Teks Khutbah Jumat Singkat

Istimewanipun Wulan Muharram

Ustadz  Wismanto

 

Khutbah Awal

إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِينُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا وَ مِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِ اللَّهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِىَ لَهُ, وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ, اللّهُمَّ صَلِّ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ, يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

 

Jamaah jumah rahimakumullah

Wonten kesempatan khutbah siang punika khatib wasiat sumangga tansah ningkataken taqwa dhumateng Allah kanti nindakaken dhawuhipun lan nebihi awisanipun. Mugi kanti taqwa panggesangan kita tansah manggih kamulyan fiddunya wal akhirah. Amiin.

Jamaah jumah rahimakumullah

Muharram punika wulan sepisanan ing kalender hijriyah utawi kalender islam. Wonten wulan punika Rasulullah SAW hijrah saking Makkah tumuju Madinah. Wulan Muharram punika Istimewa sanget menggah umat islam lan katah kautaman wonten ing saklebetipun. Ngendika Allah:

إِنَّ عِدَّةَ الشُّهُورِ عِنْدَ اللَّهِ اثْنَا عَشَرَ شَهْرًا فِي كِتَابِ اللَّهِ يَوْمَ خَلَقَ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضَ مِنْهَا أَرْبَعَةٌ حُرُمٌ ۚ ذَٰلِكَ الدِّينُ الْقَيِّمُ ۚ

Satemene wilangan sasi mungguhing Allah iku ana rolas sasi kaya kang wus kapacak ana ing kitabe Allah, wiwit tumitahing langit lan bumi, ing antarane yaiku sasi papat kang mulya (Dzulkaidah, Dzulhijjah, Muharram lan Rajab) kang mengkono iku agama kang bener… “ (QS. At Taubah;36)

Jamaah jumah rahimakumullah

Saksanesipun wulan ingkang katah kautaman, Muharram punika ugi wulan ingkang agung amargi katah kedadosan sejarah ingkang kalampah ing wulan kasebat. Mila wonten mimbar khutbah jumat siang punika khatib badhe ngaturaken seperangan saking kautaman wulan Muharram lan kedadosan Sejarah ingkang kalampah ing wulan Muharram.

1.     Wonten ibadah minulya inggih punika pasa asyura (10 muharram)

Rasulullah ngendika:

أَفْضَلُ الصِّيَامِ بَعْدَ رَمَضَانَ شَهْرُ اللَّهِ الْمُحَرَّمُ وَأَفْضَلُ الصَّلاَةِ بَعْدَ الْفَرِيضَةِ صَلاَةُ اللَّيْلِ

Pasa kang paling afdhal sakwuse pasa ramadhan yaiku pasa ing wulan muharram. Lan shalat kang paling afdhal sakwuse shalat wajib yaiku shalat wengi. (HR. Muslim no. 1163).

Imam Nawawi –rahimahullahngendika:“Hadits iku mujudake dhawuh menawa wulan muharram iku wulan kang afdhal kanggo nindakake pasa.” (Syarh Shahih Muslim, 8: 55)

Ing hadits sanes Abu Qatadah ngriwayataken bilih nabi ngendika:

قَالَ وَسُئِلَ عَنْ صَوْمِ يَوْمِ عَاشُورَاءَ فَقَالَ : يُكَفِّرُ السَّنَةَ الْمَاضِيَةَ

“Nabi shallallahu ’alaihi wa sallam ditakoni bab pasa asyura, panjenengane ngendika: pasa asyura iku nglebur dosa setahun kapungkur”. (HR. Muslim no. 1162).

2.     Kedadosan wigatos ing wulan Muharram

a)     Nabi Adam a.s lan Hawa dipun cipta denging Allah SWT wonten ing wulan Muharram. Lan wonten ing wulan Muharram ugi Allah SWT paring ampunan dhateng Adam lan Hawa saksampunipun Adam lan Hawa dipun dukani Allah SWT amargi nyelaki wit khuldi ingkang dipun awisi Allah.

b)     Allah SWT nylametaken nabi Nuh a.s lan sedaya penderekipun wonten ing wulan Muharram.

c)      Allah SWT nylametaken nabi Ibrahim a.s. nalika dipun obong namrud wonten ing wulan Muharram.

d)     Nabi Yusuf a.s. dipun bebasaken saking pakunjaran wonten ing wulan Muharram

e)     Wonten ing wulan Muharram Allah SWT paring kesehatan dhateng nabi Ayub saking penyakitipun.

f)       Wonten ing wulan Muharram Allah SWT nurunaken kitab Taurat dhateng nabi Musa a.s. Lan wonten ing wulan Muharram ugi Allah SWT nylametaken Musa lan penderekipun saking Firaun kanthi Allah SWT nglelepaken firaun wonten ing laut merah.

g)     Nabi Yunus a.s. slamet saget medal saking weteng iwak nun wonten ing wulan Muharram

h)     Nabi Muhammad SAW hijrah saking Makkah tumuju Madinah wonten ing wulan Muharram.

 

Jamaah jumah rahimakumullah

Mila sumangga kula lan panjenegan tansah mulyaaken wulan Muharram punika kanthi ngatah- ngatahi amal kesaenan. Mugi Allah tansah paring kamulyan panggesangan dhumateng kula lan panjenengan wonten ing dunya lan akhirat. Amiin.

 

أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَاسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ المُسْلِمِيْنَ إِنَّهُ هُوَ السَمِيْعُ العَلِيْمُ

 

Khutbah Kaping Kalih

الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ

وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ

اِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِىْ يَاَ يُّهَاالَّذِيْنَ آمَنُوْاصَلُّوْاعَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا

اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَقَرَابَتِهِ وَأَزْوَاجِهِ وَذُرِّيَّاتِهِ أَجْمَعِيْنَ

اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ

اللَّهُمَّ أَنْتَ اللَّهُ لَا إِلَهَ إِلَّا أَنْتَ. أَنْتَ الْغَنِيُّ وَنَحْنُ الْفُقَرَاءُ

اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى

 

Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat   singkat berbahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini :


Post a Comment

Lebih baru Lebih lama