Teks Khutbah Jumat Singkat
Mbangun Keluarga Sakinah
Ustadz
Wismanto,S.Pd.I
Khutbah Awal
الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا
كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللَّهُ
أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّاللهُ وَحْدَهُ لاَ
شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ
اَللَّهُمّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلى مُحَمّدٍ وَعَلى آلِهِ وأَصْحَابِهِ وَمَنْ
تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن
فَيَا أَيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ. اِتَّقُوا اللهَ
حَقَّ تُقَاتِهِ فَقَالَ اللهُ تَعَالَى
يَا أَيُّهَا
الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ
مُسْلِمُونَ
Jamaah
jumah rahimakumullah
Puji syukur mugi tansah kunjuk dhumateng Allah Ta’ala ingkang
tansah paring rahmat, taufiq sarta hidayah dhumateng kula lan
panjenengan satemah ing siang punika kula lan panjenengan saget pinanggih
wonten majelis ingkang minulya kanthi kebak kawilujengan.
Shalawat ugi salam mugi tansah katetepaken dhumateng nabi agung
Muhammad ﷺ ingkang
tansah kula lan panjenengan tengga syafaatipun wonten ing
dinten akhir. Aamiin.
Jamaah jumah rahimakumullah
Wonten kesempatan khutbah siang punika khatib wasiat sumangga
tansah ningkataken taqwa dhumateng Allah kanti nindakaken dawuhipun lan nebihi awisanipun. Mugi kanti taqwa Allah
tansah paring kamulyan panggesangan fiddunya wal akhirah. Aamiin.
Jamaah
jumah rahimakumullah
Saben tiyang ingkang sampun krama (nikah) mesti kepingin keluarganipun ayem
tentrem bahagia utawi asring dipun sebat sakinah. Kepinginan ingkang kados
punika kalebet perkawis ingkang normal
utawi fitrah. Katentreman keluarga punika estu idam- idamanipun sedaya tiyang.
Menawi kagungan keluarga ingkang ngremenaken punika ibaratipun sampun pikantuk
surga ing donya. Perkawis punika kaserat ing Al- Quran. Ngendika Allah:
وَالَّذِيْنَ يَقُوْلُوْنَ رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ
اَزْوَاجِنَا وَذُرِّيّٰتِنَا قُرَّةَ اَعْيُنٍ وَّاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِيْنَ
اِمَامًا
“Lan wong- wong kan pada matur: “Dhuh Pangeran kula, mugi panjenengan
andadosaken dhumateng kula karesepaning mripat ningali garwa lan anak turun.
Lan mugi Panjenegan andadosna kula lan anak turan kula pemimpinipun tiyang
ingkang taqwa”. (QS. Al- Furqan:74).
Miterat para ahli tafsir bilih kalebet sifat Ibadurrahman
(Kawulanipun Allah ingkang Maha Welas Asih) inggih punika kagungan idam- idaman
keluarganipun ngresepaken manah, ngremenaken penggalih, taat dhumateng Allah
lan ayem tentrem panggesanganipun.
Jamaah jumah rahimakumullah
Islam
sampun paring piwucal menggah kadospundi tatacara nggayuh panggesangan ingkang
Sakinah ing ndalem keluarga. Menawi dipun pendet cekak aosipun minimal wonten
kalih perkawis ingkang kedah dipun gatosaken ig keluarga.
1.
Suami kedah dados
imam ingkang sae.
Perkawis
paling pokok ing rumah tangga inggih punika tata lampahipun kepala keluarga
utawi suami. Menawi ngersaaken rumah tangganipun Sakinah mila suami kedah saget
dados imam. Ngendika Allah SWT:
الرِّجَالُ قَوَّامُونَ عَلَى النِّسَاءِ بِمَا فَضَّلَ
اللَّهُ بَعْضَهُمْ عَلَىٰ بَعْضٍ
“Wong lanang iku kuwajibane dadi pangayom tumrap wong wadon, jalaran Allah
wus paring kautaman marang wong lanang ngungkuli wong wadon…”. (QS. An- Nisa: 34).
Suami
punika imam ingkang tanggeljawab mimpin lan ngayomi sedaya anggota keluarga.
Suami kedah kedah tanggel jawab ing bab paring nafkah lan ugi paring bimbingan
dhumateng garwa lan putra. Menawi dipun cethaaken tanggeljawab kepala keluarga
punika kirang langkung:
a) Paring kacekapan nafkah lahir: sandang, pangan
lan papan.
b) Paring nafkah batin dhateng garwa.
c) Paring bimbingan ibadah lan muamalah dhateng
garwa lan putra.
Singkatipun
tiyang jaler punika kaggungan tanggel jawab menggah sae lan awonipun keluarga.
2.
Istri kedah dados
makmum ingkang sae.
Perkawis
saklajengipun ingkang saget andamel sakinahipun keluarga inggih punika menawi
estri saget dados makmum. Makmum punika tegesipun miderek utawi nurut. Mila
wajibipun estri punika nderek lan nurut suami, mboten pareng mbadal dhawuh,
ngeyel utawi durhaka. Menawi estri kersa dados makmum ingkang sae mila
insyallah rumah tangganipun badhe Sakinah.
Ngendika
Rasulullah ﷺ:
إِذَا صَلَّتْ الْمَرْأَةُ
خَمْسَهَا، وَصَامَتْ شَهْرَهَا، وَحَفِظَتْ فَرْجَهَا، وَأَطَاعَتْ زَوْجَهَا؛
قِيلَ لَهَا ادْخُلِي الْجَنَّةَ مِنْ أَيِّ أَبْوَابِ الْجَنَّةِ شِئْتِ.
“Menawa
Wanita iku njaga salat limang wektu, lan nindhakake pasa ramadhan, lan njaga
kehormatane uga taat marang suamine mula deweke bebas milih mlebu surga saka
lawang kang dikersaake” (HR. Ahmad).
Jamaah jumah rahimakumullah
Kanthi
punika sumangga sesarengan mbangun keluarga ingkang Sakinah, mugi Allah tansah
paring taufiq dhumateng kula lan panjenegan satemah saget nggayuh panggesangan
ingkang minulya wonten ing dunya lan akhirat. Aamiin.
أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَاسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ المُسْلِمِيْنَ إِنَّهُ هُوَ السَمِيْعُ العَلِيْمُ
Khutbah Kaping Kalih
الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ
عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ
وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ
وَأَشْهَدُ
أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا
عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا
اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ
إِنَّ
اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا
صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا
اَللَّهُمَّ
صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَقَرَابَتِهِ
وَأَزْوَاجِهِ وَذُرِّيَّاتِهِ أَجْمَعِيْنَ
اَللَّهُمَّ
اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ
مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ
اللَّهُمَّ
أَنْتَ اللَّهُ لَا إِلَهَ إِلَّا أَنْتَ. أَنْتَ الْغَنِيُّ وَنَحْنُ الْفُقَرَاءُ
اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى
رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا
رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ
Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat singkat berbahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini
إرسال تعليق