Teks Khutbah Jumat Singkat

Nalika Tumindak Mungkar Saya Dadra

Ustadz  Wismanto

 

Khutbah Awal

إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِينُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا وَ مِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِ اللَّهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِىَ لَهُ, وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ, اللّهُمَّ صَلِّ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ, يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

Jamah jumah rahimakumullah

Sumangga tansah munjuk syukur dhumateng Allah Ta’ala ingkang tansah paring rahmat taufik sarta hidayah dhumateng kula lan panjenengan. Shalawat ugi salam mugi tansah katetepaken dhumateng nabi Muhammad SAW ingkang tansah kita tengga syafaatipun wonten ing dinten kiyamah.

Jamah jumah rahimakumullah

Wonten kesempatan khutbah siang punika khatib wasiat sumangga tansah ningkataken taqwa dhumateng Allah kanti nindakaken dhawuhipun lan nebihi awisanipun. Mugi kanti taqwa Allah tansah paring kamulyan fiddunya wal akhirah. Amiin.

Jamah jumah rahimakumullah

Wekdal sakpunika masyarakat asring dipun hebohaken dening kabar kemaksiyatan ingkang tansaya katah. Wonten kabar judi online ingkang sampun ndamel rusakipun ekonomi masyarakat. Kabar minuman keras ingkang ngrusak moral lan keslametan warga masyarakat. Wonten malih kabar kenakalan remaja, tawuran lan sanesipun.

Menawi kula lan panjenengan maos sejarah, nalika Muhammad nembe dipun angkat dados nabi lan rasul ing masyarakat arab ugi katah sanget kemungkaran. Rasululah banjur ngawiti dakwahipun kanthi amar ma’ruf lan nahi munkar ngajak masyarakat dhateng kabecikan lan ngawisi saking lampah kemungkaran. Kanthi ikhtiyaripun rasulullah lan para sahabat mila masyarakat tansaya caket kaliyan kesaenan lan tebih saking kemungkaran. Allah ngantos ngendika paring pujian dhateng rasulullah lan para shahabat:

كُنتُمْ خَيْرَ أُمَّةٍ أُخْرِجَتْ لِلنَّاسِ تَأْمُرُونَ بِٱلْمَعْرُوفِ وَتَنْهَوْنَ عَنِ ٱلْمُنكَرِ

Sira kabeh iku sakbecik- beciking ummat kang tinitah ing donya, amarga sira pada ngajak laku kabecikan lan nyegah laku kemungkaran...”. (Al- Maidah:111).

Saking ayat punika Allah paring pengalem lan pujian dhateng rasulullah lan para shahabat ugi paring kabar wigatosipun amar ma’ruf lan nahi mungkar. Nyegah kemungkaran punika kewajiban kula lan panjenengan. Ngendika rasulullah SAW:

مَنْ رَأَى مِنْكُمْ مُنْكَرًا فَلْيُغَيِّرْهُ بِيَدِهِ ، فَإِنْ لَمْ يَسْتَطِعْ فَبِلِسَانِهِ ، فَإِنَ لَـمْ يَسْتَطِعْ فَبِقَلْبِهِ ، وَذَلِكَ أَضْعَفُ اْلإِيْـمَـانِ

“Sapa ngerti laku mungkar kudu nyegah kanthi tangane, menawa ora mampu mula kanthi lisane, menawa ora mampu mula kanthi atine lan sing mengkono iku sak lemah- lemahing iman” (HR. Muslim).

Para ulama sepakat menggah wajibipun kula lan panjenengan nyegah kemungkaran kanthi sak kuat kemampuanipun masing- masing. Menawi mboten wantun nyegah kemungkaran nggih paling mboten manahipun sengit lan boten ridha dhateng kemungkaran.

Imam an-Nawawi rahimahullah ngendika: “Hukum nyegah kemungkaran iku fardhu kifayah banjur bisa dadi fardhu ‘ain nalika ing kondisi tertentu yaiku deweke mampu nyegah lan ora ana wong liya kang ngerti lan bisa nyegah kejaba deweke”. (Syarah Shahiih Muslim (II/23)).

