Teks Khutbah Jumat Singkat
Istimewanipun
Wulan Muharram
Ustadz Wismanto
Khutbah Awal
إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ
وَنَسْتَعِينُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا وَ
مِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِ اللَّهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ
يُضْلِلْ فَلاَ هَادِىَ لَهُ, وَأَشْهَدُ
أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ
مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ, اللّهُمَّ
صَلِّ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ
إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ, يَا أَيُّهَا
الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا
وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ
Jamaah jumah rahimakumullah
Wonten kesempatan khutbah siang punika khatib wasiat sumangga tansah
ningkataken taqwa dhumateng Allah kanti nindakaken dhawuhipun lan nebihi awisanipun. Mugi kanti taqwa
panggesangan kita tansah manggih kamulyan fiddunya wal
akhirah. Amiin.
Jamaah jumah rahimakumullah
Muharram punika wulan
sepisanan ing kalender hijriyah utawi kalender islam. Wonten wulan punika
Rasulullah SAW hijrah saking Makkah tumuju Madinah. Wulan Muharram punika
Istimewa sanget menggah umat islam lan katah kautaman wonten ing saklebetipun.
Ngendika Allah:
إِنَّ
عِدَّةَ الشُّهُورِ عِنْدَ اللَّهِ اثْنَا عَشَرَ شَهْرًا فِي كِتَابِ اللَّهِ
يَوْمَ خَلَقَ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضَ مِنْهَا أَرْبَعَةٌ حُرُمٌ ۚ ذَٰلِكَ
الدِّينُ الْقَيِّمُ ۚ
“Satemene wilangan sasi mungguhing
Allah iku ana rolas sasi kaya kang wus kapacak ana ing kitabe Allah, wiwit
tumitahing langit lan bumi, ing antarane yaiku sasi papat kang mulya
(Dzulkaidah, Dzulhijjah, Muharram lan Rajab) kang mengkono iku agama kang
bener… “ (QS. At Taubah;36)
Jamaah jumah rahimakumullah
Saksanesipun wulan ingkang katah kautaman, Muharram punika ugi wulan
ingkang agung amargi katah kedadosan sejarah ingkang kalampah ing wulan
kasebat. Mila wonten mimbar khutbah jumat siang punika khatib badhe ngaturaken
seperangan saking kautaman wulan Muharram lan kedadosan Sejarah ingkang
kalampah ing wulan Muharram.
1. Wonten ibadah minulya inggih
punika pasa asyura (10 muharram)
Rasulullah ngendika:
أَفْضَلُ
الصِّيَامِ بَعْدَ رَمَضَانَ شَهْرُ اللَّهِ الْمُحَرَّمُ وَأَفْضَلُ الصَّلاَةِ
بَعْدَ الْفَرِيضَةِ صَلاَةُ اللَّيْلِ
“Pasa kang paling afdhal sakwuse pasa ramadhan yaiku
pasa ing wulan muharram. Lan shalat kang paling afdhal sakwuse shalat wajib
yaiku shalat wengi. (HR. Muslim no. 1163).
Imam Nawawi –rahimahullah– ngendika:“Hadits
iku mujudake dhawuh
menawa wulan muharram iku wulan kang afdhal kanggo nindakake pasa.” (Syarh Shahih Muslim, 8: 55)
Ing hadits sanes Abu
Qatadah ngriwayataken bilih nabi ngendika:
قَالَ وَسُئِلَ عَنْ صَوْمِ يَوْمِ عَاشُورَاءَ
فَقَالَ : يُكَفِّرُ السَّنَةَ الْمَاضِيَةَ
“Nabi shallallahu ’alaihi wa sallam ditakoni
bab pasa asyura, panjenengane ngendika: pasa asyura iku nglebur dosa setahun
kapungkur”. (HR. Muslim no. 1162).
2.
Kedadosan wigatos ing wulan Muharram
a) Nabi Adam a.s lan Hawa dipun cipta denging
Allah SWT wonten ing wulan Muharram. Lan wonten ing wulan Muharram ugi Allah
SWT paring ampunan dhateng Adam lan Hawa saksampunipun Adam lan Hawa dipun
dukani Allah SWT amargi nyelaki wit khuldi ingkang dipun awisi Allah.
b) Allah SWT nylametaken nabi Nuh a.s lan sedaya
penderekipun wonten ing wulan Muharram.
c) Allah SWT nylametaken nabi Ibrahim a.s.
nalika dipun obong namrud wonten ing wulan Muharram.
d) Nabi Yusuf a.s. dipun bebasaken saking
pakunjaran wonten ing wulan Muharram
e) Wonten ing wulan Muharram Allah SWT paring
kesehatan dhateng nabi Ayub saking penyakitipun.
f) Wonten ing wulan Muharram Allah SWT nurunaken
kitab Taurat dhateng nabi Musa a.s. Lan wonten ing wulan Muharram ugi Allah SWT
nylametaken Musa lan penderekipun saking Firaun kanthi Allah SWT nglelepaken
firaun wonten ing laut merah.
g) Nabi Yunus a.s. slamet saget medal saking
weteng iwak nun wonten ing wulan Muharram
h) Nabi Muhammad SAW hijrah saking Makkah tumuju
Madinah wonten ing wulan Muharram.
Jamaah jumah rahimakumullah
Mila
sumangga kula lan panjenegan tansah mulyaaken wulan Muharram punika kanthi
ngatah- ngatahi amal kesaenan. Mugi Allah tansah paring kamulyan panggesangan
dhumateng kula lan panjenengan wonten ing dunya lan akhirat. Amiin.
أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَاسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ المُسْلِمِيْنَ إِنَّهُ هُوَ السَمِيْعُ العَلِيْمُ
Khutbah Kaping Kalih
الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ
وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ
شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ
اِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِىْ يَاَ يُّهَاالَّذِيْنَ آمَنُوْاصَلُّوْاعَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا
اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى
مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَقَرَابَتِهِ وَأَزْوَاجِهِ
وَذُرِّيَّاتِهِ أَجْمَعِيْنَ
اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ
وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ
وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَا قَاضِيَ
الْحَاجَاتِ
اللَّهُمَّ أَنْتَ اللَّهُ لَا إِلَهَ إِلَّا أَنْتَ.
أَنْتَ الْغَنِيُّ وَنَحْنُ الْفُقَرَاءُ
اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى
Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat singkat berbahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini :
إرسال تعليق