Teks Khutbah Jumat Singkat
Kamardikan
Punika Rahmat Allah
Ustadz Wismanto
Khutbah Awal
إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ
وَنَسْتَعِينُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا وَ
مِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِ اللَّهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ
يُضْلِلْ فَلاَ هَادِىَ لَهُ, وَأَشْهَدُ
أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ
مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ, اللّهُمَّ
صَلِّ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ
إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ, يَا أَيُّهَا
الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا
وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ
Jamah jumah rahimakumullah
Sumangga tansah munjuk
syukur dhumateng Allah Ta’ala ingkang tansah paring rahmat
taufik sarta hidayah dhumateng kula lan panjenengan. Shalawat ugi salam mugi
tansah katetepaken dhumateng nabi Muhammad SAW ingkang tansah kita tengga syafaatipun wonten ing
dinten kiyamah.
Jamah jumah rahimakumullah
Wonten kesempatan khutbah siang punika khatib wasiat
sumangga tansah ningkataken taqwa dhumateng Allah kanti
nindakaken dhawuhipun lan nebihi awisanipun. Mugi kanti taqwa Allah
tansah paring kamulyan fiddunya wal akhirah. Amiin.
Jamah jumah rahimakumullah
Kirang langkung 350 warsa nagari kula lan
panjenengan dipun tindas dening nagari penjajah. Sedaya sumber daya alam dipun
pendet kanthi dzalim, rakyatipun dipun paksa makarya tanpa imbalan ingkang
murwat. Generasi muda mboten dipun paringi kesempatan sekolah lan boten wonten
fasilitas pendidikan. Estu menawi dipun gambaraken nasib rakyat Indonesia ing
jaman penjajah punika rekaos sanget.
17 Agustus 1945 Ir. Soekarno lan Muhammad Hatta
ngikraraken Teks Proklamasi Kamardikan Indonesia pinangka pertanda bilih nagari
indonesia mardika bebas saking sedaya penjajahan nagari sanes. Kamardikan
punika mujudaken rahmat lan nikmat agung saking Allah Ta’ala amargi donga lan
kesabaran ugi ikhtiyar pejuang lan rakyat indonesia. Mila wonten ing pambuka
UUD 1945 dipun wedaraaken bilih kamardikan punika rahmatipun Allah. Ngendika
Allah:
إِنَّ رَحْمَتَ
ٱللَّهِ قَرِيبٌ مِّنَ ٱلْمُحْسِنِينَ
“Sanyatane, rahmate
Allah iku celak banget marang wong- wong kang tumindak becik”. (Al- A’raf:56).
Rahmat agung ingkang kaparingaken dhumateng kula
lan panjenengan punika kedahipun dipun syukuri. Kadospundi caranipun kula lan
panjenegan syukur nyukuri nikmat kamardikan punika?
1.
Ndongaaken lan nuladhani perjuangan para pahlawan
kamardikan.
Salah setunggal kewajiban kula lan panjenegan
pinangka raos syukur inggih punika ndoaaken para pahlawan. Ndongaaken para
pahlawan ingkang sampun sowan dhateng ngarsanipun Allah mugi tansah pikantuk
piwales arupi kanikmatan ing alam kuburipun lan keslametan ing dinten akhir
benjang. Ngendika Rasulullah:
مَا مِنْ عَبْدٍ
مُسْلِمٍ يَدْعُو لِأَخِيهِ بِظَهْرِ الْغَيْبِ إِلا قَالَ الْمَلَكُ وَلَكَ بِمِثْلِ
رَوَاهُ مُسْلِمٌ
“Ora ana sawiji wong muslim kang deweke ndongaake
sedulure, kejaba Malaikat paring donga marang deweke: semono uga sira bakal
oleh apa kang sira suwun” (HR.Muslim).
Saksanesipun ndongaaken, kewajiban kula lan
panjenegan inggih punika nuladhani semangat pengorbanan para pahlawan. Pahlawan
kamardikan sampun berjuang tanpa pamrih ngorbanaken jiwa raga kagem ngrebut
nagari menika saking kungkungan penjajah. Mila kula lan panjenegan kedahipun
ugi semangat ngisi kamardikan ingkang sampun dipun warisaken punika.
2.
Nindakaken sedaya kesaenan kagem kemajengan nagari
Sampun dados kewajiban sedaya warga masyarakat
Indonesia bilih cara syukur awit kaparingan kamardikan inggih punika kanthi
nindakaken sedaya kesaenan kagem kemajengan Masyarakat lan bangsa. Para sesepuh
lan pahlawan sampun ngorbanaken sedaya gesangipun kagem sedaya putra wayah
Indonesia. Mila putra wayah ingkang sae kedahipun nglajenganken pangorbanan
para sesepuh kanthi njagi kamardikan lan majenganken pembangunan Indonesia.
Katitahaken dados Punapa kemawon kita wonten ing nagari Indonesia menika kedhah
tumindak sae, menawi dados rakyat nggih kedhah dados rakyat ingkang sae, menawi
dados pimpinan kedhahipun ugi pimpinan ingkang sae. Mekaten ugi, punapa kemawon
pakaryan ingkang kita lampahi kedhah dipun niyati kagem kemajengan bangsa lan
tumindak sae dhumateng sesami. Menawi sedaya warga masyarakat saget guyup rukun
mekaten, insyaalah kita sedaya badhe tansaya pinaringan kaberkahan lan
kemakmuran. Allah ngendika:
وَلَوْ أَنَّ
أَهْلَ الْقُرَىٰ آمَنُوا وَاتَّقَوْا لَفَتَحْنَا عَلَيْهِمْ بَرَكَاتٍ مِنَ السَّمَاءِ
وَالْأَرْضِ . . .
“Mangka saumpama wong- wong penduduking Negara mau gelem
iman lan taqwa ing Allah, sayekti deweke ingsun bukaake rejeki saka langit lan
bumi . . . (QS. Al A’raf:96).
Jamah jumah rahimakumullah
Akhiripun, rahmat
kamardikan punika sumangga tansah kula lan panjenegan syukuri. Mugi kanthi
punika Allah tansah paring tambahing Rahmat lan kanikmatan dhumateng kula
panjenegan lan sedaya rakya Indonesia. Amiin.
أَقُوْلُ
قَوْلِي هَذَا وَاسْتَغْفِرُ
اللهَ لِي وَلَكُمْ
وَلِسَائِرِ
المُسْلِمِيْنَ
إِنَّهُ هُوَ السَمِيْعُ
العَلِيْمُ
Khutbah
Kaping Kalih
الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ
عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ
وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ
وَأَشْهَدُ
أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا
عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ
آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ
مُسْلِمُونَ
إِنَّ
اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا
صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا
اَللَّهُمَّ
صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَقَرَابَتِهِ
وَأَزْوَاجِهِ وَذُرِّيَّاتِهِ أَجْمَعِيْنَ
اَللَّهُمَّ
اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ
مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ
اللَّهُمَّ
أَنْتَ اللَّهُ لَا إِلَهَ إِلَّا أَنْتَ. أَنْتَ الْغَنِيُّ وَنَحْنُ الْفُقَرَاءُ
اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى
رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا
رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ
Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat singkat berbahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini :
إرسال تعليق