Teks Khutbah Jumat Singkat
Ramadhan Wulan Al Qur’an
Ustadz
Wismanto,S.Pd.I
Khutbah Awal
الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا
كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللَّهُ
أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّاللهُ وَحْدَهُ لاَ
شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ
اَللَّهُمّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلى مُحَمّدٍ وَعَلى آلِهِ وأَصْحَابِهِ وَمَنْ
تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن
فَيَا أَيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ. اِتَّقُوا اللهَ
حَقَّ تُقَاتِهِ فَقَالَ اللهُ تَعَالَى
يَا أَيُّهَا
الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ
مُسْلِمُونَ
Jamaah
jumah rahimakumullah
Puji syukur mugi tansah
kunjuk dhumateng Allah Ta’ala ingkang tansah paring rahmat, taufiq
sarta hidayah dhumateng kula lan
panjenengan satemah ing siang punika kula lan panjenengan saget pinanggih
wonten majelis ingkang minulya kanthi kebak kawilujengan.
Shalawat ugi salam mugi
tansah katetepaken dhumateng nabi agung Muhammad SAW ingkang tansah kula lan panjenengan tengga syafaatipun wonten ing dinten akhir. Amin.
Jamaah
jumah rahimakumullah
Wonten mimbar khutbah siang punika khatib wasiat sumangga tansah ningkataken taqwa dhumateng Allah kanti
nindakaken dhawuhipun lan nebihi sedaya awisanipun. Mugi kanti taqwa Allah SWT tansah paring
kamulyan panggesangan wiwit ing donya ngantos dumugi akhirat. Aamiin.
Jamaah
jumah rahimakumullah
Ramadhan
punika asring dipun sebat syahrul quran: Wulan Al- Quran amargi wonten ing
wulan punika Allah nurunaken kitab suci pungkasan inggih punika Al- Quran. Al-
quran punika sanes buku ingkang dipun serat dening setunggal tokoh, doktor
utawi professor, ananging al- quran punika kitab suci wahyunipun Allah SWT. Ngendika
Allah:
شَهْرُ رَمَضَانَ الَّذِيْٓ
اُنْزِلَ فِيْهِ الْقُرْاٰنُ هُدًى لِّلنَّاسِ وَبَيِّنٰتٍ مِّنَ الْهُدٰى
وَالْفُرْقَانِۚ
“Sasi
Ramadhan, kang kanggo nurunake al- quran, al- quran iku dadi pituduh marang
para manungsa lan luwih cethaning pituduh lan dadi panyilahing prakara…” (Al-
Baqarah;185).
Ibnu
katsir ngendika: “Allah muji wulan ramadhan amarga wulan iku wulan minulya,
wulan kang pinilih kanggo nurunake kitab suci al- quran. Allah uga milih wulan
ramadahan kanggo nurunake kitab- kitab suci marang para nabi sakdurunge
Muhammad.”
Abdurahmaan
bin nashir as- sya’di ngendika: “Wulan Ramadhan iku wulan kang pinilih kanggo
nurunake permulaan al- quran. Wulan nalikane sira kabeh bakal pekolah kautaman
kang agung, ing antarane yaiku aguning al- quran. Al- quran diturunke pinangka
kemaslahatan lan kabecikan tumrap sira kabeh”.
Jamaah
jumah rahimakumullah
Rasulullah SAW estu ngajak
para sahabat supados semangat anggenipun sinau al- quran wonten ing wulan
Ramadhan. Ibnu Abbas ngendika:
عَنْ
ابْنِ عَبَّاسٍ قَالَ كَانَ رَسُولُ اللَّهِ صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ
أَجْوَدَ النَّاسِ وَكَانَ أَجْوَدُ مَا يَكُونُ فِي رَمَضَانَ حِينَ يَلْقَاهُ
جِبْرِيلُ وَكَانَ يَلْقَاهُ فِي كُلِّ لَيْلَةٍ مِنْ رَمَضَانَ فَيُدَارِسُهُ
الْقُرْآنَ فَلَرَسُولُ اللَّهِ صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ أَجْوَدُ
بِالْخَيْرِ مِنْ الرِّيحِ الْمُرْسَلَةِ
“Rasulullah iku wong kang
paling loma (dermawan) lan panjenegane iku paling loma ana ing wulan Ramadhan.
Nalika malaikat Jibril nekani Panjenegane, lan Jibril tekan sabe wengi ing
Ramadhan banjur ngajari al- quran. Mula rasulullah iku lomane ngalah- ngalahi
angin kang sumilir.” (HR. Bukhari)
Ibnu Rajab paring
pangandikan ngengingi hadist punika: “Tadarus kang kalampah dening
Panjenganipun Rasulullah lan Jibril iku ana ing wayah wengi, mula saka iku
disunnahake tadarus al- quran ana ing wengi wulan ramadhan” (Lathaif
Al-Ma’arif: 243)
Jamaah
jumah rahimakumullah
Katah sanget tuladha saking
para sahabat ugi para ulama magepokan semangat maos lan nyinau al- quran wonten
ing wulan Ramadhan. Punika seperangan tuladha ingkang khatib aturaken:
1) Sahabat
Utsman bin affan biasanipun maos al- quran ngantos khatam saben dinten ing
wulan Ramadhan. Wonten ing riwayat sanes bilih Utsman bin Affan asring khatam
al- quran wonten ing salat witiripun.
2) Qatadah
Ulama saking kalangan tabiin kagungan pakulinan ngatamaken al- quran saben 7
dinten. Ananging menawi wonten ing Ramadhan piyambakipun khatam saben 3 dinten.
3) Saklajenginpun
setunggal ulama ingkang sanget terkenal inggih punika imam Syafi’i. Ar-Rabi’ bin Sulaiman (muridipun Imam
Syafi’i) ngendika:
كَانَ الشَّافِعِيُّ يَخْتِمُ
القُرْآنَ فِي شَهْرِ رَمَضَانَ سِتِّيْنَ خَتْمَةً
“Imam Syafii khatam al-
quran ana ing wulan Ramadhan kaping 60 “
4) Sufyan
at Tsauri setunggal ulama ingkang ilmunipun setara kaliyan imam madzhab ugi
kagungan pakulinan, menawi Ramadhan rawuh piyambakipun nilaraken sedaya
aktifitas banjur fokus dhateng al- quran
Jamaah
jumah rahimakumullah
Estu ramadhan punika wulan
ingkang kebak kautaman, salah setunggal kautaman ingkang kedahipun kula lan
pajenegan padosi inggih punika al- quran. Mila sumangga kula lan panjenegan
semangat tadarus al- quran wonten ing wulan suci punika. Mugi Allah SWT
andadosaken kula lan panjenegan tiyang- tiyang ingkang pinaringan kamulyan
panggesangan ing dunya lan akhirat. Aamiin.
أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَاسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ المُسْلِمِيْنَ إِنَّهُ هُوَ السَمِيْعُ العَلِيْمُ
Khutbah Kaping Kalih
الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ
وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ
اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ
تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ
إِنَّ اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ
يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا
تَسْلِيمًا
اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ
وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَقَرَابَتِهِ وَأَزْوَاجِهِ
وَذُرِّيَّاتِهِ أَجْمَعِيْنَ
اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ
وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ،
إِنَّكَ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ
اللَّهُمَّ أَنْتَ اللَّهُ لَا
إِلَهَ إِلَّا أَنْتَ. أَنْتَ الْغَنِيُّ وَنَحْنُ الْفُقَرَاءُ
اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى
رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا
رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ
Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat singkat berbahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini :
إرسال تعليق