Jamah jumah rahimakumullah

Menawi kaum muslimin boten wantun nyegah laku mungkar estu katah sanget bahaya lan kacilakan ingkang badhe dipun raosaken ing donya lan akhirat. Kadosdene:

1.     Badhe nampi siksa, cilaka lan binasa ing donya.

Allah paring pepemut bahayanipun ngremehkaen laku mungkar ingkang sampun dadar ing masayarakat lan boten wonten tiyang ingkang wantun nyegah. Ing Al- quran Allah ngabaraken cilakanipun bani israil nalika sampun boten purun nyegah laku mungkar ingkang dipun lampahi warganipun. Ngendika Allah:

لُعِنَ ٱلَّذِينَ كَفَرُوا۟ مِنۢ بَنِىٓ إِسْرَٰٓءِيلَ عَلَىٰ لِسَانِ دَاوُۥدَ وَعِيسَى ٱبْنِ مَرْيَمَ ۚ ذَٰلِكَ بِمَا عَصَوا۟ وَّكَانُوا۟ يَعْتَدُونَ . كَانُوا۟ لَا يَتَنَاهَوْنَ عَن مُّنكَرٍ فَعَلُوهُ ۚ لَبِئْسَ مَا كَانُوا۟ يَفْعَلُونَ

Wus pada dilaknat wong- wong bani israil kang padha kafir lumantar lisane Nabi Dawud lan Nabi Isa putrane Maryam. Kang kaya mengkono mau amarga deweke padha mbangkang lan ngliwati wates. Deweke iku ora padha cegah- cinegah marang laku mungkar malah dheweke padha anglakoni, yekti ala temen tumindhak kang padha dilakoni”. (Al- Maidah 78-79).

2.     Allah boten badhe ngabulaken doa

Ngendika Rasulullah:

وَالَّذِي نَفْسِيْ بِيَدِهِ لَتَأْمُرُنَّ بِالْـمَعْرُوْفِ وَلَتَنْهَوُنَّ عَنِ الْـمُنْكَرِ أَوْ لَيُوْشِكَنَّ اللهُ أَنْ يَبْعَثَ عَلَيْكُمْ عِقَابًا مِنْهُ، ثُمَّ تَدْعُوْنَهُ فَلَا يُسْتَجَابُ لَكُمْ.

“Demi Allah kang jiwaku ana ing astane, kudune sira padha ngajak ing kabecikan lan nyegah ing kemungkaran, menawa sira ora padha nindhakake temen Allah bakal paring adzab ing sira kabeh banjur menawa sira ndonga ora bakal dikabulke”. (HR. Ahmad).

Jamah jumah rahimakumullah

Mila sumangga sesarengan tansah cegah- cinegah saking laku mungkar ingkang sampun dadra wekdal punika. Judi online, minuman keras, sedaya wau penyakit Masyarakat ingkang saget ndumugiaken adzabipun Allah SWT. Mugi kanthi amar ma’ruf lan nahi mungkar punika Allah tansah njagi lan paring kesaenan dhumateng kula panjenengan. Amiin.

أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَاسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ المُسْلِمِيْنَ إِنَّهُ هُوَ السَمِيْعُ العَلِيْمُ

Khutbah Kaping Kalih

الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ

وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

إِنَّ اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا

اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَقَرَابَتِهِ وَأَزْوَاجِهِ وَذُرِّيَّاتِهِ أَجْمَعِيْنَ

اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ

اللَّهُمَّ أَنْتَ اللَّهُ لَا إِلَهَ إِلَّا أَنْتَ. أَنْتَ الْغَنِيُّ وَنَحْنُ الْفُقَرَاءُ

اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا

رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ

 

Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat   singkat berbahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini :



Post a Comment

أحدث أقدم