Teks Khutbah Jumat Singkat

Kamardikan Punika Rahmat Allah

Ustadz  Wismanto

 

Khutbah Awal

إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِينُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا وَ مِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِ اللَّهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِىَ لَهُ, وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ, اللّهُمَّ صَلِّ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ, يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

Jamah jumah rahimakumullah

Sumangga tansah munjuk syukur dhumateng Allah Ta’ala ingkang tansah paring rahmat taufik sarta hidayah dhumateng kula lan panjenengan. Shalawat ugi salam mugi tansah katetepaken dhumateng nabi Muhammad SAW ingkang tansah kita tengga syafaatipun wonten ing dinten kiyamah.

Jamah jumah rahimakumullah

Wonten kesempatan khutbah siang punika khatib wasiat sumangga tansah ningkataken taqwa dhumateng Allah kanti nindakaken dhawuhipun lan nebihi awisanipun. Mugi kanti taqwa Allah tansah paring kamulyan fiddunya wal akhirah. Amiin.

Jamah jumah rahimakumullah

Kirang langkung 350 warsa nagari kula lan panjenengan dipun tindas dening nagari penjajah. Sedaya sumber daya alam dipun pendet kanthi dzalim, rakyatipun dipun paksa makarya tanpa imbalan ingkang murwat. Generasi muda mboten dipun paringi kesempatan sekolah lan boten wonten fasilitas pendidikan. Estu menawi dipun gambaraken nasib rakyat Indonesia ing jaman penjajah punika rekaos sanget.

17 Agustus 1945 Ir. Soekarno lan Muhammad Hatta ngikraraken Teks Proklamasi Kamardikan Indonesia pinangka pertanda bilih nagari indonesia mardika bebas saking sedaya penjajahan nagari sanes. Kamardikan punika mujudaken rahmat lan nikmat agung saking Allah Ta’ala amargi donga lan kesabaran ugi ikhtiyar pejuang lan rakyat indonesia. Mila wonten ing pambuka UUD 1945 dipun wedaraaken bilih kamardikan punika rahmatipun Allah. Ngendika Allah:

إِنَّ رَحْمَتَ ٱللَّهِ قَرِيبٌ مِّنَ ٱلْمُحْسِنِينَ

“Sanyatane, rahmate Allah iku celak banget marang wong- wong kang tumindak becik”. (Al- A’raf:56).

Rahmat agung ingkang kaparingaken dhumateng kula lan panjenengan punika kedahipun dipun syukuri. Kadospundi caranipun kula lan panjenegan syukur nyukuri nikmat kamardikan punika?

1.     Ndongaaken lan nuladhani perjuangan para pahlawan kamardikan.

Salah setunggal kewajiban kula lan panjenegan pinangka raos syukur inggih punika ndoaaken para pahlawan. Ndongaaken para pahlawan ingkang sampun sowan dhateng ngarsanipun Allah mugi tansah pikantuk piwales arupi kanikmatan ing alam kuburipun lan keslametan ing dinten akhir benjang. Ngendika Rasulullah:

مَا مِنْ عَبْدٍ مُسْلِمٍ يَدْعُو لِأَخِيهِ بِظَهْرِ الْغَيْبِ إِلا قَالَ الْمَلَكُ وَلَكَ بِمِثْلِ رَوَاهُ مُسْلِمٌ

“Ora ana sawiji wong muslim kang deweke ndongaake sedulure, kejaba Malaikat paring donga marang deweke: semono uga sira bakal oleh apa kang sira suwun” (HR.Muslim).

Saksanesipun ndongaaken, kewajiban kula lan panjenegan inggih punika nuladhani semangat pengorbanan para pahlawan. Pahlawan kamardikan sampun berjuang tanpa pamrih ngorbanaken jiwa raga kagem ngrebut nagari menika saking kungkungan penjajah. Mila kula lan panjenegan kedahipun ugi semangat ngisi kamardikan ingkang sampun dipun warisaken punika.

2.     Nindakaken sedaya kesaenan kagem kemajengan nagari

Sampun dados kewajiban sedaya warga masyarakat Indonesia bilih cara syukur awit kaparingan kamardikan inggih punika kanthi nindakaken sedaya kesaenan kagem kemajengan Masyarakat lan bangsa. Para sesepuh lan pahlawan sampun ngorbanaken sedaya gesangipun kagem sedaya putra wayah Indonesia. Mila putra wayah ingkang sae kedahipun nglajenganken pangorbanan para sesepuh kanthi njagi kamardikan lan majenganken pembangunan Indonesia. Katitahaken dados Punapa kemawon kita wonten ing nagari Indonesia menika kedhah tumindak sae, menawi dados rakyat nggih kedhah dados rakyat ingkang sae, menawi dados pimpinan kedhahipun ugi pimpinan ingkang sae. Mekaten ugi, punapa kemawon pakaryan ingkang kita lampahi kedhah dipun niyati kagem kemajengan bangsa lan tumindak sae dhumateng sesami. Menawi sedaya warga masyarakat saget guyup rukun mekaten, insyaalah kita sedaya badhe tansaya pinaringan kaberkahan lan kemakmuran. Allah ngendika:

وَلَوْ أَنَّ أَهْلَ الْقُرَىٰ آمَنُوا وَاتَّقَوْا لَفَتَحْنَا عَلَيْهِمْ بَرَكَاتٍ مِنَ السَّمَاءِ وَالْأَرْضِ . . .

“Mangka saumpama wong- wong penduduking Negara mau gelem iman lan taqwa ing Allah, sayekti deweke ingsun bukaake rejeki saka langit lan bumi . . . (QS. Al A’raf:96).

Jamah jumah rahimakumullah

Akhiripun, rahmat kamardikan punika sumangga tansah kula lan panjenegan syukuri. Mugi kanthi punika Allah tansah paring tambahing Rahmat lan kanikmatan dhumateng kula panjenegan lan sedaya rakya Indonesia. Amiin.

أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَاسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ المُسْلِمِيْنَ إِنَّهُ هُوَ السَمِيْعُ العَلِيْمُ

Khutbah Kaping Kalih

الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ

وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

إِنَّ اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا

اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَقَرَابَتِهِ وَأَزْوَاجِهِ وَذُرِّيَّاتِهِ أَجْمَعِيْنَ

اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ

اللَّهُمَّ أَنْتَ اللَّهُ لَا إِلَهَ إِلَّا أَنْتَ. أَنْتَ الْغَنِيُّ وَنَحْنُ الْفُقَرَاءُ

اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا

رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ

 

 


Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat   singkat berbahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini :


Post a Comment

Lebih baru Lebih lama