Teks Khutbah Jumat Singkat

Amalan Sekedik Nanging Ajeg

Ustadz  Wismanto

 

Khutbah Awal

إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِينُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا وَ مِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِ اللَّهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِىَ لَهُ, وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ, اللّهُمَّ صَلِّ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ, يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

 

Jamah jumah rahimakumullah

Sumangga tansah munjuk syukur dhumateng Allah Ta’ala ingkang tansah paring rahmat taufik sarta hidayah dhumateng kula lan panjenengan. Shalawat ugi salam mugi tansah katetepaken dhumateng nabi Muhammad SAW ingkang tansah kita tengga syafaatipun wonten ing dinten kiyamah.

Jamaah jumah rahimakumullah

Wonten kesempatan khutbah siang punika khatib wasiat sumangga tansah ningkataken taqwa dhumateng Allah kanti nindakaken dhawuhipun lan nebihi awisanipun. Mugi kanti taqwa Allah tansah paring kamulyan fiddunya wal akhirah. Amiin.

Jamaah jumah rahimakumullah

Nindhakaken amal ibadah punika kedah adedasar tuntunan Nabi, mbotes leres menawi nindhakaken amalan namung adedasar keremenan piyambak- piyambak. Mila kewajiban kula lan panjenengan kedah sinau tuntunan ingkang leres ing ndalem nglampahi amal ibadah. Ngendika Allah SWT:

مَنْ عَمِلَ صَالِحًا مِّنْ ذَكَرٍ اَوْ اُنْثٰى وَهُوَ مُؤْمِنٌ فَلَنُحْيِيَنَّهُ حَيٰوةً طَيِّبَةًۚ

Sapa kang nindakake amal kabecikan, padha uga pria utawa wanita lan deweke iku iman, mula temen bakal ingsung paringi panguripan kang kepenak...” (An- Nahl: 97).

Wonten ayat punika Allah ngendika mboten kanthi bentuk dawuh (amr) utawi anjuran supados tiyang- tiyang mukmin nindakaken amal, ananging ngendika kanthi bentuk kabar informasi bilih sinten ingkang ngamal kabecikan mesthi pikantuk piwales ingkang utama. Maksudipun bilih ngamal shalih punika mujudaken perkawis ingkang mesthi saget dipun lampahi sedaya tiyang, mboten wonten tiyang ingkang mboten saget ngamal shalih. Punika maksud ingkang luar biasa saking ayat kasebat.

Jamah jumah rahimakumullah

Perlu kula lan panjenegan mangertosi bilih tanda amal shalih ingkang dipun tampi Allah punika menawi saget nuwuhaken amal saklajengipun. Artosipun; amal ingkang dipun tresnani Allah punika ingkang saget ajeg utawi kontinyu. Ngendika Rasulullah:

أَحَبُّ الأَعْمَالِ إِلَى اللهِ أَدْوَمُهَا وَإِنْ قَلَّ

“Amal kang ditresnani Allah yaiku amal kang ajeg (kontinyu) senadyan mung setitik” (HR. Bukhari lan Muslim).

Rasulullah paring teguran dhateng para shahabat ingkang nindhakaken amal ananging mboten ajeg utawi kontinyu. Wonten setunggal hadits saking Abdullah bin ‘Amr Rasulullah ngendika:

يَا عَبْدَ اللَّهِ ، لاَ تَكُنْ مِثْلَ فُلاَنٍ ، كَانَ يَقُومُ اللَّيْلَ فَتَرَكَ قِيَامَ اللَّيْلِ

“Wahai Abdullah, sira aja pisan-pisan niru sifulan, deweke pernah shalat wengi ananging saiki wus ninggalke shalat wengi”. (HR. Bukhari).

Al Hasan Al Bashri ngendika: “Wahai kaum muslimin, sira pada ajega njaga amal, lan sira pada ngamala kanthi ajeg (kontinyu), amarga syaitan iku bakal lunga saka sira nalikane sira njaga amal kanthi ajeg. Ananging menawa sira wus ninggalake amal, mula syaitan bakal bali nggoda sira maneh. (Al Mahjah fii Sayrid Duljah).

Imam AN- Nawawi ngendika: “Mangertia sira, Amal kang ajeg/ kontinyu senadyan mung setitik iku luwih ditresnani Allah tinimbang amal kang akeh (gede) ananging mung sepisan. Amal kang setitik ananging ajeg kayadene dzikir, taqarub marang Allah lan njaga niat kang ikhlas iku bisa dadi sebab tinampaning amal ing ngarsaning Allah. (Syarh An Nawawi ‘ala Muslim).

Jamaah jumah rahimakumullah

Cekak aosipun, amal ingkang ajeg punika langkung sae lan langkung dipun tresnani Allah sanadyan namung sekedik. Dzikir ingkang rutin saben enjing utawi sonten langkung sae tinimbang dzikir sewengi natas ananging  namung sepindah niku. Maos al- quran saben dinten setengah lembar, langkung sae tinimbang maos alquran setunggal juz ananging namung setahun sepisan. Salat wengi senadyan namung kalih rakat ananging ajeg tiyap dalu, langkung sae tinimbang salat wengi katah rakat ananging namung sepisan thok.

Mila sumangga sesarengan tansah njagi amal kanthi ajeg, Mugi Allah tansah paring taufik dhumateng kula lan panjenengan satemah saget nglampahi piwucal agami ingkang leres. Amiin.

أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَاسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ المُسْلِمِيْنَ إِنَّهُ هُوَ السَمِيْعُ العَلِيْمُ


Khutbah Kaping Kalih


الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ

وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ

إِنَّ اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا

اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَقَرَابَتِهِ وَأَزْوَاجِهِ وَذُرِّيَّاتِهِ أَجْمَعِيْنَ

اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ

اللَّهُمَّ أَنْتَ اللَّهُ لَا إِلَهَ إِلَّا أَنْتَ. أَنْتَ الْغَنِيُّ وَنَحْنُ الْفُقَرَاءُ

اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا

رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ

 

 

 

Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat   singkat berbahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini :


Post a Comment

Lebih baru Lebih lama