Teks Khutbah Jumat Singkat
Islam Punika Gampil
Ustadz
Wismanto,S.Pd.I
Khutbah Awal
الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا
كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللَّهُ
أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّاللهُ وَحْدَهُ لاَ
شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ
اَللَّهُمّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلى مُحَمّدٍ وَعَلى آلِهِ وأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ
بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن
فَيَا أَيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ. اِتَّقُوا اللهَ
حَقَّ تُقَاتِهِ فَقَالَ اللهُ تَعَالَى
يَا أَيُّهَا
الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ
مُسْلِمُونَ
Jamaah
jumah rahimakumullah
Puji syukur mugi tansah kunjuk dhumateng Allah Ta’ala ingkang
tansah paring rahmat, taufiq sarta hidayah dhumateng kula lan
panjenengan satemah ing siang punika kula lan panjenengan saget pinanggih
wonten majelis ingkang minulya kanthi kebak kawilujengan.
Shalawat ugi salam mugi tansah katetepaken dhumateng nabi agung
Muhammad SAW ingkang tansah kula
lan panjenengan tengga syafaatipun wonten ing
dinten akhir. Aamin.
Jamaah jumah rahimakumullah
Wonten kesempatan khutbah siang punika khatib wasiat sumangga
tansah ningkataken taqwa dhumateng Allah kanti nindakaken dawuhipun lan nebihi awisanipun. Mugi kanti taqwa Allah
tansah paring kamulyan panggesangan fiddunya wal akhirah. Aamiin.
Jamaah
jumah rahimakumullah
Kula
lan panjenegan kedahipun bersyukur amargi Allah SWT sampun milihkanen syariat
agami ingkang gampil dipun lampahi. Islam agami ingkang paripurna dipun
titahaken Allah SWT tumrap sedaya umat akhir zaman. Salah setunggal ciri
piwucal islam inggih punika al- yusru
utawi gampil dipun lampahi. Ngendika Allah SWT:
وَمَا
جَعَلَ عَلَيْكُمْ فِى الدِّيْنِ مِنْ حَرَجٍۗ مِلَّةَ اَبِيْكُمْ اِبْرٰهِيْمَۗ
“Lan
Panjenegane Allah ora andamel tumrap sira kabeh kerupekan ana ing agama
(islam), kayadene agamane Ramanira Ibrahim…”.
(QS. Al- Hajj:78).
Islam
punika agami ingkang gampil lan mboten nyusahaken sedaya pemelukipun. Wonten
ing bab aqidah, ibadah lan muamalah sedaya saget dipun lampahi kanthi gampil
lan manusiawi. Panci Allah kagungan karsa paring kawilujengan lan kabahagiaan
tumrap sedaya umat manungsa kanthi nurunaken syariat islam pinangka agami
paripurna.
Wonten
ing ayat sanes Allah SWT ngendika:
يُرِيْدُ
اللّٰهُ بِكُمُ الْيُسْرَ وَلَا يُرِيْدُ بِكُمُ الْعُسْرَ
“Lan
Panjenegane Allah ngersaake andamel mayar tumrap sira kabeh lan ora ngersaake
ngrekasa marang sira kabeh…” (QS. Al- Baqarah; 185).
Jamaah jumah rahimakumullah
Gampilipun
islam punika sampun kabuktekaken dening sejarah, bilih sinten kemawon ingkang
cecepengan syariat Islam mesthi manggih gampil ing sedaya lampah
panggesanganipun. Menawi kula lan panjenegan gatosaken kanyata sedaya bab ing
agami islam punika gampil lan saget dipun lampahi.
1.
Sepisan, Ing bab
aqidah.
Aqidah
islam punika cocok sanget kaliyan fitrah manungsa, islam paring piwucal bilih
Allah punika Tuhan ingkang nitahaken , ingkang kagungan lan ingkang ngatur
sedaya makhluk. Namung Allah piyambak ingkang kuasa ngatur alam donya punika,
boten wonten setunggal makhluk kemawon ingkang kagungan kekiatan ngatur- ngatur
alam dunya. Namung Allah ingkang saget paring kawilujengan, paring Kesehatan,
paring rejeki dhumateng sedaya makhlukipun. Lan namung Allah piyambak ingkang
kuasa andamel beja utawi cilaka tumrap sedaya makhlukipun.
2.
Kaping kalih, ing
bab ibadah.
Sedaya
ibadah ing islam punika saget dipun lampahi kanthi gampil. Misalipun salat,
boten wonten manungsa ingkang boten saget nglampahi salat. Islam paring dhawuh
bilih salat boten awrat, menawi boten saget ngalmpahi kanthi jumeneng amargi
nembe kirang sehat mila saget kanthi lenggah utawi kanthi sare/ berbaring. Ngendika rasulullah:
صَلِّ
قَائِمًا ، فَإِنْ لَمْ تَسْتَطِعْ فَقَاعِدًا ، فَإِنْ لَمْ تَسْتَطِعْ فَعَلَى
جَنْبٍ
“Sira
salata kanthi ngadeg, menawa ora mampu mula kanthi lungguh lan menawa ora mampu
mula kanthi ngglethek (berbaring)” (HR. Bukhari).
Mekaten
ugi ibadah shiyam, tumrap kaum muslimin ingkang boten kiyat shiyam amargi nembe
gerah mila saget mbatal lan nggantos wonten wulan sanes. Kagem tiyang ingkang
sampun sepuh sanget lan boten kiyat shiyam mila pareng kanthi mbayar fidyah.
Lan mekaten ugi ibadah- ibadah sanes kadosdene zakat, ibadah haji punika saget
dipun lampahi miterat kekiyatan masing- masing lan mboten nyusahaken
pemelukipun.
Jamaah jumah rahimakumullah
Saklajengipun,
kagem njangkepi keterangan khatib menggah gampilipun piwucal islam bilih ing
islam punika wonten istilah rukhshah, rukhshah punika keringanan utawi
dispensasi. Misal kula lan panjenegan nembe wonten perjalanan jauh/ musafir
ingkang jarak tempuhipun punjul saking 80 km mila dipun keparengaken qasar
salat. Ngendika rasulullah:
إِنَّ
اَللَّهَ يُحِبُّ أَنْ تُؤْتَى رُخَصُهُ
“Satemene
Allah remen banget menawa sira pada anggunakake rukhshahe.. “
(HR. Ahmad).
Cekak
aosipun, islam punika agami ingkang gampil saget dipun lampahi kapan kemawon
lan wonten papan pundi kemawon. Mila Sumangga tansah syukur dhumateng Allah
awit rahmat agami ingkang gampil punika kanthi semangat nindhakaken amal- amal
kesaenan ing saben dintenipun. Mugi Allah tansah paring kamulyan panggesangan
fiddunya wal akhirah.
أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَاسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ المُسْلِمِيْنَ إِنَّهُ هُوَ السَمِيْعُ العَلِيْمُ
Khutbah Kaping Kalih
الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ
عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ
وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ
وَأَشْهَدُ
أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا
عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا
اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ
إِنَّ
اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا
صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا
اَللَّهُمَّ
صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَقَرَابَتِهِ
وَأَزْوَاجِهِ وَذُرِّيَّاتِهِ أَجْمَعِيْنَ
اَللَّهُمَّ
اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ
مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ
اللَّهُمَّ
أَنْتَ اللَّهُ لَا إِلَهَ إِلَّا أَنْتَ. أَنْتَ الْغَنِيُّ وَنَحْنُ الْفُقَرَاءُ
اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى
رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا
رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ
Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat singkat berbahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini
إرسال تعليق