Teks Khutbah Jumat Singkat

Wang Sinawang

Ustadz  Wismanto

 

Khutbah Awal

إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِينُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا وَ مِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِ اللَّهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِىَ لَهُ, وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ, اللّهُمَّ صَلِّ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ, يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ


Jamaah jumah rahimakumullah

Sumangga tansah munjuk syukur dhumateng Allah Ta’ala ingkang tansah paring rahmat taufik sarta hidayah dhumateng kula lan panjenengan. Shalawat ugi salam mugi tansah katetepaken dhumateng nabi Muhammad SAW ingkang tansah kita tengga syafaatipun wonten ing dinten kiyamah.

Jamah jumaah rahimakumullah

Wonten kesempatan khutbah siang punika khatib wasiat sumangga tansah ningkataken taqwa dhumateng Allah kanti nindakaken dhawuhipun lan nebihi awisanipun. Mugi kanti taqwa Allah tansah paring kamulyan fiddunya wal akhirah. Amiin.

Jamaah jumah rahimakumullah

Wonten ing madyaning pasrawungan masyarakat, kadhangkala kula lan panjenengan ngraosaken kesenjangan ekonomi utawi status sosial. Wonten ingkang nganggep nasibipun tiyang sanes langkung sekeca, langkung mulya tinimbang piyambakipun. Amargi tiyang sanes ketingal langkung sugih utawi ketingal langkung inggil pangkatipun. Ingmangka kasunyatanipun dereng mesti tiyang sanes ingkang dipun anggep sugih punika gesangipun sekeca, estu dereng kantenan. Dereng mesti tiyang ingkang ketingal sarwa sarwi mewah gesangipun punika lajeng bahagia, sepisan malih dereng mesti. Amargi gesang punika sejatosipun namung sawang sinawang. Ngendika Allah:

وَعَسَىٰٓ أَن تَكْرَهُوا۟ شَيْـًٔا وَهُوَ خَيْرٌ لَّكُمْ ۖ وَعَسَىٰٓ أَن تُحِبُّوا۟ شَيْـًٔا وَهُوَ شَرٌّ لَّكُمْ ۗ وَٱللَّهُ يَعْلَمُ وَأَنتُمْ لَا تَعْلَمُونَ

(Ngertia sira), kadhangkala prakara kang sira gethingi iku becik tumrap sira lan prakara kang sira demeni iku ala tumrap sira, Lan Allah iku ngawuningani dene sira ora pada mangerti…” (Al- Baqarah:16)

Jamah jumah rahimakumullah

Gesang punika namung sawang sinawang, sedaya sampun tinakdir saking Allah kanthi pas lan leres. Takdiripun Allah punika boten wonten ingkang kelentu napa malih lepat. sahingga gumantung kadospundi anggen kula lan panjenegan ngraosaken kemawon. Artosipun, menawi sedaya takdir dipun tampi kanthi ridha lan Syukur estu gesang punika raosipun eca sekeca. Ananging menawi mboten nampi takdiripun Allah nggih raosipun namung kuciwa, gela lan boten sekeca. Allah sampun paring pangandika:

وَمَن يُؤْمِنۢ بِٱللَّهِ يَهْدِ قَلْبَهُۥ ۚ وَٱللَّهُ بِكُلِّ شَىْءٍ عَلِيمٌ

“….Lan sing sapa wonge iman marang Allah yekti Allah bakal nuduhake (nentremake) atine, lan Allah iku Maha Nguningani ing sakabehing prakara”. (At- Taghaabun:11)

Ing ayat punika Allah paring pangandika bilih sinten ingkang pitados, yakin lan ridha dhateng takdir, mesti Allah badhe paring katemtreman panggesangan.

Jamaah jumah rahimakumullah

Kanthi punika islam sampun paring cara kadospundi kula lan panjenengan nglampahi panggesangan ingkang namung sawang sinawang punika.

1.     Boten mirsani tiyang ingkang langkung inggil ekonominipun.

Ngendika Rasulullah SAW:

اُنْظُرُوْا إِلَى مَنْ هُوَ أَسْفَلَ مِنْكُمْ وَلاَ تَنْظُرُوْا إِلَى مَنْ هُوَ فَوْقَكُمْ فَإِنَّهُ أَجْدَرُ أَنْ لاَ تَزْدَرُوْا نِعْمَةَ اللهِ عَلَيْكُمْ

“sira pada delenga marang wong kang sak ngisar sira (ing bab bandha), lan sira aja pada ndeleng marang wong kang sak nduwur sira. Amarga kang mengkono iku luwih prayoga supaya sira ora ngremehake nikmate Allah marang sira kabeh”. (Bukhari lan Muslim).

Estu menawi kula lan panjenengan remen mirsani tiyang ingkang langkung andap ing bab bandha mila badhe andadosaken manah punika tansah Syukur.

2.     Yakin bilih Nasib punika gilir gumanti kados dene roda ingkang mubeng.

Allah sampun ngendika:

وَتِلْكَ ٱلْأَيَّامُ نُدَاوِلُهَا بَيْنَ ٱلنَّاسِ

“Lan dina- dina iku (kang nyenegake lan nyusahake) ingsun gilir gumantekake ana ing atase para manungsa…”. (Ali Imran:140)

Kanthi ayat punika Allah suka pepemut bilih gesang ing dunya punika wonten wancinipun nampi sukses lancar usaha ekonominipun, ananging ugi wonten wancinipun seret, gagal usahanipun. Kalih warni punika dipun gilir gumantekaken ing sedaya umat manungsa. Sinten ingkang gesang mesthi nate ngraosaken gampil usahanipun lan ugi nate kaparingan seret lan awrat usahanipun. Sedaya kedah dipun tampi kanthi ridha lan syukur ing manah.

 Jamaah jumah rahimakumullah

Cekak aosipun, sumangga kula lan panjenengan nglampahi panggesangan punika kanthi Syukur, amargi sedaya punika namung wang sinawang. Mugi Allah tansah paring tambahing iman dhumateng kula lan panjenengan, satemah saget nglampahi panggesangan punika kanthi ridha lan syukur dhateng sedaya pepestinipun Allah SWT, Amiin.

أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَاسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ المُسْلِمِيْنَ إِنَّهُ هُوَ السَمِيْعُ العَلِيْمُ

Khutbah Kaping Kalih

الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ

وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

إِنَّ اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا

اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَقَرَابَتِهِ وَأَزْوَاجِهِ وَذُرِّيَّاتِهِ أَجْمَعِيْنَ

اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ

اللَّهُمَّ أَنْتَ اللَّهُ لَا إِلَهَ إِلَّا أَنْتَ. أَنْتَ الْغَنِيُّ وَنَحْنُ الْفُقَرَاءُ

اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا

رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ


Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat   singkat berbahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini :


Post a Comment

Lebih baru Lebih lama