Teks Khutbah Jumat Singkat

Bahayanipun Khamr (Minuman Keras)

Ustadz  Wismanto

 

Khutbah Awal

إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِينُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا وَ مِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِ اللَّهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِىَ لَهُ, وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ, اللّهُمَّ صَلِّ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ, يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

 

Jamah jumah rahimakumullah

Sumangga tansah munjuk syukur dhumateng Allah Ta’ala ingkang tansah paring rahmat taufik sarta hidayah dhumateng kula lan panjenengan. Shalawat ugi salam mugi tansah katetepaken dhumateng nabi Muhammad SAW ingkang tansah kita tengga syafaatipun wonten ing dinten kiyamah.

Jamah jumah rahimakumullah

Wonten kesempatan khutbah siang punika khatib wasiat sumangga tansah ningkataken taqwa dhumateng Allah kanti nindakaken dhawuhipun lan nebihi awisanipun. Mugi kanti taqwa Allah tansah paring kamulyan fiddunya wal akhirah. Amiin.

Jamah jumah rahimakumullah

Islam punika agama ingkang indah lan sampurna, bukti sampurnanipun islam bilih syariat punika dipun turunaken kagem andamel keslametan lan nyegah saking kerisakan. Salah setunggal kerisakan ingkang nyata dipun cegah islam inggih punika risakipun akal amargi ngunjuk khamr (Minuman Keras). Ngendika Allah:

يَٰٓأَيُّهَا ٱلَّذِينَ ءَامَنُوٓا۟ إِنَّمَا ٱلْخَمْرُ وَٱلْمَيْسِرُ وَٱلْأَنصَابُ وَٱلْأَزْلَٰمُ رِجْسٌ مِّنْ عَمَلِ ٱلشَّيْطَٰنِ فَٱجْتَنِبُوهُ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُونَ

He para wong mukmin, sanyatane arak, judhi, ngundi Nasib nganggo panahan iku kabeh perkara kang jember kalebu panggewene syaitan, mulane padha anyingkirana supaya sira oleh kabegjan”. (Al- Maidah: 90).

Khamr punika istilah kagem nyebat sedaya unjukan ingkang andamel mabuk kalebet ugi narkoba. Ayat al- quran ceta lan tegas ngawisi khamr amargi sanget bahayanipun ing panggesangan umat manungsa. Khamr punika mboten namung ngrisak akal, ananging ngrisak jasmani, rohani ugi ngrisak tatanan sosial masyarakat. Mila ing mimbar khutbah punika badhe khatib aturaken seperangan bahaya saking ngunjuk khamr.

1.     Pecandu khamr dipun ancam mboten mlebet surga

Ngendika Rasulullah SAW:

لاَ يَدْخُلُ الجَنَّةَ مُدْمِنُ خَمْرٍ

“ Ora bakal mlebu surga pecandu khamr (minuman keras)”. (HR.Ibnu Majah;3376)

2.     Shalatipun mboten ditampi 40 dinten

Ngendika Rasulullah SAW:

الخَمْرُ أُمُّ الخَبَائِثِ، فَمَنْ شَرِبَهَا لَمْ تُقْبَلْ صَلاَتُهُ أَرْبَعِيْنَ يَوْمًا، فَإِنْ مَاتَ وَهِيَ فِي بَطْنِهِ مَاتَ مِيْتَةً جَاهِلِيَّةً

“Khamr iku induke kerusakan, sing sapa ngombe mula shalate ora ditampa 40 dina, lan menawa deweke mati ing mangka ana ing wetenge ana khmr mula matine iku mati jahiliyah”. (HR. At- Tabrani: 81).

3.     Pecandu khamr dipun ancam mlebet neraka

Ngendika Rasulullah SAW:

مَنْ شَرِبَ الْخَمْرَسَقَاهُ اللَّهُ مِنْ حَمِيْمِ جَهَنَّمَ

“Sing sapa kecanduan khamr mula bakal dileboke ing neraka”. (HR. Bazzar)

Jamah jumah rahimakumullah

Estu katah sanget bahaya khamr ingkang mboten badhe telas menawi dipun aturaken ing khutbah jumat punika. Mila kewajiban kula lan panjenengan:

1)     Mbiwaraaken dhumateng jamaah lan warga masyarakat awonipun akibat ngunjuk khamr.

2)     Nyuwun dhumateng pemerintah setempat supados ngawisi dol tinuku (jual beli) khamr ing lingkungan masyarakat punika.

Mugi kanthi punika Allah tansah njagi lan paring kesaenan dhumaten kula panjenengan lan sedaya warga Masyarakat. Amiin.

أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَاسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ المُسْلِمِيْنَ إِنَّهُ هُوَ السَمِيْعُ العَلِيْمُ

Khutbah Kaping Kalih

الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ

وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ

إِنَّ اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا

اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَقَرَابَتِهِ وَأَزْوَاجِهِ وَذُرِّيَّاتِهِ أَجْمَعِيْنَ

اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ

اللَّهُمَّ أَنْتَ اللَّهُ لَا إِلَهَ إِلَّا أَنْتَ. أَنْتَ الْغَنِيُّ وَنَحْنُ الْفُقَرَاءُ

اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا

رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ

 

 

 

Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat   singkat berbahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini :


Post a Comment

Lebih baru Lebih lama