Teks Khutbah Jumat Singkat
Miyosipun
Manungsa Tinuladha
Nabi Muhammad
ﷺ
Ustadz Wismanto
Khutbah Awal
إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ
وَنَسْتَعِينُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا وَ
مِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِ اللَّهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ
يُضْلِلْ فَلاَ هَادِىَ لَهُ, وَأَشْهَدُ
أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ
مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ, اللّهُمَّ
صَلِّ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ
إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ, يَا أَيُّهَا
الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ
مُسْلِمُونَ
Jamaah jumah rahimakumullah
Sumangga tansah munjuk
syukur dhumateng Allah Ta’ala ingkang tansah paring rahmat
taufik sarta hidayah dhumateng kula lan panjenengan. Shalawat ugi salam mugi
tansah katetepaken dhumateng nabi Muhammad SAW ingkang tansah kita tengga syafaatipun wonten ing
dinten kiyamah.
Jamaah jumah rahimakumullah
Wonten kesempatan khutbah siang punika khatib wasiat
sumangga tansah ningkataken taqwa dhumateng Allah kanti
nindakaken dhawuhipun lan nebihi awisanipun. Mugi kanti taqwa Allah
tansah paring kamulyan fiddunya wal akhirah. Amiin.
Jamaah jumah rahimakumullah
Nabi Muhammad miyos ing Mekah dinten Senin
tanggal 12 wulan Rabiul Awal warsa Gajah utawi 20 April 571
Masehi. Dipun sebat warsa gajah amargi ing tahun
miyosipun Muhammad wonten pasukan gajah saking nagari Yaman ingkang dipun
pandegani dening Abrahah badhe ngrubuhaken ka’bah kados kaserat ing
al-quran surat Al- Fiil. Ibunipun
Muhammad asma Aminah, dene ramanipun asma Abdullah. Kang rama sampun tilar dunya rikala Muhammad tasih wonten
kandungan, lan ibunipun tilar dunya rikala Muhammad umur 6 tahun.
Muhammad yatim piatu lajeng dipun momong simbah kakungipun asma Abdul Mutthalib.
Nembe 2 tahun, simbah kakungipun ugi tilar dunya lajeng Muhammad
dipun momong bapa pamanipun ingkang asma Abu
Thalib.
Jamaah jumah rahimakumullah
Wiwit nderek bapa pamanipun, Muhammad sampun
mandiri malah asring caos pambiyantu ing pakaryanipun Abu Thalib, kadosdene angen mendo,
dedagangan lan sakpiturutipun. Muhammad lajeng kawentar
dados lare ingkang temen, jujur, prigel lan anggadahi unggah ungguh ingkang
minulya. Sahingga sedaya warga masyarakat paring paraban
“al- amin” piyayi ingkang pinitados.
Umur 25 tahun Muhammad mbangun bale gegriya daup
kaliyan Khadijah. Khadijah menika garwa ingkang shalihah,
bekti dateng kang garwa lan remen caos pambiyantu dumateng sedaya pakaryanipun Muhammad.
Muhammad pakaryanipun ngemong
masyarakat, tetulung dateng sesami gesang lan ajak- ajak
dateng margi kesaenan.
Yuswa 40 tahun muhammad pikantuk
wahyu saking Allah SWT wonten ing gua hira, lajeng dipun utus pinangka nabi lan rasul ingkang
pungkasan. Allah ngutus Muhammad SAW dados nabi lan rasul
ingkang pungkasan menika pinangka bukti bilih panjenengangipun Allah estu welas
asih dumateng umat manungsa. Ngedika Allah:
وَمَآ اَرْسَلْنٰكَ اِلَّا رَحْمَةً
لِّلْعٰلَمِيْنَ
“Lan ingsun ora ngutus sira, kejaba supaya dadi rahmat marang alam jagat
raya” (Qs. Al- Anbiya: 107)
Jamaah jumah rahimakumullah
Muhammad dipun utus supados ngajak manungsa ing ndalem agami tauhid injih menika islam. Islam
tegesipun tunduk lan patuh dumateng Allah SWT. Islam ngajak sedaya manungsa
tumuju pangibadahan ingkang leres, manembah namung dumatheng Allah SWT lan
nilaraken sedaya kemusyrikan ing ndalem pangibadahan. Ngendika Allah:
وَلَقَدْ اُوْحِيَ اِلَيْكَ وَاِلَى
الَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِكَۚ لَىِٕنْ اَشْرَكْتَ لَيَحْبَطَنَّ عَمَلُكَ
وَلَتَكُوْنَنَّ مِنَ الْخٰسِرِيْنَ
“Lan temen wus kawahyoake marang
sira Muhammad lan marang rasul sadurungenira, menawa sira nyekutoake Allah
(musyrik) temen bakal lebur kabeh amalira, lan temen sira bakal dadi golongane
wong- wong kang padha rugi”. (Az Zumar: 65)
Jamaah jumah rahimakumullah
Nabi
Muhammad SAW menika saksampurna-sampurnanipun manungsa lan sakmulya-mulyanipun
utusan Allah SWT. Panjenenganipun ugi ingkang paling edi peni pasuryanipun,
paling inggil pekertinipun. , lan paling ageng jasanipun dhumateng kula lan
panjenengan sami. Nabi Muhammad SAW menika utusanipun Allah SWT ingkang paling
sabar, paling asih dhateng umatipun lan paling kathah pendherekipun tinimbang
sedaya nabi sanesipun. Ngendika Allah:
وَاِنَّكَ لَعَلٰى خُلُقٍ عَظِيْمٍ
“Lan satemene sira iku kadunungan budi pekerti
kang luhur”. (Qs. Al Qalam: 4)
Jamaah jumah rahimakumullah
Mekaten seperangan kisah
miyosipun nabi Muhammad SAW ingkang khatib aturaken wonten ing mimbar khutbah
jumat siang menika. Mugi- mugi kanthi sinau sejarah ingkang minulya punika kita
sedaya langkung kenal dumateng kanjeng nabi Muhammad SAW. Ing pangajab mugi
Allah SWT tansah paring hidayah dumateng kita sedaya sahingga kita saget
cecepengan dumateng pitedahipun kanjeng nabi Muhammad SAW, lan saget istiqamah
nindakaken sedaya tuntunanipun.
أَقُوْلُ
قَوْلِي
هَذَا
وَاسْتَغْفِرُ
اللهَ
لِي
وَلَكُمْ
وَلِسَائِرِ
المُسْلِمِيْنَ
إِنَّهُ
هُوَ
السَمِيْعُ
العَلِيْمُ
Khutbah
Kaping Kalih
الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ
عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ
وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ
وَأَشْهَدُ
أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا
عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ
آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ
مُسْلِمُونَ
إِنَّ
اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا
صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا
اَللَّهُمَّ
صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَقَرَابَتِهِ
وَأَزْوَاجِهِ وَذُرِّيَّاتِهِ أَجْمَعِيْنَ
اَللَّهُمَّ
اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ
مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ
اللَّهُمَّ
أَنْتَ اللَّهُ لَا إِلَهَ إِلَّا أَنْتَ. أَنْتَ الْغَنِيُّ وَنَحْنُ الْفُقَرَاءُ
اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى
رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا
رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ
إرسال تعليق