Teks Khutbah Jumat Singkat

Dawuh Ngagem Jilbab

Ustadz  Wismanto

 

Khutbah Awal

إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِينُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا وَ مِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِ اللَّهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِىَ لَهُ, وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ, اللّهُمَّ صَلِّ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ, يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

Jamah jumah rahimakumullah

Sumangga tansah munjuk syukur dhumateng Allah Ta’ala ingkang tansah paring rahmat taufik sarta hidayah dhumateng kula lan panjenengan. Shalawat ugi salam mugi tansah katetepaken dhumateng nabi Muhammad SAW ingkang tansah kita tengga syafaatipun wonten ing dinten kiyamah.

Jamah jumah rahimakumullah

Wonten kesempatan khutbah siang punika khatib wasiat sumangga tansah ningkataken taqwa dhumateng Allah kanti nindakaken dhawuhipun lan nebihi awisanipun. Mugi kanti taqwa Allah tansah paring kamulyan fiddunya wal akhirah. Amiin.

Jamah jumah rahimakumullah

Sandangan/ rasukan ingkang Allah paringaken dhumateng kula lan panjenengan Anak turunipun Adam  punika mujudaken kanikmatan ingkang agung. Rumiyin sedaya anak turunipun Adam lahir ing kahanan telanjang banjur Allah maringi sandangan/ rasukan pinangka bukti welas asihipun dhumateng umat manungsa. Ngendika Allah:

يَا بَنِي آدَمَ قَدْ أَنْزَلْنَا عَلَيْكُمْ لِبَاسًا يُوَارِي سَوْآتِكُمْ وَرِيشًا

“He anak turune Adam, satemene Ingsun wus nurunake marang sira kabeh sandangan kanggo nutupi wadinira kabeh lan pinangka pepaes (perhiasan)...” (Al- A’raf: 26).

Saking ayat punika kula lan panjenengan kedahipun syukur dhumateng Allah amargi kaparingan nikmat agung inggih punika rasukan. Bukti syukur amargi pinaringan nikmat punika temtunipun ngginaaken rasukan ingkang Allah paringaken kanthi sakmestinipun. Allah kagungan karsa kanthi paring rasukan punika supados manungsa benten kaliyan makhluk sanes kadosdene kewan lan makhluk sanesipun. Mekaten ugi kanthi ngagem rasukan manunsa saget aman saking penyakit lan pantes sinawang ugi endah edipeni menawi dipun pirsani manungsa sanes.

Jamah jumah rahimakumullah

Salah setunggal dhawuh ingkang wigatos ing perkawis ngagem rasukan/ sandangan punika temtunipun bab wajibipun ngagem jilbab kagem Muslimah ingkang sampun baligh. Islam ndadosaken jilbab punika rasukan lan kehormatanipun kaum Muslimah. Ngendika Allah:

يٰٓاَيُّهَا النَّبِيُّ قُلْ لِّاَزْوَاجِكَ وَبَنٰتِكَ وَنِسَاۤءِ الْمُؤْمِنِيْنَ يُدْنِيْنَ عَلَيْهِنَّ مِنْ جَلَابِيْبِهِنَّۗ

“He nabi, sira dhawuha marang para garwanira lan anak- anak wadonira lan para bojone wong mukmin supaya pada ngulurake kudhunge…” (Al- Ahzab: 59).

Kengeng punapa Muslimah ingkang sampun baligh punika kedah ngagem jibab?

1.     Jilbab punika tanda taqwa

Allah ngendika:

وَمَن يُطِعِ اللهَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا

“Lan sapa wonge taqwa marang Allah lan utusane mula bakal pekoleh kabegjan kang agung”. (Al- Ahzab:71).

2.     Ngumbar aurat punika dosa lan maksiyat.

Mboten nutup aurat punika tegesipun mbadal dhawipun Allah lan rasulipun. Allah ngendika:

وَمَن يَعْصِ اللهَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ ضَلَّ ضَلاَلاً مُّبِينًا

“Lan sapa wonge mbadal dhawuhe Allah lan rasule (maksiyat marang Allah lan rasule) mula temen bakal sesat kanthi saknyatane”. (Al- Ahzab: 36).

3.     Jilbab punika tanda kesucian.

Ngendika Allah:

وَاِذَا سَاَلْتُمُوْهُنَّ مَتَاعًا فَاسْـَٔلُوْهُنَّ مِنْ وَّرَاۤءِ حِجَابٍۗ ذٰلِكُمْ اَطْهَرُ لِقُلُوْبِكُمْ وَقُلُوْبِهِنَّۗ

“Manawa sira pada pitakon marang garwane Nabi mula pada takono saka sakburining hijab, kang mengkono iku luwih suci tumrap ati- atinira…”. (Al- Ahzab:53).

Jamah jumah rahimakumullah

Akhiripun, sumangga kula lan panjenegan tansah ngestoaken dhawuh ngagem jilbab kagem garwa lan puti- putri ing saben dintenipun. Mugi Allah tansah paring Rahmat lan kesaenan dhumateng kula lan panjenegan. Amiin.

أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَاسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ المُسْلِمِيْنَ إِنَّهُ هُوَ السَمِيْعُ العَلِيْمُ

Khutbah Kaping Kalih

الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ

وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

إِنَّ اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا

اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَقَرَابَتِهِ وَأَزْوَاجِهِ وَذُرِّيَّاتِهِ أَجْمَعِيْنَ

اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ

اللَّهُمَّ أَنْتَ اللَّهُ لَا إِلَهَ إِلَّا أَنْتَ. أَنْتَ الْغَنِيُّ وَنَحْنُ الْفُقَرَاءُ

اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا

رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ

 

 

Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat   singkat berbahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini :


Post a Comment

Lebih baru Lebih lama