Teks Khutbah Jumat Singkat

Miyosipun Manungsa Tinuladha

Nabi Muhammad

Ustadz  Wismanto

 

Khutbah Awal

إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِينُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا وَ مِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِ اللَّهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِىَ لَهُ, وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ, اللّهُمَّ صَلِّ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ, يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ


Jamaah jumah rahimakumullah

Sumangga tansah munjuk syukur dhumateng Allah Ta’ala ingkang tansah paring rahmat taufik sarta hidayah dhumateng kula lan panjenengan. Shalawat ugi salam mugi tansah katetepaken dhumateng nabi Muhammad SAW ingkang tansah kita tengga syafaatipun wonten ing dinten kiyamah.

Jamaah jumah rahimakumullah

Wonten kesempatan khutbah siang punika khatib wasiat sumangga tansah ningkataken taqwa dhumateng Allah kanti nindakaken dhawuhipun lan nebihi awisanipun. Mugi kanti taqwa Allah tansah paring kamulyan fiddunya wal akhirah. Amiin.

Jamaah jumah rahimakumullah

Nabi Muhammad miyos ing Mekah dinten Senin tanggal 12 wulan Rabiul Awal warsa Gajah utawi 20 April 571 Masehi. Dipun sebat warsa gajah amargi ing tahun miyosipun Muhammad wonten pasukan gajah saking nagari Yaman ingkang dipun pandegani dening Abrahah badhe ngrubuhaken ka’bah kados kaserat ing al-quran  surat Al- Fiil.   Ibunipun Muhammad asma Aminah, dene ramanipun asma Abdullah. Kang rama sampun tilar dunya rikala Muhammad tasih wonten kandungan, lan ibunipun tilar dunya rikala Muhammad umur 6 tahun. Muhammad yatim piatu lajeng dipun momong simbah kakungipun asma Abdul Mutthalib. Nembe 2 tahun, simbah kakungipun ugi tilar dunya lajeng Muhammad dipun momong bapa pamanipun ingkang asma Abu Thalib.

 

Jamaah jumah rahimakumullah

Wiwit nderek bapa pamanipun, Muhammad sampun mandiri malah asring caos pambiyantu ing pakaryanipun Abu Thalib, kadosdene angen mendo, dedagangan lan sakpiturutipun. Muhammad lajeng kawentar dados lare ingkang temen, jujur, prigel lan anggadahi unggah ungguh ingkang minulya. Sahingga sedaya warga masyarakat paring paraban “al- amin” piyayi ingkang pinitados.

 

Umur 25 tahun Muhammad mbangun bale gegriya daup kaliyan Khadijah. Khadijah menika garwa ingkang shalihah, bekti dateng kang garwa lan remen caos pambiyantu dumateng sedaya pakaryanipun Muhammad. Muhammad pakaryanipun ngemong  masyarakat, tetulung dateng sesami gesang lan ajak- ajak dateng margi kesaenan.

Yuswa 40 tahun muhammad pikantuk wahyu saking Allah SWT wonten ing gua hira,  lajeng dipun utus pinangka nabi lan rasul ingkang pungkasan. Allah ngutus Muhammad SAW dados nabi lan rasul ingkang pungkasan menika pinangka bukti bilih panjenengangipun Allah estu welas asih dumateng umat manungsa. Ngedika Allah:

وَمَآ اَرْسَلْنٰكَ اِلَّا رَحْمَةً لِّلْعٰلَمِيْنَ

“Lan ingsun ora ngutus sira, kejaba supaya dadi rahmat marang alam jagat raya” (Qs. Al- Anbiya: 107)

Jamaah jumah rahimakumullah

Muhammad dipun utus supados ngajak manungsa ing ndalem agami tauhid injih menika islam. Islam tegesipun tunduk lan patuh dumateng Allah SWT. Islam ngajak sedaya manungsa tumuju pangibadahan ingkang leres, manembah namung dumatheng Allah SWT lan nilaraken sedaya kemusyrikan ing ndalem pangibadahan. Ngendika Allah:

وَلَقَدْ اُوْحِيَ اِلَيْكَ وَاِلَى الَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِكَۚ لَىِٕنْ اَشْرَكْتَ لَيَحْبَطَنَّ عَمَلُكَ وَلَتَكُوْنَنَّ مِنَ الْخٰسِرِيْنَ

 “Lan temen wus kawahyoake marang sira Muhammad lan marang rasul sadurungenira, menawa sira nyekutoake Allah (musyrik) temen bakal lebur kabeh amalira, lan temen sira bakal dadi golongane wong- wong kang padha rugi”. (Az Zumar: 65)

Jamaah jumah rahimakumullah

Nabi Muhammad SAW menika saksampurna-sampurnanipun manungsa lan sakmulya-mulyanipun utusan Allah SWT. Panjenenganipun ugi ingkang paling edi peni pasuryanipun, paling inggil pekertinipun. , lan paling ageng jasanipun dhumateng kula lan panjenengan sami. Nabi Muhammad SAW menika utusanipun Allah SWT ingkang paling sabar, paling asih dhateng umatipun lan paling kathah pendherekipun tinimbang sedaya nabi sanesipun. Ngendika Allah:

وَاِنَّكَ لَعَلٰى خُلُقٍ عَظِيْمٍ

Lan satemene sira iku kadunungan budi pekerti kang luhur”. (Qs. Al Qalam: 4)

Jamaah jumah rahimakumullah

Mekaten seperangan kisah miyosipun nabi Muhammad SAW ingkang khatib aturaken wonten ing mimbar khutbah jumat siang menika. Mugi- mugi kanthi sinau sejarah ingkang minulya punika kita sedaya langkung kenal dumateng kanjeng nabi Muhammad SAW. Ing pangajab mugi Allah SWT tansah paring hidayah dumateng kita sedaya sahingga kita saget cecepengan dumateng pitedahipun kanjeng nabi Muhammad SAW, lan saget istiqamah nindakaken sedaya tuntunanipun.

أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَاسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ المُسْلِمِيْنَ إِنَّهُ هُوَ السَمِيْعُ العَلِيْمُ

Khutbah Kaping Kalih

الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ

وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

إِنَّ اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا

اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَقَرَابَتِهِ وَأَزْوَاجِهِ وَذُرِّيَّاتِهِ أَجْمَعِيْنَ

اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ

اللَّهُمَّ أَنْتَ اللَّهُ لَا إِلَهَ إِلَّا أَنْتَ. أَنْتَ الْغَنِيُّ وَنَحْنُ الْفُقَرَاءُ

اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا

رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ

 

 Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat   singkat berbahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini :



Post a Comment

Lebih baru Lebih lama