Teks Khutbah Jumat Singkat
Gesang punika
Gampil
Ustadz Wismanto
Khutbah Awal
إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ
وَنَسْتَعِينُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا وَ
مِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِ اللَّهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ
يُضْلِلْ فَلاَ هَادِىَ لَهُ, وَأَشْهَدُ
أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ
مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ, اللّهُمَّ
صَلِّ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ
إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ, يَا أَيُّهَا
الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ
مُسْلِمُونَ
Jamaah jumah rahimakumullah
Sumangga tansah munjuk
syukur dhumateng Allah Ta’ala ingkang tansah paring rahmat
taufik sarta hidayah dhumateng kula lan panjenengan. Shalawat ugi salam mugi
tansah katetepaken dhumateng nabi Muhammad SAW ingkang tansah kita tengga syafaatipun wonten ing
dinten kiyamah.
Jamaah jumah rahimakumullah
Wonten kesempatan khutbah siang punika khatib wasiat
sumangga tansah ningkataken taqwa dhumateng Allah kanti
nindakaken dhawuhipun lan nebihi awisanipun. Mugi kanti taqwa Allah
tansah paring kamulyan fiddunya wal akhirah. Amiin.
Jamaah jumah rahimakumullah
Kalebet perkawis ingkang
wigatos ing panggesangan inggih punika kapitadosan dhateng takdiripun Allah.
Allah sampun nitahaken umat manungsa gesang ing donya punika tentunipun sampun
nyawisaken sedaya kabetahan pokok kagem gesang saben dintenipun. Boten mungkin
Allah SWT nitahaken kula lan panjenegan ing donya punika ananging boten maringi
kacekapan gesang. Ngendika Allah SWT :
وَمَا مِن دَآبَّةٍ فِى ٱلْأَرْضِ إِلَّا عَلَى ٱللَّهِ رِزْقُهَا
“Lan ora ana sawiji wae
gegremet kang urip ana ing bumi, kejaba rejekine ditanggung dening Allah…”
(QS.Hud:6).
Ing ayat punika Allah
paring kabar bilih gegremet utawi kewan ingkang alit lan ringkih ingkang boten
saget makarya kemawon tetep kaparingan rejeki. Punapa malih manungsa ingkang
langkung kiyat tinimbang gegremet, manungsa ingkang saget makarya mesthi ugi
badhe pikantuk rejeki saking ngarsanipun Allah SWT. Mila boten perlu kuatir,
kedah yakin bilih gesang punika gampil. Ing ayat sanes Allah ugi ngendika:
وَإِنْ مِنْ شَيْءٍ إِلَّا عِنْدَنَا خَزَائِنُهُ وَمَا نُنَزِّلُهُ إِلَّا
بِقَدَرٍ مَعْلُومٍ
“Lan ora ana siji wae
perkara kejaba sumbere ana ing ngarsane Ingsun, lan ingsung ora nurunake udan
kajaba miturut kadar kang wus dipasthekake”. (Al- Hijr:21).
Syaikh As- Sya’di ngendika:
“Rejeki lan kabeh samubarange mung kagungane Allah, Panjenengane kang nduweni
karsa maringake rejeki mau marang sapa wae makhluke..” (Taisirul Karimirrahman:
452).
Jamaah jumah rahimakumullah
Estu gesang punika gampil
amargi sampun dipun jamin saking Dzat ingkang nitahaken panggesangan inggih
punika Allah SWT. Ingkang andadosaken gesang punika ribet lan susah punika
sejatosipun manungsanipun piyambak. Manungsa punika mboten saget ngraosaken
gampilipun gesang amargi:
1.
Boten nrima peparingipun
Allah.
Perkawis ingkang nyebabaken
gesang punika ribet lan susah amargi manungsa punika boten nrima peparingipun
Allah. Allah sampun paring gesang ingkang gampil lan sekeca ananging tiyang
kasebat boten Syukur, mila ingkang dipun raosaken nggih namung susah. Ngendika:
وَاِذْ تَاَذَّنَ رَبُّكُمْ لَىِٕنْ شَكَرْتُمْ لَاَزِيْدَنَّكُمْ وَلَىِٕنْ
كَفَرْتُمْ اِنَّ عَذَابِيْ لَشَدِيْدٌ ٧
“Lan elinga nalika Pangeran
sira paring dhawuh: “satemene menawa sira pada Syukur yekti ingsun tambahi
nikmat marang sira, ananging menawa sira kufur temen siksaku banget larane…”
(QS. Ibrahim: 6).
2.
Boten sabar nampi pacoben
Kalebet perkawis ingkang
ndadosaken gesang punika susah inggih amargi boten sabar nalika dipun paring
pacoben. Kaparingan sekedik ujian kemawon sampun kekatahen sambat lajeng
suudzan dhumateng Allah. Ingmangka gesang punika kadhangkala kedah nampi nikmat
lan ugi kedhah nampi pacoben. Ngendika Allah:
وَتِلْكَ ٱلْأَيَّامُ نُدَاوِلُهَا بَيْنَ ٱلنَّاسِ
“Lan dina- dina iku (kang
nyenegake lan nyusahake) ingsun gilir gumantekake ana ing atase para
manungsa…”. (Ali Imran:140)
Ayat punika paring kabar
bilih Allah panci nggilir gumantekaken wekdal dhumateng sedaya manungsa. Wonten
wekdalipun nampi ingkang ngremenaken lan wonten wekdalipun nampi ingkang
nyusahaken. Sedaya dipun gilir kados roda ingkang ngglinding.
Jamaah jumah rahimakumullah
Mila menawi kula lan
panjenengan yakin dhumateng takdir lan kersa sabar nalika nampi pacoben, estu
gesang punika raosipun gampil. Mugi Allah tansah paring tambahing iman
dhumateng kula lan panjenengan, satemah saget ngraosken panggesangan punika
kanthi gampil. Amiin.
أَقُوْلُ
قَوْلِي هَذَا وَاسْتَغْفِرُ
اللهَ لِي وَلَكُمْ
وَلِسَائِرِ
المُسْلِمِيْنَ
إِنَّهُ هُوَ السَمِيْعُ
العَلِيْمُ
Khutbah Kaping Kalih
الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ
وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ
وَأَشْهَدُ
أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا
عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ
آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ
مُسْلِمُونَ
إِنَّ
اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا
صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا
اَللَّهُمَّ
صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَقَرَابَتِهِ
وَأَزْوَاجِهِ وَذُرِّيَّاتِهِ أَجْمَعِيْنَ
اَللَّهُمَّ
اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ
مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ
اللَّهُمَّ
أَنْتَ اللَّهُ لَا إِلَهَ إِلَّا أَنْتَ. أَنْتَ الْغَنِيُّ وَنَحْنُ الْفُقَرَاءُ
اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى
رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا
رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ
Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat singkat berbahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini :
إرسال تعليق