Teks Khutbah Jumat Singkat

Gesang punika Gampil

Ustadz  Wismanto

 

Khutbah Awal

إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِينُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا وَ مِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِ اللَّهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِىَ لَهُ, وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ, اللّهُمَّ صَلِّ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ, يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ


Jamaah jumah rahimakumullah

Sumangga tansah munjuk syukur dhumateng Allah Ta’ala ingkang tansah paring rahmat taufik sarta hidayah dhumateng kula lan panjenengan. Shalawat ugi salam mugi tansah katetepaken dhumateng nabi Muhammad SAW ingkang tansah kita tengga syafaatipun wonten ing dinten kiyamah.

Jamaah jumah rahimakumullah

Wonten kesempatan khutbah siang punika khatib wasiat sumangga tansah ningkataken taqwa dhumateng Allah kanti nindakaken dhawuhipun lan nebihi awisanipun. Mugi kanti taqwa Allah tansah paring kamulyan fiddunya wal akhirah. Amiin.

Jamaah jumah rahimakumullah

Kalebet perkawis ingkang wigatos ing panggesangan inggih punika kapitadosan dhateng takdiripun Allah. Allah sampun nitahaken umat manungsa gesang ing donya punika tentunipun sampun nyawisaken sedaya kabetahan pokok kagem gesang saben dintenipun. Boten mungkin Allah SWT nitahaken kula lan panjenegan ing donya punika ananging boten maringi kacekapan gesang. Ngendika Allah SWT :

وَمَا مِن دَآبَّةٍ فِى ٱلْأَرْضِ إِلَّا عَلَى ٱللَّهِ رِزْقُهَا

“Lan ora ana sawiji wae gegremet kang urip ana ing bumi, kejaba rejekine ditanggung dening Allah…” (QS.Hud:6).

Ing ayat punika Allah paring kabar bilih gegremet utawi kewan ingkang alit lan ringkih ingkang boten saget makarya kemawon tetep kaparingan rejeki. Punapa malih manungsa ingkang langkung kiyat tinimbang gegremet, manungsa ingkang saget makarya mesthi ugi badhe pikantuk rejeki saking ngarsanipun Allah SWT. Mila boten perlu kuatir, kedah yakin bilih gesang punika gampil. Ing ayat sanes Allah ugi ngendika:

وَإِنْ مِنْ شَيْءٍ إِلَّا عِنْدَنَا خَزَائِنُهُ وَمَا نُنَزِّلُهُ إِلَّا بِقَدَرٍ مَعْلُومٍ

“Lan ora ana siji wae perkara kejaba sumbere ana ing ngarsane Ingsun, lan ingsung ora nurunake udan kajaba miturut kadar kang wus dipasthekake”. (Al- Hijr:21).

Syaikh As- Sya’di ngendika: “Rejeki lan kabeh samubarange mung kagungane Allah, Panjenengane kang nduweni karsa maringake rejeki mau marang sapa wae makhluke..” (Taisirul Karimirrahman: 452).

Jamaah jumah rahimakumullah

Estu gesang punika gampil amargi sampun dipun jamin saking Dzat ingkang nitahaken panggesangan inggih punika Allah SWT. Ingkang andadosaken gesang punika ribet lan susah punika sejatosipun manungsanipun piyambak. Manungsa punika mboten saget ngraosaken gampilipun gesang amargi:

1.     Boten nrima peparingipun Allah.

Perkawis ingkang nyebabaken gesang punika ribet lan susah amargi manungsa punika boten nrima peparingipun Allah. Allah sampun paring gesang ingkang gampil lan sekeca ananging tiyang kasebat boten Syukur, mila ingkang dipun raosaken nggih namung susah. Ngendika:

وَاِذْ تَاَذَّنَ رَبُّكُمْ لَىِٕنْ شَكَرْتُمْ لَاَزِيْدَنَّكُمْ وَلَىِٕنْ كَفَرْتُمْ اِنَّ عَذَابِيْ لَشَدِيْدٌ ۝٧

“Lan elinga nalika Pangeran sira paring dhawuh: “satemene menawa sira pada Syukur yekti ingsun tambahi nikmat marang sira, ananging menawa sira kufur temen siksaku banget larane…” (QS. Ibrahim: 6).

2.     Boten sabar nampi pacoben

Kalebet perkawis ingkang ndadosaken gesang punika susah inggih amargi boten sabar nalika dipun paring pacoben. Kaparingan sekedik ujian kemawon sampun kekatahen sambat lajeng suudzan dhumateng Allah. Ingmangka gesang punika kadhangkala kedah nampi nikmat lan ugi kedhah nampi pacoben. Ngendika Allah:

وَتِلْكَ ٱلْأَيَّامُ نُدَاوِلُهَا بَيْنَ ٱلنَّاسِ

“Lan dina- dina iku (kang nyenegake lan nyusahake) ingsun gilir gumantekake ana ing atase para manungsa…”. (Ali Imran:140)

Ayat punika paring kabar bilih Allah panci nggilir gumantekaken wekdal dhumateng sedaya manungsa. Wonten wekdalipun nampi ingkang ngremenaken lan wonten wekdalipun nampi ingkang nyusahaken. Sedaya dipun gilir kados roda ingkang ngglinding.

Jamaah jumah rahimakumullah

Mila menawi kula lan panjenengan yakin dhumateng takdir lan kersa sabar nalika nampi pacoben, estu gesang punika raosipun gampil. Mugi Allah tansah paring tambahing iman dhumateng kula lan panjenengan, satemah saget ngraosken panggesangan punika kanthi gampil. Amiin.

أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَاسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ المُسْلِمِيْنَ إِنَّهُ هُوَ السَمِيْعُ العَلِيْمُ


Khutbah Kaping Kalih


الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ

وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

إِنَّ اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا

اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَقَرَابَتِهِ وَأَزْوَاجِهِ وَذُرِّيَّاتِهِ أَجْمَعِيْنَ

اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ

اللَّهُمَّ أَنْتَ اللَّهُ لَا إِلَهَ إِلَّا أَنْتَ. أَنْتَ الْغَنِيُّ وَنَحْنُ الْفُقَرَاءُ

اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا

رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ

 

 Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat   singkat berbahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini :


Post a Comment

Lebih baru Lebih lama