Teks Khutbah Jumat Singkat
Nggayuh Agungipun Lailatul Qadar
Ustadz
Wismanto,S.Pd.I
Khutbah Awal
الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا
كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللَّهُ
أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّاللهُ وَحْدَهُ لاَ
شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ
اَللَّهُمّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلى مُحَمّدٍ وَعَلى آلِهِ وأَصْحَابِهِ وَمَنْ
تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن
فَيَا أَيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ. اِتَّقُوا اللهَ
حَقَّ تُقَاتِهِ فَقَالَ اللهُ تَعَالَى
يَا أَيُّهَا
الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ
مُسْلِمُونَ
Jamaah jumah rahimakumullah
Puji syukur mugi tansah
kunjuk dhumateng Allah Ta’ala ingkang tansah paring rahmat, taufiq
sarta hidayah dhumateng kula lan
panjenengan satemah ing siang punika kula lan panjenengan saget pinanggih
wonten majelis ingkang minulya kanthi kebak kawilujengan.
Shalawat ugi salam mugi
tansah katetepaken dhumateng nabi agung Muhammad ﷺ ingkang tansah kula lan
panjenengan tengga syafaatipun wonten ing dinten akhir. Aamiin.
Jamaah jumah rahimakumullah
Wonten mimbar khutbah siang punika khatib wasiat sumangga tansah ningkataken taqwa dhumateng Allah kanti
nindakaken dhawuhipun lan nebihi sedaya awisanipun. Mugi kanti taqwa Allah SWT tansah paring
kamulyan panggesangan wiwit ing donya ngantos dumugi akhirat. Aamiin.
Jamaah jumah rahimakumullah
Awit rahmatipun Allah Ta’ala
kita sedaya saget nindakaken ibadah ramadhan ngantos dumugi dinten punika. Sekedap
malih kita sedaya bade lumebet wonten sak
protigan akhir ramadhan. Wonten sedasa akhir ramadhan Allah nyawisaken setunggal kautaman ingkang
agung sanget inggih punika lailatul qadar. Lailatul qadar mujudaken setunggal
dalu ingkang dipun mulyaaken Allah Ta’ala tinimbang dalu- dalu sanesipun. Allah
ngendika :
اِنَّآ اَنْزَلْنٰهُ
فِيْ لَيْلَةِ الْقَدْرِ –وَمَآ اَدْرٰىكَ مَا لَيْلَةُ الْقَدْرِۗ - لَيْلَةُ
الْقَدْرِ ەۙ خَيْرٌ مِّنْ اَلْفِ شَهْرٍۗ
“Satemene ingsun Allah wus nurunake (Al-Quran) ana ing wengi kamulyan. Lan sira (Muhammad) sumurup ora, apa wengi kamulyan iku?. Wengi kamulyan iku luwih utama tinimbang sewu wulan... (QS. Al Qadar 1-3)
Muhammad bin
Shalih Al Utsaimin ngendiko: Arti al qadar
yaiku Kamulyan lan pengagungan utawa ketetapan lan keputusan. Disebut mengkono iku amarga wengi iku wengi sing agung lan minulya. Ana ing wengi iku Allah Ta’ala nakdirake lan netepake apa wae kang
bakal kedadeyan ana ing wektu setahun kang bakal tumeka.
(Majaalis Syahri Ramadhan : 284)
Mujahid
ngendikaaken: “lailatul qadar luwih utama tinimbang 1000 wulan maksude, amalan puasa lan shalat wengi sing
ditindakake ana ing wengi iku luwih utama tinimbang 1000 wulan”.
An
Nakhoi ngendika: “Amalan ana ing lailatul qadar luwih utama tinimbang amalan 1000 wulan.”
Jamaah
jumah rahimakumullah
Kapan lailatul qadar punika??
Lailatul qadar bade dumugi wonten wengi- wengi 10
akhir wulan ramadhan kados pangandikanipun rasulullah ﷺ :
تَحَرَّوْا لَيْلَةَ الْقَدْرِ فِى الْعَشْرِ الأَوَاخِرِ
مِنْ رَمَضَانَ
“Sira goleka lailatul qadar iku ana ing sepuluh wengi akhir wulan Ramadhan.” (HR. Bukhari no. 2020, Muslim
no. 1169).
Nabi shallallahu ‘alaihi wa
sallam ugi ngendika:
تَحَرَّوْا لَيْلَةَ الْقَدْرِ فِى الْوِتْرِ مِنَ الْعَشْرِ
الأَوَاخِرِ مِنْ رَمَضَانَ
“Sira goleka lailatul qadar iku ana ing wengi- wengi ganjil seka sepuluh akhir ramadhan.” (HR. Bukhari no. 2017).
Kapan tanggal pasti lailatul qadar punika?
Wonten ing kitab fathul bari, Ibnu Hajar Al
Asqolani rahimahullah sampun nyebataken 40 pemanggih para
ulama wonten ing masalah punika. Pemanggih ingkang paling
kiat, lailatul qadar punika kedadosan wonten ing wengi
ganjil saking 10 akhir wulan ramadhan lan wekdalipun pindah- pindah saben
tahunipun.
Jamaah
jumah rahimakumullah
Amalan punapa ingkang kedah dipun tindakaken wonten ing lailatul qadar?
Muhammad bin Shalih Al
Utsaimin ngendika; ana ing wengi iku supaya kaum muslimin nindakake shalat sunnah, dzikir lan doa
sahingga bisa tambah celak marang Allah lan uga pinaringan pahala kang agung. (Majaalis Syahri Ramadhan;
289).
Wonten setunggal riwayat,
Aisyah radhiallahu ‘anha nate nyuwun pirsa dumateng Rasulullah babagan amalan
wonten ing lailatul qadar, lajeng Rasulullah ﷺ dawuh supados
Aisyah maos doa:
إِنَّكَ
عَفُوٌّ تُحِبُّ الْعَفْوَ فَاعْفُ عَنِّي اللَّهُمَّ
“ Duh Allah sejatosipun panjenengan punika
Maha Ngapura lan tresna dhumateng tiyang- tiyang ingkang nyuwun pangapura, mila mugi panjenengan paring pangapura dhumateng kula” (HR. Tirmizi)
Jamaah
jumah rahimakumullah
Cekak aosipun sumangga kula
lan panjenegan tansah sengkuyung/ semangat nindhakaken sedaya rerangken ibadah
ing wulan Ramadhan punika.
Mugi Allah tansah paring
rahmat satemah kula lan panjenegan saget pinanggih lailatul qadar ingkang agung
lan minulya. Aamiin yaa rabbal ‘alamiin.
أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَاسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ المُسْلِمِيْنَ إِنَّهُ هُوَ السَمِيْعُ العَلِيْمُ
Khutbah Kaping Kalih
الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ
وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ
شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ
يَا أَيُّهَا
الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا
وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ
إِنَّ اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ،
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا
اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ
وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَقَرَابَتِهِ وَأَزْوَاجِهِ وَذُرِّيَّاتِهِ أَجْمَعِيْنَ
اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ
وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ
قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ
اللَّهُمَّ أَنْتَ اللَّهُ لَا إِلَهَ إِلَّا أَنْتَ.
أَنْتَ الْغَنِيُّ وَنَحْنُ الْفُقَرَاءُ
اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى
رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا
رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ
Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat singkat berbahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini :
إرسال تعليق