Teks Khutbah Jumat Singkat

Judi Online lan Offline

Ustadz  Wismanto

 

Khutbah Awal

إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِينُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا وَ مِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِ اللَّهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِىَ لَهُ, وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ, اللّهُمَّ صَلِّ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ, يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

Jamaah jumah rahimakumullah

Sumangga tansah munjuk syukur dhumateng Allah Ta’ala ingkang tansah paring rahmat taufik sarta hidayah dhumateng kula lan panjenengan. Shalawat ugi salam mugi tansah katetepaken dhumateng nabi Muhammad SAW ingkang tansah kita tengga syafaatipun wonten ing dinten kiyamah.

Jamaah jumah rahimakumullah

Wonten kesempatan khutbah siang punika khatib wasiat sumangga tansah ningkataken taqwa dhumateng Allah kanthi nindakaken dhawuhipun lan nebihi awisanipun. Mugi kanti taqwa Allah SWT tansah paring kamulyan fiddunya wal akhirah. Amiin.

Jamaah jumah rahimakumullah

Judi mujudaken pedamelan ingkang tasih dipun remeni seperangan sanak sederek ing tengah masyarakat. Caos pepemut lan awisan dhumateng tiyang ingkang remen judi supados kendel punika mujudaken perkawis ingkang awrat. Punapa malih menawi tiyang punika nembe mempeng lan nedheng- nedhengipun judi, mustahil kersa dipun ajak kendel. Biasanipun penjudi punika kersa kendel menawi sampun telas bandhanipun. Mila mujudaken perkawis ingkang lumrah menawi wonten kabar tiyang pegatan amargi judi, utawi ngendat (bunuh diri) ugi amargi judi. Amargi akhir kisah saking penjudi punika mesthi awon lan sedih, mboten wonten penjudi kok akhiripun bahagia utawi happy ending.

 

Jamaah jumah rahimakumullah

Sejatosipun sedaya tiyang sampun paham lan mangertos hukum judi miterat agami lan undang- undang negari. Jaman sakpunika mboten wonten tiyang ingkang awam babagan hukum judi. Sanadyan mekaten wonten mimbar khutbah jumat siang punika khatib badhe matur babagan awonipun judi pinangka pangertosan supados kula lan panjenengan tansaya yakin menggah bebayanipun judi punika. Ngendika Allah:

يَٰٓأَيُّهَا ٱلَّذِينَ ءَامَنُوٓا۟ إِنَّمَا ٱلْخَمْرُ وَٱلْمَيْسِرُ وَٱلْأَنصَابُ وَٱلْأَزْلَٰمُ رِجْسٌ مِّنْ عَمَلِ ٱلشَّيْطَٰنِ فَٱجْتَنِبُوهُ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُونَ

إِنَّمَا يُرِيدُ ٱلشَّيْطَٰنُ أَن يُوقِعَ بَيْنَكُمُ ٱلْعَدَٰوَةَ وَٱلْبَغْضَآءَ فِى ٱلْخَمْرِ وَٱلْمَيْسِرِ وَيَصُدَّكُمْ عَن ذِكْرِ ٱللَّهِ وَعَنِ ٱلصَّلَوٰةِ ۖ فَهَلْ أَنتُم مُّنتَهُونَ

He para wong mukmin, sanyatane arak, judhi, ngundi Nasib nganggo panahan iku kabeh perkara kang jember kalebu panggewene syaitan, mulane padha anyingkirana supaya sira oleh kabegjan. Sanyata kareping syaitan ana ing bab arak, judhi mau arep anggawe rasa memungsuhan lan kasengitan ing antarane sira kabeh lan arep ngalang- alangi sira kabeh saka eling marang Allah lan marang shalat. Mula sira kabeh kudune padha leren.” (Al- Maidah; 90,91).

Abdurrahman bin Nashir As- Sa’di ing tafsiripun ngendika: “Allah ngawisi sakabehing tumindhak kang jember kayadene khamer lan judi amarga tumidhak iku kalebu tumindhake syaitan. Kabegjan ora bisa digayuh kejaba kanthi ninggalake apa wae kang Allah awisi ing antarane yaiku khamer lan judi, mula kudune padha nyingkiri tumindhak iku.”

Ibnu Taimiyah wonten ing kitab Al Mawsu’ah Al Fiqhiyyah ngendika bilih judi punika haram kadosdene riba, lan dahar banda kasil saking judi punika haram lan ngrugekaken tiyang sanes.

Jamaah jumah rahimakumullah

Saking ayat 90 lan 91 surah Al- Maidah wonten ing nginggil sampun katah sanget piwucal ingkang saget kula lan panjenengan pendet menggah awonipun judi:

1.      Sepisan; judi punika dipun gandeng kaliyan khamer, qurban dhateng berhala lan ngundi Nasib, punika maksudipun sami sami awon lan bebayani tumrap nasib manungsa ing donya lan akhirat.

2.      Kaping kalih; judi punika dipun sebat rijsun maksudipun najis. Tiyang ingkang normal kedahipun jijik menawi nglampahi perkawis ingkang Najis.

3.      Kaping tiga; judi punika pedamelanipun syetan.

4.      Kaping sekawan; Allah badhe paring kabegjan dhateng tiyang ingkang nilaraken judi.

5.      Kaping gangsal; judi punika saget nuwuhaken raos sesengitan lan memengsahan ing tengahipun Masyarakat.

6.      Kaping enem; judi punika saget andadosaken lali dhumateng Allah lan lali dhateng salat.

7.      Kaping pitu; Allah kanthi ceta dhawuh supados manungsa kendel, nilaraken lan nebihi judi.

Jamaah jumah rahimakumullah

Sekedik ingkang khatib aturaken punika mugi- mugi saget dados wawasan satemah kula panjenengan lan sedaya masyarakat kersa nebihi judi. Amiin

أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَاسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ المُسْلِمِيْنَ إِنَّهُ هُوَ السَمِيْعُ العَلِيْمُ

Khutbah Kaping Kalih

الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ

وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ

إِنَّ اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا

اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَقَرَابَتِهِ وَأَزْوَاجِهِ وَذُرِّيَّاتِهِ أَجْمَعِيْنَ

اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ

اللَّهُمَّ أَنْتَ اللَّهُ لَا إِلَهَ إِلَّا أَنْتَ. أَنْتَ الْغَنِيُّ وَنَحْنُ الْفُقَرَاءُ

اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى

 

 

Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat   singkat berbahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini :



Post a Comment

Lebih baru Lebih lama