweke nresnani sedulure kayadene nresnani badane dewe”. (HR. Bukhari lan Muslim).

            Qurban punika suka piwucal wigatosipun kula lan panjenegan caos manfaat dhateng tiyang sanes. Caos manfaat dhateng tiyang sanes punika kalebet ibadah ingkang utama munguhipun islam. Tansaya kathah caos manfaat dahteng manungsa tansaya minulnya derajat ing ngarsanipun Allah. Ngendika Rasulullah:

خَيْرُ النَّاسِ أَنْفَعُهُمْ لِلنَّاسِ

“Sakbecik- becike sira kabeh yaiku sing paling manfaat tumrap manungsa”. (HR. Ath- Thabrani)

Mila sifat perduli lan semangat caos manfaat dhateng tiyang sanes punika kedah dados lampah gesang kula lan panjenegan. Ing bidang punapa kemawon pakaryan kula lan panjenegan kedah dipun niyati caos manfaat dateng tiyang sanes. Dados petani, pedagang, guru utawi pejabat kedah kanthi niyatan caos manfaat dateng tiyang sanes, mboten malah ngorbanaken tiyang sanes kagem pakaryanipun utawi kepentinganipun piyambak.

اللهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَاللهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُ وَللهِ الحَمْدُ

 3.     Mragat lan Mbucal Sifat Drengki

Drengki inggih punika mboten remen nalikanipun tiyang sanes pikantuk kabegjan utawi kesaenan lan ngajab supados kabegjan sirna saking tiyang kasebat. Rasulullah SAW ugi sampun paring pemut bebayanipun drengki:

اِياَّ كُم وَالحَسَدَ فَاِنَّ الْحَسَدَ يَاْ كُلُ الْحَسَنَاتِ كَمَا تَاْ كُلُ النَّارُ الحَطَبَ

Artosipun: “ Ngati- ati sira kabeh kalawan drengki, amarga drengki iku bisa nyirnaake kabecikan kayadene geni nyirnaake/ ngentekake kayu bakar.” (HR. Abu Dawud)

Imam Ibnul Qayyim ngendika:”Saktemene drengki iku seperangan saka tumindak  durhaka marang Allah, ora seneng nalika sedulure oleh nikmat , ingmangka Allah ngersakake paring nikmat marang wong iku. Drengki iku seneng menawa nikmat sirna saka  sedulure, ingmangka Allah ora ngersaake nikmat iku sirna saka sedulure. Mula, drengki iku jan jane nentang qada lan qadare Allah”. (Al fawaid.157).

Drengki punika awon sanget lan akibatipun bade damel suasana mboten temtrem ugi risakipun pasederekan wonten ing madyaning masyarakat. Pramila sumangga kita sesarengan tansah ngresiki manah kanti sinau lan nindakaken piwucal agami islam linambaran manah ingkang tulus ikhlas. Mugi- mugi Allah Ta’ala tansah njagi kita lan nebihaken kita saking sedaya akhlak ingkang awon.

Jamaah idul adha rahimakumullah

Mekaten seperangan hakikat qurban ingkang khatib aturaken wonten mimbar khutbah idul adha enjang punika. Mugi kula lan panjenegan tansah pinaringan hidayah, satemah saget nindhakaken ibadah qurban lan ngamalaken hakikat qurban ing panggesangan punika. Aamiin.

اِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِىْ يَاَ يُّهَاالَّذِيْنَ آمَنُوْاصَلُّوْاعَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ , اللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمسْلِمَاتِ وَالمؤْمِنِيْنَ وَالمؤْمِنَاتِ الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ,  اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى , رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا ,  رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ


Untuk membaca atau mencetak file khutbah Ied  singkat berbahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini :




Post a Comment

أحدث أقدم