Teks Khutbah Jumat Singkat
Bahayanipun
Khamr (Minuman Keras)
Ustadz Wismanto
Khutbah Awal
إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ
وَنَسْتَعِينُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا وَ
مِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِ اللَّهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ
يُضْلِلْ فَلاَ هَادِىَ لَهُ, وَأَشْهَدُ
أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ
مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ, اللّهُمَّ
صَلِّ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ
إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ, يَا أَيُّهَا
الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا
وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ
Jamah jumah rahimakumullah
Sumangga tansah munjuk
syukur dhumateng Allah Ta’ala ingkang tansah paring rahmat
taufik sarta hidayah dhumateng kula lan panjenengan. Shalawat ugi salam mugi
tansah katetepaken dhumateng nabi Muhammad SAW ingkang tansah kita tengga syafaatipun wonten ing
dinten kiyamah.
Jamah jumah rahimakumullah
Wonten kesempatan khutbah siang punika khatib wasiat
sumangga tansah ningkataken taqwa dhumateng Allah kanti
nindakaken dhawuhipun lan nebihi awisanipun. Mugi kanti taqwa Allah
tansah paring kamulyan fiddunya wal akhirah. Amiin.
Jamah jumah rahimakumullah
Islam punika agama ingkang indah lan sampurna,
bukti sampurnanipun islam bilih syariat punika dipun turunaken kagem andamel
keslametan lan nyegah saking kerisakan. Salah setunggal kerisakan ingkang nyata
dipun cegah islam inggih punika risakipun akal amargi ngunjuk khamr (Minuman
Keras). Ngendika Allah:
يَٰٓأَيُّهَا
ٱلَّذِينَ ءَامَنُوٓا۟ إِنَّمَا ٱلْخَمْرُ وَٱلْمَيْسِرُ وَٱلْأَنصَابُ وَٱلْأَزْلَٰمُ
رِجْسٌ مِّنْ عَمَلِ ٱلشَّيْطَٰنِ فَٱجْتَنِبُوهُ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُونَ
“He para wong mukmin,
sanyatane arak, judhi, ngundi Nasib nganggo panahan iku kabeh perkara kang
jember kalebu panggewene syaitan, mulane padha anyingkirana supaya sira oleh
kabegjan”. (Al- Maidah: 90).
Khamr punika istilah kagem nyebat sedaya unjukan
ingkang andamel mabuk kalebet ugi narkoba. Ayat al- quran ceta lan tegas
ngawisi khamr amargi sanget bahayanipun ing panggesangan umat manungsa. Khamr
punika mboten namung ngrisak akal, ananging ngrisak jasmani, rohani ugi ngrisak
tatanan sosial masyarakat. Mila ing mimbar khutbah punika badhe khatib aturaken
seperangan bahaya saking ngunjuk khamr.
1.
Pecandu khamr dipun ancam mboten mlebet surga
Ngendika Rasulullah SAW:
لاَ يَدْخُلُ الجَنَّةَ مُدْمِنُ خَمْرٍ
“ Ora bakal mlebu surga pecandu khamr (minuman
keras)”. (HR.Ibnu Majah;3376)
2.
Shalatipun mboten ditampi 40 dinten
Ngendika Rasulullah SAW:
الخَمْرُ أُمُّ الخَبَائِثِ، فَمَنْ شَرِبَهَا لَمْ تُقْبَلْ
صَلاَتُهُ أَرْبَعِيْنَ يَوْمًا، فَإِنْ مَاتَ وَهِيَ فِي بَطْنِهِ مَاتَ مِيْتَةً
جَاهِلِيَّةً
“Khamr iku induke kerusakan, sing sapa ngombe mula
shalate ora ditampa 40 dina, lan menawa deweke mati ing mangka ana ing wetenge
ana khmr mula matine iku mati jahiliyah”. (HR. At- Tabrani: 81).
3.
Pecandu khamr dipun ancam mlebet neraka
Ngendika Rasulullah SAW:
مَنْ شَرِبَ الْخَمْرَسَقَاهُ اللَّهُ مِنْ حَمِيْمِ جَهَنَّمَ
“Sing sapa kecanduan khamr mula bakal dileboke ing
neraka”. (HR. Bazzar)
Jamah jumah rahimakumullah
Estu katah sanget bahaya
khamr ingkang mboten badhe telas menawi dipun aturaken ing khutbah jumat
punika. Mila kewajiban kula lan panjenengan:
1)
Mbiwaraaken dhumateng
jamaah lan warga masyarakat awonipun akibat ngunjuk khamr.
2)
Nyuwun dhumateng pemerintah
setempat supados ngawisi dol tinuku (jual beli) khamr ing lingkungan masyarakat
punika.
Mugi kanthi punika Allah
tansah njagi lan paring kesaenan dhumaten kula panjenengan lan sedaya warga
Masyarakat. Amiin.
أَقُوْلُ
قَوْلِي هَذَا وَاسْتَغْفِرُ
اللهَ لِي وَلَكُمْ
وَلِسَائِرِ
المُسْلِمِيْنَ
إِنَّهُ هُوَ السَمِيْعُ
العَلِيْمُ
Khutbah
Kaping Kalih
الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ
عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ
وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ
وَأَشْهَدُ
أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا
عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ
إِنَّ
اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا
صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا
اَللَّهُمَّ
صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَقَرَابَتِهِ
وَأَزْوَاجِهِ وَذُرِّيَّاتِهِ أَجْمَعِيْنَ
اَللَّهُمَّ
اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ
مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ
اللَّهُمَّ
أَنْتَ اللَّهُ لَا إِلَهَ إِلَّا أَنْتَ. أَنْتَ الْغَنِيُّ وَنَحْنُ الْفُقَرَاءُ
اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى
رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا
رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ
Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat singkat berbahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini :
إرسال تعليق