Teks Khutbah Jumat Singkat

Nggayuh Agungipun Lailatul Qadar

Ustadz Wismanto,S.Pd.I

 

Khutbah Awal

الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللَّهُ

أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ

اَللَّهُمّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلى مُحَمّدٍ وَعَلى آلِهِ وأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن

فَيَا أَيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ. اِتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ فَقَالَ اللهُ تَعَالَى

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

 

Jamaah jumah rahimakumullah

Puji syukur mugi tansah kunjuk dhumateng Allah Ta’ala ingkang tansah paring rahmat, taufiq sarta hidayah dhumateng kula lan panjenengan satemah ing siang punika kula lan panjenengan saget pinanggih wonten majelis ingkang minulya kanthi kebak kawilujengan.

Shalawat ugi salam mugi tansah katetepaken dhumateng nabi agung Muhammad ingkang tansah kula lan panjenengan tengga syafaatipun wonten ing dinten akhir. Aamiin.

Jamaah  jumah rahimakumullah

Wonten mimbar khutbah siang punika khatib wasiat sumangga tansah ningkataken taqwa dhumateng Allah kanti nindakaken dhawuhipun lan nebihi sedaya awisanipun. Mugi kanti taqwa Allah SWT tansah paring kamulyan panggesangan wiwit ing donya ngantos dumugi akhirat. Aamiin.

 

Jamaah jumah rahimakumullah

Awit rahmatipun Allah Ta’ala kita sedaya saget nindakaken ibadah ramadhan ngantos dumugi dinten punika. Sekedap  malih kita sedaya bade lumebet wonten sak protigan akhir ramadhan. Wonten sedasa akhir ramadhan  Allah nyawisaken setunggal kautaman ingkang agung sanget inggih punika lailatul qadar. Lailatul qadar mujudaken setunggal dalu ingkang dipun mulyaaken Allah Ta’ala tinimbang dalu- dalu sanesipun. Allah ngendika :

اِنَّآ اَنْزَلْنٰهُ فِيْ لَيْلَةِ الْقَدْرِ –وَمَآ اَدْرٰىكَ مَا لَيْلَةُ الْقَدْرِۗ - لَيْلَةُ الْقَدْرِ ەۙ خَيْرٌ مِّنْ اَلْفِ شَهْرٍۗ

“Satemene ingsun Allah wus nurunake (Al-Quran) ana ing wengi kamulyan. Lan sira (Muhammad) sumurup ora, apa wengi kamulyan iku?. Wengi kamulyan iku luwih utama tinimbang sewu wulan... (QS. Al Qadar 1-3)

Muhammad bin Shalih Al Utsaimin ngendiko: Arti al qadar yaiku Kamulyan lan pengagungan utawa ketetapan lan keputusan. Disebut mengkono iku amarga wengi iku wengi sing agung lan minulya. Ana ing wengi iku Allah Ta’ala nakdirake lan netepake apa wae kang bakal kedadeyan ana ing wektu setahun kang bakal tumeka. (Majaalis Syahri Ramadhan : 284)

Mujahid ngendikaaken: “lailatul qadar luwih utama tinimbang 1000 wulan maksude, amalan puasa lan shalat wengi sing ditindakake ana ing wengi iku luwih utama tinimbang 1000 wulan”.

An Nakhoi ngendika: “Amalan ana ing lailatul qadar luwih utama tinimbang amalan 1000 wulan.”

Jamaah jumah rahimakumullah

Kapan lailatul qadar punika??

Lailatul qadar bade dumugi wonten wengi- wengi 10 akhir wulan ramadhan kados pangandikanipun rasulullah :

تَحَرَّوْا لَيْلَةَ الْقَدْرِ فِى الْعَشْرِ الأَوَاخِرِ مِنْ رَمَضَانَ

Sira goleka lailatul qadar iku ana ing sepuluh wengi akhir wulan Ramadhan.” (HR. Bukhari no. 2020,  Muslim no. 1169).

Nabi shallallahu ‘alaihi wa sallam ugi ngendika:

تَحَرَّوْا لَيْلَةَ الْقَدْرِ فِى الْوِتْرِ مِنَ الْعَشْرِ الأَوَاخِرِ مِنْ رَمَضَانَ

Sira goleka lailatul qadar iku ana ing wengi- wengi ganjil seka sepuluh akhir ramadhan.” (HR. Bukhari no. 2017).

Kapan tanggal pasti lailatul qadar punika?

Wonten ing kitab fathul bari, Ibnu Hajar Al Asqolani rahimahullah sampun nyebataken 40 pemanggih para ulama wonten ing masalah punika. Pemanggih ingkang paling kiat, lailatul qadar punika kedadosan wonten ing wengi ganjil saking 10 akhir wulan ramadhan lan wekdalipun pindah- pindah saben tahunipun.

Jamaah jumah rahimakumullah

Amalan punapa ingkang kedah dipun tindakaken wonten ing lailatul qadar?

Muhammad bin Shalih Al Utsaimin ngendika; ana ing wengi iku supaya kaum muslimin nindakake shalat sunnah, dzikir lan doa sahingga bisa tambah celak marang Allah lan uga pinaringan pahala kang agung. (Majaalis Syahri Ramadhan; 289).

Wonten setunggal riwayat, Aisyah radhiallahu ‘anha nate nyuwun pirsa dumateng Rasulullah babagan amalan wonten ing lailatul qadar, lajeng Rasulullah dawuh supados Aisyah maos doa:

إِنَّكَ عَفُوٌّ تُحِبُّ الْعَفْوَ فَاعْفُ عَنِّي  اللَّهُمَّ

Duh Allah sejatosipun panjenengan punika Maha Ngapura lan tresna dhumateng tiyang- tiyang ingkang nyuwun pangapura, mila mugi panjenengan paring pangapura dhumateng kula” (HR. Tirmizi)

Jamaah jumah rahimakumullah

Cekak aosipun sumangga kula lan panjenegan tansah sengkuyung/ semangat nindhakaken sedaya rerangken ibadah ing wulan Ramadhan punika.

Mugi Allah tansah paring rahmat satemah kula lan panjenegan saget pinanggih lailatul qadar ingkang agung lan minulya. Aamiin yaa rabbal ‘alamiin.

أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَاسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ المُسْلِمِيْنَ إِنَّهُ هُوَ السَمِيْعُ العَلِيْمُ

Khutbah Kaping Kalih

الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ

وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

إِنَّ اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا

اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَقَرَابَتِهِ وَأَزْوَاجِهِ وَذُرِّيَّاتِهِ أَجْمَعِيْنَ

اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ

اللَّهُمَّ أَنْتَ اللَّهُ لَا إِلَهَ إِلَّا أَنْتَ. أَنْتَ الْغَنِيُّ وَنَحْنُ الْفُقَرَاءُ

اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا

رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ

 

Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat   singkat berbahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini :


Post a Comment

Lebih baru Lebih lama