Teks Khutbah Jumat Singkat

Syawalan Wulan Ningkataken

Kawruh Agami

Ustadz Wismanto,S.Pd.I

 Khutbah Awal

الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللَّهُ

أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ

اَللَّهُمّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلى مُحَمّدٍ وَعَلى آلِهِ وأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن

فَيَا أَيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ. اِتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ فَقَالَ اللهُ تَعَالَى

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

  Jamaah jumah rahimakumullah

Sumangga tansah muji syukur dhumateng Allah Ta’ala ingkang tansah paring rahmat lan taufik dhumateng kula lan panjenengan. Shalawat sarta salam mugi tansah kunjuk dhumateng nabi agung Muhammad SAW ingkang tansah kula lan panjenegan tengga syafaatipun wonten ing dinten akhir.

Jamaah jumah rahimakumullah

Wonten kesempatan khutbah siang punika khatib wasiat sumangga tansah ningkataken taqwa dhumateng Allah kanti nindakaken dawuhipun lan nebihi awisanipun. Mugi kanti taqwa Allah tansah paring kamulyan panggesangan fiddunya wal akhirah. Aamiin.

  Jamaah jumah rahimakumullah

Syawal miterat seperangan ahli Bahasa tegesipun az- ziyadah wa namwu artosipun ningkat/ nambah lan ngrembaka. Maksudipun wonten wulan syawal punika kula lan panjenengan dipun anjuraken ningkataken sedaya amal kabecikan.

Wulan ramadhan ingkang sampun mengker nilaraken kula lan panjenengan maringi piwucal bilih nindhakaken amal ibadah punika saget andadosaken tuwuhipun raos bahagia ing manah. Kanthi kula lan panjenengan njagi ketaatan dhumateng Allah kanyata saget tuwuh lan ningkat raos ayem lan tentrem ing panggesangan.

Salah setunggal amalan ingkang kula lan panjenegan lampahi kanthi istiqamah wonten ing wulan ramadhan kala wingi inggih punika sinau kawruh agami kanthi midangetaken kultum bada salat, ceramah tarawih, ceramah subuh lan kajian umum sanesipun. Estu kanthi sinau kawruh agami kanyata saget andadosaken kula lan panjenegan tambah manteb lan semangat ing ndalem ngamalaken islam. Mila leres Allah sampun ngendika:

فَمَن يُرِدِ ٱللَّهُ أَن يَهْدِيَهُۥ يَشْرَحْ صَدْرَهُۥ لِلْإِسْلَٰمِ ۖ وَمَن يُرِدْ أَن يُضِلَّهُۥ يَجْعَلْ صَدْرَهُۥ ضَيِّقًا حَرَجًا كَأَنَّمَا يَصَّعَّدُ فِى ٱلسَّمَآءِ ۚ

“Mangka sapa kang dikarsaake Allah bakal kaparingan pituduh mula Panjenengane Allah bakal anjembarake dhadhane wong iku kanggo nampa wulangan islam. Lan sapa kang dikersaake Allah kesasar mula Panjenengane Allah andamel dhadhane wong iku rasane rupak lan seseg kaya- kaya wong mau didhawuhi munggah ana ing langit…” (QS. Al An’am: 125).

Jamaah jumah rahimakumullah

Mila wonten ing wulan syawal punika kula lan panjenegan kedah njagi lan ningkataken semangat sinau piwucal islam. Sinau piwucal islam ing jaman sapunika sampun tansaya gampil mboten kados jaman rumiyin. Biasanipun wonten pundi panggenan mesthi sampun lumampah pengajian utawi majelis taklim. Artosipun boten wonten alasan malih tumrap kula lan panjenegan boten sinau kawruh agami. Punapa malih sapunika sampun ing jaman teknologi canggih, sak sanesipun ngrawuhi majelis taklim kula lan panjenegan saget nambahi kawruh agami kanthi nyimak kajian via media sosial kadosdene youtub lan sanesipun.

Jamaah jumah rahimakumullah

Sinau kawruh agami punika pinangka sebab ginayuhipun kamulyan panggesangan ing dunya lan akhirat. Amargi kanthi magertosi kawruh agami kula lan panjenegan saget nglampahi tatacara ibadah, saget mangertosi perkawis ingkang leres lan ingkang lepat ugi saget mangertosi punapa kemawon ingkang dipun dhawuhaken lan ingkang dipun awisi.

Ngendika Rasulullah:

مَن يُرِدِ اللهُ به خيرًا يُفَقِّهْه في الدينِ

“Sapa wonge dikarasaake Allah kabecikan marang deweke, mula Allah anggawe deweke faham agama”. (HR. Bukhari lan Muslim).

Jamaah jumah rahimakumullah

Cekak aosipun, sumangga kula lan panjenegan tansah semangat sinau kawruh agami ing saben dintenipun. Mugi Allah SWT tansah andadosaken kula lan panjenengan tiyang- tiyang ingkang pinaringan kamulyan panggesangan fiddunya wal akhirah.

أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَاسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ المُسْلِمِيْنَ إِنَّهُ هُوَ السَمِيْعُ العَلِيْمُ

 


Khutbah Kaping Kalih


الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ

وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

إِنَّ اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا

اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَقَرَابَتِهِ وَأَزْوَاجِهِ وَذُرِّيَّاتِهِ أَجْمَعِيْنَ

اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ

اللَّهُمَّ أَنْتَ اللَّهُ لَا إِلَهَ إِلَّا أَنْتَ. أَنْتَ الْغَنِيُّ وَنَحْنُ الْفُقَرَاءُ

اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا

رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ

 

 Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat   singkat berbahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini 

Post a Comment

Lebih baru Lebih lama