Teks Khutbah Jumat Singkat

Awisan Tumindhak Dzalim

Ustadz  Wismanto

 

Khutbah Awal

إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِينُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا وَ مِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِ اللَّهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِىَ لَهُ, وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ, اللّهُمَّ صَلِّ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ, يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

Jamah jumah rahimakumullah

Sumangga tansah munjuk syukur dhumateng Allah Ta’ala ingkang tansah paring rahmat taufik sarta hidayah dhumateng kula lan panjenengan. Shalawat ugi salam mugi tansah katetepaken dhumateng nabi Muhammad SAW ingkang tansah kita tengga syafaatipun wonten ing dinten kiyamah.

Jamah jumah rahimakumullah

Wonten kesempatan khutbah siang punika khatib wasiat sumangga tansah ningkataken taqwa dhumateng Allah kanti nindakaken dhawuhipun lan nebihi awisanipun. Mugi kanti taqwa Allah tansah paring kamulyan fiddunya wal akhirah. Amiin.

Jamah jumah rahimakumullah

Salah setunggal perkawis ingkang dipun awisi ing islam inggih punika tumindhak dzalim. Miterat pangertosan bahasa, dzalim punika tegesipun: nindhakaken perkawis ingkang boten sakmestinipun. Ngendika Allah”

وَمَا اللَّهُ يُرِيدُ ظُلْمًا لِلْعِبَادِ

“Lan Panjenegane Allah iku ora kagungan karsa tumindhak dzalim marang para kawulane”. (QS.Ghafir:31)

Ayat punika dipun kiyataken setunggal hadits qudsi: Ngendika Rasulullah: Ngendika Allah Ta’ala:

يَا عِبَادِيْ!  إِنِّـيْ حَرَّمْتُ الظُّلْمَ عَلَـى نَفْسِيْ ، وَجَعَلْتُهُ بَيْنَـكُمْ مُحَرَّمًا

“He para kawulaku, satemene ingsung wus haramake tumindhak dzalim ing atase ingsun, lan ingsun ndadekake tumindhak dzalim iku perkara kang haram ing antarane sira kabeh…” (HR. Muslim)

1.     Syirik Tumindhak Dzalim ingkang Paling Ageng.

Jamah jumah rahimakumullah

Setunggal tumindhak dzalim ingkang paling ageng lan pelakunipun dipun ancam neraka menawi boten mertobat inggih punika syirik. Ngendika Allah:

إِنَّ الشِّرْكَ لَظُلْمٌ عَظِيمٌ

“Satemene syirik iku tumindhak dzalim kang paling gede” (QS.Luqman:13).

Ngendika Allah Ta’ala ing ayat sanes:

اِنَّ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا مِنْ اَهْلِ الْكِتٰبِ وَالْمُشْرِكِيْنَ فِيْ نَارِ جَهَنَّمَ خٰلِدِيْنَ فِيْهَاۗ

“Satemene wong- wong kafir saka ahli kitab lan wong- wong musyrik iku bakal mlebu neraka jahanam, deweke pada manggon langgeng ana ing neraka…” (Al- Bayinah:6).

2.     Tumindhak dzalim marang wong liya kalebu dosa

Jamah jumah rahimakumullah

Saksanesipun syirik Allah ugi ngawisi sedaya tumindhak dzalim dhateng sesami manungsa. Kadosdene:

Tumindhak dzalim ing perkawis banda misalipun: nyolong, ngrampok, korupsi lan sanesipun.

Tumindhak dzalim ing perkawis fisik badan misalipun: ngantem, nggebug, lan nglarani fisik sanesipun.

Tumindhak dzalim ing perkawis martabat misalipun: ngolok- olok, ngina, nuduh, fitnah lan sanesipun.

Sedaya tumindhak dzalim ing bab punapa kemawon dipun awisi ing islam amargi akibatipun awon sanget. Ngendika Rasulullah:

إِنَّ الْمُفْلِسَ مِنْ أُمَّتِي مَنْ يَأْتِي يَوْمَ الْقِيَامَةِ بِصِيَامٍ وَصَلَاةٍ وَزَكَاةٍ، وَيَأْتِي قَدْ شَتَمَ عِرْضَ هَذَا، وَقَذَفَ هَذَا، وَأَكَلَ مَالَ هَذَا، فَيُقْعَدُ، فَيَقُصُّ هَذَا مِنْ حَسَنَاتِهِ، وَهَذَا مِنْ حَسَنَاتِهِ، فَإِنْ فَنِيَتْ حَسَنَاتُهُ قَبْلَ أَنْ يَقْضِيَ مَا عَلَيْهِ مِنَ الْخَطَايَا، أُخِذَ مِنْ خَطَايَاهُمْ فَطُرِحَتْ عَلَيْهِ، ثُمَّ طُرِحَ فِي النَّارِ

“Satemene wong kang bangkrut saka umatku yaiku wong kang ing dina kiyamat sowan Allah kanthi gawa ganjaran pasa, salat lan zakat. Ananging uga gawa dosa tumindhak dzalim marang wong liya: ngrusak harga dirine wong liya, nuduh wong liya, mangan bandhane wong liya. Mula dijupuk ganjaran kabecikane kanggo nutupi tumindhak dzalime marang wong liya. Menawa wus entek kabecikane ing mangka tumindhak dzalime isih akeh, mula dosa- dosane wong kang didzalimi iku diwenehke marang deweke banjur deweke dileboke ana ing neraka”. (HR. At-Tirmidzi).

Jamah jumah rahimakumullah

Kanthi punika sumangga kula lan panjenegan tansah nebihi tumindhak dzalim punika. Mugi Allah tansah paring pitedhah taufik sarta hidayah dhumateng kula lan panjenegan. Amiin.

أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَاسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ المُسْلِمِيْنَ إِنَّهُ هُوَ السَمِيْعُ العَلِيْمُ

Khutbah Kaping Kalih

الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ

وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

إِنَّ اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا

اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَقَرَابَتِهِ وَأَزْوَاجِهِ وَذُرِّيَّاتِهِ أَجْمَعِيْنَ

اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ

اللَّهُمَّ أَنْتَ اللَّهُ لَا إِلَهَ إِلَّا أَنْتَ. أَنْتَ الْغَنِيُّ وَنَحْنُ الْفُقَرَاءُ

اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا

رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ

 

 

Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat   singkat berbahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini :


Post a Comment

Lebih baru Lebih lama