Teks Khutbah Jumat Singkat
Awisan
Tumindhak Dzalim
Ustadz Wismanto
Khutbah Awal
إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ
وَنَسْتَعِينُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا وَ
مِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِ اللَّهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ
يُضْلِلْ فَلاَ هَادِىَ لَهُ, وَأَشْهَدُ
أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ
مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ, اللّهُمَّ
صَلِّ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ
إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ, يَا أَيُّهَا
الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ
مُسْلِمُونَ
Jamah jumah rahimakumullah
Sumangga tansah munjuk
syukur dhumateng Allah Ta’ala ingkang tansah paring rahmat
taufik sarta hidayah dhumateng kula lan panjenengan. Shalawat ugi salam mugi
tansah katetepaken dhumateng nabi Muhammad SAW ingkang tansah kita tengga syafaatipun wonten ing
dinten kiyamah.
Jamah jumah rahimakumullah
Wonten kesempatan khutbah siang punika khatib wasiat
sumangga tansah ningkataken taqwa dhumateng Allah kanti
nindakaken dhawuhipun lan nebihi awisanipun. Mugi kanti taqwa Allah
tansah paring kamulyan fiddunya wal akhirah. Amiin.
Jamah jumah rahimakumullah
Salah setunggal perkawis ingkang dipun awisi ing
islam inggih punika tumindhak dzalim. Miterat pangertosan bahasa, dzalim punika
tegesipun: nindhakaken perkawis ingkang boten sakmestinipun. Ngendika Allah”
وَمَا اللَّهُ يُرِيدُ ظُلْمًا لِلْعِبَادِ
“Lan
Panjenegane Allah iku ora kagungan karsa tumindhak dzalim marang para
kawulane”. (QS.Ghafir:31)
Ayat
punika dipun kiyataken setunggal hadits qudsi: Ngendika Rasulullah: Ngendika
Allah Ta’ala:
يَا عِبَادِيْ! إِنِّـيْ حَرَّمْتُ
الظُّلْمَ عَلَـى نَفْسِيْ ، وَجَعَلْتُهُ بَيْنَـكُمْ مُحَرَّمًا
“He
para kawulaku, satemene ingsung wus haramake tumindhak dzalim ing atase ingsun,
lan ingsun ndadekake tumindhak dzalim iku perkara kang haram ing antarane sira
kabeh…” (HR. Muslim)
1.
Syirik Tumindhak Dzalim
ingkang Paling Ageng.
Jamah jumah rahimakumullah
Setunggal
tumindhak dzalim ingkang paling ageng lan pelakunipun dipun ancam neraka menawi
boten mertobat inggih punika syirik. Ngendika Allah:
إِنَّ الشِّرْكَ لَظُلْمٌ عَظِيمٌ
“Satemene
syirik iku tumindhak dzalim kang paling gede” (QS.Luqman:13).
Ngendika
Allah Ta’ala ing ayat sanes:
اِنَّ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا مِنْ اَهْلِ الْكِتٰبِ وَالْمُشْرِكِيْنَ فِيْ
نَارِ جَهَنَّمَ خٰلِدِيْنَ فِيْهَاۗ
“Satemene
wong- wong kafir saka ahli kitab lan wong- wong musyrik iku bakal mlebu neraka
jahanam, deweke pada manggon langgeng ana ing neraka…” (Al- Bayinah:6).
2.
Tumindhak dzalim marang
wong liya kalebu dosa
Jamah jumah rahimakumullah
Saksanesipun syirik Allah
ugi ngawisi sedaya tumindhak dzalim dhateng sesami manungsa. Kadosdene:
Tumindhak
dzalim ing perkawis banda misalipun: nyolong, ngrampok, korupsi lan
sanesipun.
Tumindhak
dzalim ing perkawis fisik badan misalipun: ngantem,
nggebug, lan nglarani fisik sanesipun.
Tumindhak
dzalim ing perkawis martabat misalipun: ngolok- olok, ngina, nuduh,
fitnah lan sanesipun.
Sedaya tumindhak dzalim ing
bab punapa kemawon dipun awisi ing islam amargi akibatipun awon sanget.
Ngendika Rasulullah:
إِنَّ الْمُفْلِسَ مِنْ أُمَّتِي
مَنْ يَأْتِي يَوْمَ الْقِيَامَةِ بِصِيَامٍ وَصَلَاةٍ وَزَكَاةٍ، وَيَأْتِي قَدْ شَتَمَ
عِرْضَ هَذَا، وَقَذَفَ هَذَا، وَأَكَلَ مَالَ هَذَا، فَيُقْعَدُ، فَيَقُصُّ هَذَا
مِنْ حَسَنَاتِهِ، وَهَذَا مِنْ حَسَنَاتِهِ، فَإِنْ فَنِيَتْ حَسَنَاتُهُ قَبْلَ أَنْ
يَقْضِيَ مَا عَلَيْهِ مِنَ الْخَطَايَا، أُخِذَ مِنْ خَطَايَاهُمْ فَطُرِحَتْ عَلَيْهِ،
ثُمَّ طُرِحَ فِي النَّارِ
“Satemene wong kang
bangkrut saka umatku yaiku wong kang ing dina kiyamat sowan Allah kanthi gawa
ganjaran pasa, salat lan zakat. Ananging uga gawa dosa tumindhak dzalim marang
wong liya: ngrusak harga dirine wong liya, nuduh wong liya, mangan bandhane
wong liya. Mula dijupuk ganjaran kabecikane kanggo nutupi tumindhak dzalime
marang wong liya. Menawa wus entek kabecikane ing mangka tumindhak dzalime isih
akeh, mula dosa- dosane wong kang didzalimi iku diwenehke marang deweke banjur
deweke dileboke ana ing neraka”. (HR. At-Tirmidzi).
Jamah jumah rahimakumullah
Kanthi punika sumangga kula
lan panjenegan tansah nebihi tumindhak dzalim punika. Mugi Allah tansah paring
pitedhah taufik sarta hidayah dhumateng kula lan panjenegan. Amiin.
أَقُوْلُ
قَوْلِي هَذَا وَاسْتَغْفِرُ
اللهَ لِي وَلَكُمْ
وَلِسَائِرِ
المُسْلِمِيْنَ
إِنَّهُ هُوَ السَمِيْعُ
العَلِيْمُ
Khutbah
Kaping Kalih
الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ
عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ
وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ
وَأَشْهَدُ
أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا
عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ
آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ
مُسْلِمُونَ
إِنَّ
اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا
صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا
اَللَّهُمَّ
صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَقَرَابَتِهِ
وَأَزْوَاجِهِ وَذُرِّيَّاتِهِ أَجْمَعِيْنَ
اَللَّهُمَّ
اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ
مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ
اللَّهُمَّ
أَنْتَ اللَّهُ لَا إِلَهَ إِلَّا أَنْتَ. أَنْتَ الْغَنِيُّ وَنَحْنُ الْفُقَرَاءُ
اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى
رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا
رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ
Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat singkat berbahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini :
إرسال تعليق