Teks Khutbah Jumat Singkat
Wang
Sinawang
Ustadz Wismanto
Khutbah Awal
إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ
وَنَسْتَعِينُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا وَ
مِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِ اللَّهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ
يُضْلِلْ فَلاَ هَادِىَ لَهُ, وَأَشْهَدُ
أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ
مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ, اللّهُمَّ
صَلِّ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ
إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ, يَا أَيُّهَا
الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ
مُسْلِمُونَ
Jamaah jumah rahimakumullah
Sumangga tansah munjuk
syukur dhumateng Allah Ta’ala ingkang tansah paring rahmat
taufik sarta hidayah dhumateng kula lan panjenengan. Shalawat ugi salam mugi
tansah katetepaken dhumateng nabi Muhammad SAW ingkang tansah kita tengga syafaatipun wonten ing
dinten kiyamah.
Jamah jumaah rahimakumullah
Wonten kesempatan khutbah siang punika khatib wasiat
sumangga tansah ningkataken taqwa dhumateng Allah kanti
nindakaken dhawuhipun lan nebihi awisanipun. Mugi kanti taqwa Allah
tansah paring kamulyan fiddunya wal akhirah. Amiin.
Jamaah jumah rahimakumullah
Wonten ing madyaning pasrawungan masyarakat, kadhangkala
kula lan panjenengan ngraosaken kesenjangan ekonomi utawi status sosial. Wonten
ingkang nganggep nasibipun tiyang sanes langkung sekeca, langkung mulya
tinimbang piyambakipun. Amargi tiyang sanes ketingal langkung sugih utawi
ketingal langkung inggil pangkatipun. Ingmangka kasunyatanipun dereng mesti
tiyang sanes ingkang dipun anggep sugih punika gesangipun sekeca, estu dereng
kantenan. Dereng mesti tiyang ingkang ketingal sarwa sarwi mewah gesangipun
punika lajeng bahagia, sepisan malih dereng mesti. Amargi gesang punika
sejatosipun namung sawang sinawang. Ngendika Allah:
وَعَسَىٰٓ أَن تَكْرَهُوا۟ شَيْـًٔا وَهُوَ خَيْرٌ لَّكُمْ ۖ وَعَسَىٰٓ أَن
تُحِبُّوا۟ شَيْـًٔا وَهُوَ شَرٌّ لَّكُمْ ۗ وَٱللَّهُ يَعْلَمُ وَأَنتُمْ لَا تَعْلَمُونَ
“(Ngertia
sira), kadhangkala prakara kang sira gethingi iku becik tumrap sira lan prakara
kang sira demeni iku ala tumrap sira, Lan Allah iku ngawuningani dene sira ora
pada mangerti…” (Al- Baqarah:16)
Jamah jumah rahimakumullah
Gesang punika namung sawang
sinawang, sedaya sampun tinakdir saking Allah kanthi pas lan leres. Takdiripun
Allah punika boten wonten ingkang kelentu napa malih lepat. sahingga gumantung
kadospundi anggen kula lan panjenegan ngraosaken kemawon. Artosipun, menawi
sedaya takdir dipun tampi kanthi ridha lan Syukur estu gesang punika raosipun
eca sekeca. Ananging menawi mboten nampi takdiripun Allah nggih raosipun namung
kuciwa, gela lan boten sekeca. Allah sampun paring pangandika:
وَمَن يُؤْمِنۢ بِٱللَّهِ يَهْدِ قَلْبَهُۥ ۚ وَٱللَّهُ بِكُلِّ شَىْءٍ عَلِيمٌ
“….Lan sing sapa wonge iman marang Allah yekti
Allah bakal nuduhake (nentremake) atine, lan Allah iku Maha Nguningani ing
sakabehing prakara”. (At- Taghaabun:11)
Ing ayat punika Allah
paring pangandika bilih sinten ingkang pitados, yakin lan ridha dhateng takdir,
mesti Allah badhe paring katemtreman panggesangan.
Jamaah jumah rahimakumullah
Kanthi punika islam sampun
paring cara kadospundi kula lan panjenengan nglampahi panggesangan ingkang
namung sawang sinawang punika.
1.
Boten mirsani tiyang
ingkang langkung inggil ekonominipun.
Ngendika Rasulullah SAW:
اُنْظُرُوْا إِلَى مَنْ هُوَ
أَسْفَلَ مِنْكُمْ وَلاَ تَنْظُرُوْا إِلَى مَنْ هُوَ فَوْقَكُمْ فَإِنَّهُ أَجْدَرُ
أَنْ لاَ تَزْدَرُوْا نِعْمَةَ اللهِ عَلَيْكُمْ
“sira pada delenga marang
wong kang sak ngisar sira (ing bab bandha), lan sira aja pada ndeleng marang
wong kang sak nduwur sira. Amarga kang mengkono iku luwih prayoga supaya sira
ora ngremehake nikmate Allah marang sira kabeh”. (Bukhari lan Muslim).
Estu menawi kula lan
panjenengan remen mirsani tiyang ingkang langkung andap ing bab bandha mila
badhe andadosaken manah punika tansah Syukur.
2.
Yakin bilih Nasib punika gilir
gumanti kados dene roda ingkang mubeng.
Allah
sampun ngendika:
وَتِلْكَ ٱلْأَيَّامُ نُدَاوِلُهَا بَيْنَ ٱلنَّاسِ
“Lan
dina- dina iku (kang nyenegake lan nyusahake) ingsun gilir gumantekake ana ing
atase para manungsa…”. (Ali Imran:140)
Kanthi ayat punika Allah
suka pepemut bilih gesang ing dunya punika wonten wancinipun nampi sukses
lancar usaha ekonominipun, ananging ugi wonten wancinipun seret, gagal
usahanipun. Kalih warni punika dipun gilir gumantekaken ing sedaya umat
manungsa. Sinten ingkang gesang mesthi nate ngraosaken gampil usahanipun lan
ugi nate kaparingan seret lan awrat usahanipun. Sedaya kedah dipun tampi kanthi
ridha lan syukur ing manah.
Jamaah jumah rahimakumullah
Cekak
aosipun, sumangga kula lan panjenengan nglampahi panggesangan punika kanthi
Syukur, amargi sedaya punika namung wang sinawang. Mugi Allah tansah paring
tambahing iman dhumateng kula lan panjenengan, satemah saget nglampahi
panggesangan punika kanthi ridha lan syukur dhateng sedaya pepestinipun Allah
SWT, Amiin.
أَقُوْلُ
قَوْلِي هَذَا وَاسْتَغْفِرُ
اللهَ لِي وَلَكُمْ
وَلِسَائِرِ
المُسْلِمِيْنَ
إِنَّهُ هُوَ السَمِيْعُ
العَلِيْمُ
Khutbah
Kaping Kalih
الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ
وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ
اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ
آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ
مُسْلِمُونَ
إِنَّ اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ
يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا
تَسْلِيمًا
اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ
وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَقَرَابَتِهِ وَأَزْوَاجِهِ
وَذُرِّيَّاتِهِ أَجْمَعِيْنَ
اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ
وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ،
إِنَّكَ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ
اللَّهُمَّ أَنْتَ اللَّهُ لَا
إِلَهَ إِلَّا أَنْتَ. أَنْتَ الْغَنِيُّ وَنَحْنُ الْفُقَرَاءُ
اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى
رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا
رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ
Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat singkat berbahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini :
إرسال تعليق