Teks Khutbah Jumat Singkat
Amalan Sekedik
Nanging Ajeg
Ustadz Wismanto
Khutbah Awal
إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ
وَنَسْتَعِينُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا وَ
مِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِ اللَّهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ
يُضْلِلْ فَلاَ هَادِىَ لَهُ, وَأَشْهَدُ
أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ
مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ, اللّهُمَّ
صَلِّ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ
إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ, يَا أَيُّهَا
الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا
وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ
Jamah jumah rahimakumullah
Sumangga tansah munjuk
syukur dhumateng Allah Ta’ala ingkang tansah paring rahmat
taufik sarta hidayah dhumateng kula lan panjenengan. Shalawat ugi salam mugi
tansah katetepaken dhumateng nabi Muhammad SAW ingkang tansah kita tengga syafaatipun wonten ing
dinten kiyamah.
Jamaah jumah rahimakumullah
Wonten kesempatan khutbah siang punika khatib wasiat
sumangga tansah ningkataken taqwa dhumateng Allah kanti
nindakaken dhawuhipun lan nebihi awisanipun. Mugi kanti taqwa Allah
tansah paring kamulyan fiddunya wal akhirah. Amiin.
Jamaah jumah rahimakumullah
Nindhakaken amal ibadah punika kedah adedasar
tuntunan Nabi, mbotes leres menawi nindhakaken amalan namung adedasar keremenan
piyambak- piyambak. Mila kewajiban kula lan panjenengan kedah sinau tuntunan
ingkang leres ing ndalem nglampahi amal ibadah. Ngendika Allah SWT:
“ Sapa
kang nindakake amal kabecikan, padha uga pria utawa wanita lan deweke iku iman,
mula temen bakal ingsung paringi panguripan kang kepenak...” (An- Nahl: 97).
Wonten ayat punika Allah ngendika mboten kanthi
bentuk dawuh (amr) utawi anjuran supados tiyang- tiyang mukmin nindakaken amal,
ananging ngendika kanthi bentuk kabar informasi bilih sinten ingkang ngamal
kabecikan mesthi pikantuk piwales ingkang utama. Maksudipun bilih ngamal shalih
punika mujudaken perkawis ingkang mesthi saget dipun lampahi sedaya tiyang,
mboten wonten tiyang ingkang mboten saget ngamal shalih. Punika maksud ingkang
luar biasa saking ayat kasebat.
Jamah jumah rahimakumullah
Perlu kula lan panjenegan mangertosi bilih tanda
amal shalih ingkang dipun tampi Allah punika menawi saget nuwuhaken amal
saklajengipun. Artosipun; amal ingkang dipun tresnani Allah punika ingkang
saget ajeg utawi kontinyu. Ngendika Rasulullah:
أَحَبُّ الأَعْمَالِ
إِلَى اللهِ أَدْوَمُهَا وَإِنْ قَلَّ
“Amal kang ditresnani
Allah yaiku amal kang ajeg (kontinyu) senadyan mung setitik” (HR. Bukhari lan Muslim).
Rasulullah paring teguran dhateng para shahabat
ingkang nindhakaken amal ananging mboten ajeg utawi kontinyu. Wonten setunggal
hadits saking Abdullah bin ‘Amr Rasulullah ngendika:
يَا عَبْدَ اللَّهِ
، لاَ تَكُنْ مِثْلَ فُلاَنٍ ، كَانَ يَقُومُ اللَّيْلَ فَتَرَكَ قِيَامَ اللَّيْلِ
“Wahai Abdullah, sira aja
pisan-pisan niru sifulan, deweke pernah shalat wengi ananging saiki wus
ninggalke shalat wengi”.
(HR. Bukhari).
Al Hasan Al Bashri ngendika: “Wahai kaum muslimin,
sira pada ajega njaga amal, lan sira pada ngamala kanthi ajeg (kontinyu),
amarga syaitan iku bakal lunga saka sira nalikane sira njaga amal kanthi ajeg.
Ananging menawa sira wus ninggalake amal, mula syaitan bakal bali nggoda sira
maneh. (Al Mahjah fii Sayrid Duljah).
Imam AN- Nawawi ngendika: “Mangertia sira, Amal
kang ajeg/ kontinyu senadyan mung setitik iku luwih ditresnani Allah tinimbang
amal kang akeh (gede) ananging mung sepisan. Amal kang setitik ananging ajeg
kayadene dzikir, taqarub marang Allah lan njaga niat kang ikhlas iku bisa dadi
sebab tinampaning amal ing ngarsaning Allah. (Syarh An Nawawi ‘ala Muslim).
Jamaah jumah rahimakumullah
Cekak aosipun, amal ingkang
ajeg punika langkung sae lan langkung dipun tresnani Allah sanadyan namung
sekedik. Dzikir ingkang rutin saben enjing utawi sonten langkung sae tinimbang
dzikir sewengi natas ananging namung
sepindah niku. Maos al- quran saben dinten setengah lembar, langkung sae
tinimbang maos alquran setunggal juz ananging namung setahun sepisan. Salat
wengi senadyan namung kalih rakat ananging ajeg tiyap dalu, langkung sae
tinimbang salat wengi katah rakat ananging namung sepisan thok.
Mila sumangga sesarengan
tansah njagi amal kanthi ajeg, Mugi Allah tansah paring taufik dhumateng kula
lan panjenengan satemah saget nglampahi piwucal agami ingkang leres. Amiin.
أَقُوْلُ
قَوْلِي هَذَا وَاسْتَغْفِرُ
اللهَ لِي وَلَكُمْ
وَلِسَائِرِ
المُسْلِمِيْنَ
إِنَّهُ هُوَ السَمِيْعُ
العَلِيْمُ
الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ
عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ
وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ
وَأَشْهَدُ
أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا
عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ
إِنَّ
اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا
صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا
اَللَّهُمَّ
صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَقَرَابَتِهِ
وَأَزْوَاجِهِ وَذُرِّيَّاتِهِ أَجْمَعِيْنَ
اَللَّهُمَّ
اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ
مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ
اللَّهُمَّ
أَنْتَ اللَّهُ لَا إِلَهَ إِلَّا أَنْتَ. أَنْتَ الْغَنِيُّ وَنَحْنُ الْفُقَرَاءُ
اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى
رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا
رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ
Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat singkat berbahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini :
إرسال تعليق