Teks Khutbah Jumat Singkat
Rawuhipun Ramadhan, Wulan Maghfirah
Ustadz
Wismanto,S.Pd.I
Khutbah Awal
الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا
كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللَّهُ
أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّاللهُ وَحْدَهُ لاَ
شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ
اَللَّهُمّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلى مُحَمّدٍ وَعَلى آلِهِ وأَصْحَابِهِ وَمَنْ
تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن
فَيَا أَيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ. اِتَّقُوا اللهَ
حَقَّ تُقَاتِهِ فَقَالَ اللهُ تَعَالَى
يَا أَيُّهَا
الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ
مُسْلِمُونَ
Jamaah
jumah rahimakumullah
Puji syukur mugi tansah
kunjuk dhumateng Allah Ta’ala ingkang tansah paring rahmat, taufiq
sarta hidayah dhumateng kula lan
panjenengan satemah ing siang punika kula lan panjenengan saget pinanggih
wonten majelis ingkang minulya kanthi kebak kawilujengan.
Shalawat ugi salam mugi
tansah katetepaken dhumateng nabi agung Muhammad SAW ingkang tansah kula lan panjenengan tengga syafaatipun wonten ing dinten akhir. Amin.
Jamaah
jumah rahimakumullah
Wonten mimbar khutbah siang punika khatib wasiat sumangga tansah ningkataken taqwa dhumateng Allah kanti
nindakaken dhawuhipun lan nebihi sedaya awisanipun. Mugi kanti taqwa Allah SWT tansah paring
kamulyan panggesangan wiwit ing donya ngantos dumugi akhirat. Amiin.
Jamaah
jumah rahimakumullah
Wulan
Ramadhan estu badhe rawuh, Ramadhan mujudaken wulan agung ingkang kebak kautaman. Salah
setunggal kautaman wonten ing wulang ramadhan inggih punika katahipun maghfirah
utawi ampunan, mila wulan ramadhan asring dipun sebat wulan maghfirah.
Artosipun ing wulan punika Allah badhe paring ampunan dhumateng para
kawulanipun ingkang kersa taubat lan nindhakaken amal kesaenan.
Dipun akeni punapa mboten,
mesthi kula lan panjenengan nate nglampahi kalepatan- kalepatan ing rinten
utawi dalu. Kalepatan ingkang sampun kalampah punika saget dados sebab
kaseratipun dosa- dosa wonten ing catatan amal kula lan panjenengan. Ananging
kanthi Maha Welas lan Asihipun Allah dhumateng para kawulanipun, Allah
nyawisaken ampunan dhumateng sedaya kawula ing wulan suci ramadhan.
Jamaah
jumah rahimakumullah
Mila punapa kemawon ingkang
kedhah kula lan panjenengan lampahi supados Allah paring magfirah ing wulan
suci ramadhan?
1.
Nindhakaken shiyam ramadhan.
Ngendika rasulullah SAW:
مَنْ صَامَ رَمَضَانَ إِيمَانًا وَاحْتِسَابًا غُفِرَ لَهُ مَا تَقَدَّمَ
مِنْ ذَنْبِهِ
“Sing sapa wonge pasa
ramadhan kanthi iman lan ihtisab (ngarep-arep ganjaran) mula Allah bakal
ngapura kabeh dosane sing wus kapungkur” (HR. Bukhari lan Muslim)
Anaging shiyam kados pundi
ingkang saget nglebur dosa punika? Punapa shiyam rutinitas formalitas tahunan
kemawon? Shiyam amargi ngumumi tangga tepalih kemawon?.
Shiyam ingkang saget
ndumugiaken maghfirah sanes kados ingkang kasebat ing nginggil. Ananging shiyam
ingkang dipun kantheni niyat ikhlas badhe manembah wonten ngarsanipun Allah
SWT. Shiyam ingkang dipun lampahi kanthi miderek sedaya tuntunan rukun lan syaratipun.
Shiyam ingkang dipun lampahi kanthi nebihi sedaya perkawis ingkang saget
ngrisak napa malih mbatalaken shiyam. Mila prayoginipun niyatan shiyam tansah
dipun lempengaken ampun ngantos melenceng lan nalingsir mekaten ugi tatacara
nggayuh sampurnanipun shiyam ugi tansah dipun gatosaken.
2.
Nindhakaken shalat tarawih
Ngendika rasulullah:
مَنْ قَامَ رَمَضَانَ إِيمَانًا وَاحْتِسَابًا غُفِرَ لَهُ مَا تَقَدَّمَ
مِنْ ذَنْبِهِ
“Sing sapa wonge salat wengi
(tarawih) kanthi iman lan ihtisab mula Allah bakal ngapura kabeh dosane sing
wus kapungkur” (HR.Bukhari lan Muslim).
Miterat Imam An- Nawawi lan
sanesipun bilih salah setunggal kautaman shalat tarawih punika saget nglebur
dosa- dosa.
Salat tarawih punika sanes
pedamelan ingkang awrat lan mboten mbetahaken wekdal ingkang dangu. Kepara
kathah sanget lare- lare alit ingkang kiyat nderek salat tarawih wonten ing
masjid- masjid, punika bukti bilih salat tarawih saget dipun tindhakaken sinten
kemawon. Saksanesipun punika biasanipun salat tarawih namung katindhakaken
sekitar 30 menit punapa malih menawi surat ingkang dipun waos imam namung
pendek mila saget tambah cepet rampungipun. Sedaya kalawau bukti bilih salat
tarawih punika saget dipun lampahi sinten kemawon lan mboten wonten alasan
nilaraken shalat punika. Mila lumrahipun kula lan panjenengan sedaya remen,
semangat nglampahi ibadah ingkang agung punika.
Jamaah
jumah rahimakumullah
Pungkasaning atur sumangga
tansah semangat nindhakaken sedaya amal ibadah ing wulan Ramadhan ingkang badhe dhateng, mugi kula lan panjenengan kalebet kawulanipun
Allah ingkang tansah pinaringan maghfirah. Amiin.
أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَاسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ المُسْلِمِيْنَ إِنَّهُ هُوَ السَمِيْعُ العَلِيْمُ
Khutbah Kaping Kalih
الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ
وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ
اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ
تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ
إِنَّ اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ
يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا
تَسْلِيمًا
اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ
وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَقَرَابَتِهِ وَأَزْوَاجِهِ
وَذُرِّيَّاتِهِ أَجْمَعِيْنَ
اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ
وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ،
إِنَّكَ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ
اللَّهُمَّ أَنْتَ اللَّهُ لَا
إِلَهَ إِلَّا أَنْتَ. أَنْتَ الْغَنِيُّ وَنَحْنُ الْفُقَرَاءُ
اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى
رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا
رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ
Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat singkat berbahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini :
إرسال تعليق