Teks Khutbah Jumat Singkat
Judi Online
lan Offline
Ustadz Wismanto
Khutbah Awal
إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ
وَنَسْتَعِينُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا وَ
مِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِ اللَّهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ
يُضْلِلْ فَلاَ هَادِىَ لَهُ, وَأَشْهَدُ
أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ
مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ, اللّهُمَّ
صَلِّ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ
إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ, يَا أَيُّهَا
الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا
وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ
Jamaah jumah rahimakumullah
Sumangga tansah munjuk
syukur dhumateng Allah Ta’ala ingkang tansah paring rahmat taufik sarta hidayah
dhumateng kula lan panjenengan. Shalawat ugi salam mugi tansah katetepaken
dhumateng nabi Muhammad SAW ingkang tansah kita tengga syafaatipun wonten ing
dinten kiyamah.
Jamaah jumah rahimakumullah
Wonten kesempatan khutbah siang punika khatib wasiat sumangga tansah
ningkataken taqwa dhumateng Allah kanthi nindakaken dhawuhipun lan nebihi awisanipun. Mugi kanti taqwa Allah
SWT tansah paring kamulyan fiddunya wal akhirah. Amiin.
Jamaah
jumah rahimakumullah
Judi mujudaken pedamelan
ingkang tasih dipun remeni seperangan sanak sederek ing tengah masyarakat.
Caos pepemut lan awisan dhumateng tiyang ingkang remen judi supados kendel
punika mujudaken perkawis ingkang awrat. Punapa malih menawi tiyang punika
nembe mempeng lan nedheng- nedhengipun judi, mustahil kersa dipun ajak kendel. Biasanipun
penjudi punika kersa kendel menawi sampun telas bandhanipun. Mila mujudaken
perkawis ingkang lumrah menawi wonten kabar tiyang pegatan amargi judi, utawi ngendat
(bunuh diri) ugi amargi judi. Amargi akhir kisah saking penjudi punika mesthi
awon lan sedih, mboten wonten penjudi kok akhiripun bahagia utawi happy ending.
Jamaah jumah rahimakumullah
Sejatosipun sedaya tiyang sampun paham lan mangertos hukum judi miterat
agami lan undang- undang negari. Jaman sakpunika mboten wonten tiyang ingkang
awam babagan hukum judi. Sanadyan mekaten wonten mimbar khutbah jumat siang
punika khatib badhe matur babagan awonipun judi pinangka pangertosan supados
kula lan panjenengan tansaya yakin menggah bebayanipun judi punika. Ngendika
Allah:
يَٰٓأَيُّهَا
ٱلَّذِينَ ءَامَنُوٓا۟ إِنَّمَا ٱلْخَمْرُ وَٱلْمَيْسِرُ وَٱلْأَنصَابُ
وَٱلْأَزْلَٰمُ رِجْسٌ مِّنْ عَمَلِ ٱلشَّيْطَٰنِ فَٱجْتَنِبُوهُ لَعَلَّكُمْ
تُفْلِحُونَ
إِنَّمَا
يُرِيدُ ٱلشَّيْطَٰنُ أَن يُوقِعَ بَيْنَكُمُ ٱلْعَدَٰوَةَ وَٱلْبَغْضَآءَ فِى
ٱلْخَمْرِ وَٱلْمَيْسِرِ وَيَصُدَّكُمْ عَن ذِكْرِ ٱللَّهِ وَعَنِ ٱلصَّلَوٰةِ ۖ
فَهَلْ أَنتُم مُّنتَهُونَ
“He
para wong mukmin, sanyatane arak, judhi, ngundi Nasib nganggo panahan iku kabeh
perkara kang jember kalebu panggewene syaitan, mulane padha anyingkirana supaya
sira oleh kabegjan. Sanyata kareping syaitan ana ing bab arak, judhi mau arep
anggawe rasa memungsuhan lan kasengitan ing antarane sira kabeh lan arep
ngalang- alangi sira kabeh saka eling marang Allah lan marang shalat. Mula sira
kabeh kudune padha leren.” (Al- Maidah; 90,91).
Abdurrahman
bin Nashir As- Sa’di ing tafsiripun ngendika: “Allah ngawisi sakabehing tumindhak
kang jember kayadene khamer lan judi amarga tumidhak iku kalebu tumindhake
syaitan. Kabegjan ora bisa digayuh kejaba kanthi ninggalake apa wae kang Allah
awisi ing antarane yaiku khamer lan judi, mula kudune padha nyingkiri tumindhak
iku.”
Ibnu
Taimiyah wonten ing kitab Al Mawsu’ah Al Fiqhiyyah ngendika bilih judi
punika haram kadosdene riba, lan dahar banda kasil saking judi punika haram lan
ngrugekaken tiyang sanes.
Jamaah jumah rahimakumullah
Saking ayat 90 lan 91 surah Al- Maidah wonten ing
nginggil sampun katah sanget piwucal ingkang saget kula lan panjenengan pendet
menggah awonipun judi:
1. Sepisan;
judi punika dipun gandeng kaliyan khamer, qurban dhateng berhala lan ngundi
Nasib, punika maksudipun sami sami awon lan bebayani tumrap nasib manungsa ing
donya lan akhirat.
2. Kaping kalih;
judi punika dipun sebat rijsun maksudipun najis. Tiyang ingkang normal
kedahipun jijik menawi nglampahi perkawis ingkang Najis.
3. Kaping tiga;
judi punika pedamelanipun syetan.
4. Kaping sekawan;
Allah badhe paring kabegjan dhateng tiyang ingkang nilaraken judi.
5. Kaping gangsal;
judi punika saget nuwuhaken raos sesengitan lan memengsahan ing tengahipun
Masyarakat.
6. Kaping enem;
judi punika saget andadosaken lali dhumateng Allah lan lali dhateng salat.
7. Kaping pitu;
Allah kanthi ceta dhawuh supados manungsa kendel, nilaraken lan nebihi judi.
Jamaah jumah rahimakumullah
Sekedik ingkang khatib aturaken punika mugi- mugi
saget dados wawasan satemah kula panjenengan lan sedaya masyarakat kersa nebihi
judi. Amiin
أَقُوْلُ
قَوْلِي
هَذَا
وَاسْتَغْفِرُ
اللهَ
لِي
وَلَكُمْ
وَلِسَائِرِ
المُسْلِمِيْنَ
إِنَّهُ
هُوَ
السَمِيْعُ
العَلِيْمُ
Khutbah Kaping Kalih
الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ
وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ
إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا
عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ
إِنَّ اللهَ
وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا
صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا
اَللَّهُمَّ صَلِّ
وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَقَرَابَتِهِ
وَأَزْوَاجِهِ وَذُرِّيَّاتِهِ أَجْمَعِيْنَ
اَللَّهُمَّ اغْفِرْ
لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ
اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ
وَيَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ
اللَّهُمَّ أَنْتَ اللَّهُ
لَا إِلَهَ إِلَّا أَنْتَ. أَنْتَ الْغَنِيُّ وَنَحْنُ الْفُقَرَاءُ
اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى
Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat singkat berbahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini :
إرسال تعليق