Teks Khutbah Jumat Singkat
Dawuh
Ngagem Jilbab
Ustadz Wismanto
Khutbah Awal
إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ
وَنَسْتَعِينُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا وَ
مِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِ اللَّهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ
يُضْلِلْ فَلاَ هَادِىَ لَهُ, وَأَشْهَدُ
أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ
مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ, اللّهُمَّ
صَلِّ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ
إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ, يَا أَيُّهَا
الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا
وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ
Jamah jumah rahimakumullah
Sumangga tansah munjuk
syukur dhumateng Allah Ta’ala ingkang tansah paring rahmat
taufik sarta hidayah dhumateng kula lan panjenengan. Shalawat ugi salam mugi
tansah katetepaken dhumateng nabi Muhammad SAW ingkang tansah kita tengga syafaatipun wonten ing
dinten kiyamah.
Jamah jumah rahimakumullah
Wonten kesempatan khutbah siang punika khatib wasiat
sumangga tansah ningkataken taqwa dhumateng Allah kanti
nindakaken dhawuhipun lan nebihi awisanipun. Mugi kanti taqwa Allah
tansah paring kamulyan fiddunya wal akhirah. Amiin.
Jamah jumah rahimakumullah
Sandangan/ rasukan ingkang Allah paringaken
dhumateng kula lan panjenengan Anak turunipun Adam punika mujudaken kanikmatan ingkang agung.
Rumiyin sedaya anak turunipun Adam lahir ing kahanan telanjang banjur Allah
maringi sandangan/ rasukan pinangka bukti welas asihipun dhumateng umat
manungsa. Ngendika Allah:
يَا بَنِي آدَمَ
قَدْ أَنْزَلْنَا عَلَيْكُمْ لِبَاسًا يُوَارِي سَوْآتِكُمْ وَرِيشًا
“He anak turune Adam, satemene Ingsun wus nurunake
marang sira kabeh sandangan kanggo nutupi wadinira kabeh lan pinangka pepaes
(perhiasan)...” (Al- A’raf: 26).
Saking ayat punika kula lan panjenengan kedahipun
syukur dhumateng Allah amargi kaparingan nikmat agung inggih punika rasukan.
Bukti syukur amargi pinaringan nikmat punika temtunipun ngginaaken rasukan
ingkang Allah paringaken kanthi sakmestinipun. Allah kagungan karsa kanthi
paring rasukan punika supados manungsa benten kaliyan makhluk sanes kadosdene
kewan lan makhluk sanesipun. Mekaten ugi kanthi ngagem rasukan manunsa saget
aman saking penyakit lan pantes sinawang ugi endah edipeni menawi dipun pirsani
manungsa sanes.
Jamah jumah rahimakumullah
Salah setunggal dhawuh
ingkang wigatos ing perkawis ngagem rasukan/ sandangan punika temtunipun bab
wajibipun ngagem jilbab kagem Muslimah ingkang sampun baligh. Islam ndadosaken
jilbab punika rasukan lan kehormatanipun kaum Muslimah. Ngendika Allah:
يٰٓاَيُّهَا النَّبِيُّ قُلْ
لِّاَزْوَاجِكَ وَبَنٰتِكَ وَنِسَاۤءِ الْمُؤْمِنِيْنَ يُدْنِيْنَ عَلَيْهِنَّ مِنْ
جَلَابِيْبِهِنَّۗ
“He nabi, sira dhawuha
marang para garwanira lan anak- anak wadonira lan para bojone wong mukmin
supaya pada ngulurake kudhunge…” (Al- Ahzab: 59).
Kengeng punapa Muslimah
ingkang sampun baligh punika kedah ngagem jibab?
1.
Jilbab punika tanda taqwa
Allah
ngendika:
وَمَن يُطِعِ اللهَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا
“Lan sapa wonge taqwa
marang Allah lan utusane mula bakal pekoleh kabegjan kang agung”. (Al-
Ahzab:71).
2.
Ngumbar aurat punika dosa
lan maksiyat.
Mboten nutup aurat punika
tegesipun mbadal dhawipun Allah lan rasulipun. Allah ngendika:
وَمَن يَعْصِ اللهَ وَرَسُولَهُ
فَقَدْ ضَلَّ ضَلاَلاً مُّبِينًا
“Lan sapa wonge mbadal
dhawuhe Allah lan rasule (maksiyat marang Allah lan rasule) mula temen bakal
sesat kanthi saknyatane”. (Al- Ahzab: 36).
3.
Jilbab punika tanda
kesucian.
Ngendika Allah:
وَاِذَا سَاَلْتُمُوْهُنَّ مَتَاعًا
فَاسْـَٔلُوْهُنَّ مِنْ وَّرَاۤءِ حِجَابٍۗ ذٰلِكُمْ اَطْهَرُ لِقُلُوْبِكُمْ وَقُلُوْبِهِنَّۗ
“Manawa sira pada pitakon
marang garwane Nabi mula pada takono saka sakburining hijab, kang mengkono iku
luwih suci tumrap ati- atinira…”. (Al- Ahzab:53).
Jamah jumah rahimakumullah
Akhiripun, sumangga kula
lan panjenegan tansah ngestoaken dhawuh ngagem jilbab kagem garwa lan puti-
putri ing saben dintenipun. Mugi Allah tansah paring Rahmat lan kesaenan
dhumateng kula lan panjenegan. Amiin.
أَقُوْلُ
قَوْلِي هَذَا وَاسْتَغْفِرُ
اللهَ لِي وَلَكُمْ
وَلِسَائِرِ
المُسْلِمِيْنَ
إِنَّهُ هُوَ السَمِيْعُ
العَلِيْمُ
Khutbah
Kaping Kalih
الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ
عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ
وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ
وَأَشْهَدُ
أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا
عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ
آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ
مُسْلِمُونَ
إِنَّ
اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا
صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا
اَللَّهُمَّ
صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَقَرَابَتِهِ
وَأَزْوَاجِهِ وَذُرِّيَّاتِهِ أَجْمَعِيْنَ
اَللَّهُمَّ
اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ
مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ
اللَّهُمَّ
أَنْتَ اللَّهُ لَا إِلَهَ إِلَّا أَنْتَ. أَنْتَ الْغَنِيُّ وَنَحْنُ الْفُقَرَاءُ
اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى
رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا
رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ
Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat singkat berbahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini :
إرسال تعليق