Teks Khutbah Jumat Singkat
Syawalan Wulan Ningkataken
Kawruh Agami
Ustadz
Wismanto,S.Pd.I
الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا
كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللَّهُ
أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّاللهُ وَحْدَهُ لاَ
شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ
اَللَّهُمّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلى مُحَمّدٍ وَعَلى آلِهِ وأَصْحَابِهِ وَمَنْ
تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن
فَيَا أَيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ. اِتَّقُوا اللهَ
حَقَّ تُقَاتِهِ فَقَالَ اللهُ تَعَالَى
يَا أَيُّهَا
الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ
مُسْلِمُونَ
Jamaah jumah rahimakumullah
Sumangga
tansah muji syukur dhumateng Allah Ta’ala ingkang tansah paring rahmat lan
taufik dhumateng kula lan panjenengan. Shalawat sarta salam mugi tansah kunjuk
dhumateng nabi agung Muhammad SAW ingkang tansah kula lan panjenegan tengga
syafaatipun wonten ing dinten akhir.
Jamaah jumah rahimakumullah
Wonten kesempatan khutbah siang punika khatib wasiat sumangga
tansah ningkataken taqwa dhumateng Allah kanti nindakaken dawuhipun lan nebihi awisanipun. Mugi kanti taqwa Allah
tansah paring kamulyan panggesangan fiddunya wal akhirah. Aamiin.
Jamaah jumah rahimakumullah
Syawal
miterat seperangan ahli Bahasa tegesipun az- ziyadah wa namwu artosipun ningkat/ nambah
lan ngrembaka. Maksudipun wonten wulan syawal punika kula lan panjenengan dipun
anjuraken ningkataken sedaya amal kabecikan.
Wulan
ramadhan ingkang sampun mengker nilaraken kula lan panjenengan maringi piwucal
bilih nindhakaken amal ibadah punika saget andadosaken tuwuhipun raos bahagia
ing manah. Kanthi kula lan panjenengan njagi ketaatan dhumateng Allah kanyata
saget tuwuh lan ningkat raos ayem lan tentrem ing panggesangan.
Salah
setunggal amalan ingkang kula lan panjenegan lampahi kanthi istiqamah wonten
ing wulan ramadhan kala wingi inggih punika sinau kawruh agami kanthi
midangetaken kultum bada salat, ceramah tarawih, ceramah subuh lan kajian umum
sanesipun. Estu kanthi sinau kawruh agami kanyata saget andadosaken kula lan
panjenegan tambah manteb lan semangat ing ndalem ngamalaken islam. Mila leres
Allah sampun ngendika:
فَمَن يُرِدِ ٱللَّهُ أَن
يَهْدِيَهُۥ يَشْرَحْ صَدْرَهُۥ لِلْإِسْلَٰمِ ۖ وَمَن يُرِدْ أَن يُضِلَّهُۥ
يَجْعَلْ صَدْرَهُۥ ضَيِّقًا حَرَجًا كَأَنَّمَا يَصَّعَّدُ فِى ٱلسَّمَآءِ ۚ
“Mangka
sapa kang dikarsaake Allah bakal kaparingan pituduh mula Panjenengane Allah
bakal anjembarake dhadhane wong iku kanggo nampa wulangan islam. Lan sapa kang
dikersaake Allah kesasar mula Panjenengane Allah andamel dhadhane wong iku
rasane rupak lan seseg kaya- kaya wong mau didhawuhi munggah ana ing langit…”
(QS. Al An’am: 125).
Jamaah
jumah rahimakumullah
Mila
wonten ing wulan syawal punika kula lan panjenegan kedah njagi lan ningkataken
semangat sinau piwucal islam. Sinau piwucal islam ing jaman sapunika sampun
tansaya gampil mboten kados jaman rumiyin. Biasanipun wonten pundi panggenan
mesthi sampun lumampah pengajian utawi majelis taklim. Artosipun boten wonten
alasan malih tumrap kula lan panjenegan boten sinau kawruh agami. Punapa malih sapunika
sampun ing jaman teknologi canggih, sak sanesipun ngrawuhi majelis taklim kula
lan panjenegan saget nambahi kawruh agami kanthi nyimak kajian via media sosial
kadosdene youtub lan sanesipun.
Jamaah
jumah rahimakumullah
Sinau
kawruh agami punika pinangka sebab ginayuhipun kamulyan panggesangan ing dunya
lan akhirat. Amargi kanthi magertosi kawruh agami kula lan panjenegan saget
nglampahi tatacara ibadah, saget mangertosi perkawis ingkang leres lan ingkang
lepat ugi saget mangertosi punapa kemawon ingkang dipun dhawuhaken lan ingkang
dipun awisi.
Ngendika
Rasulullah:
مَن
يُرِدِ اللهُ به خيرًا يُفَقِّهْه في الدينِ
“Sapa
wonge dikarasaake Allah kabecikan marang deweke, mula Allah anggawe deweke
faham agama”. (HR. Bukhari lan Muslim).
Jamaah jumah rahimakumullah
Cekak
aosipun, sumangga kula lan panjenegan tansah semangat sinau kawruh agami ing
saben dintenipun. Mugi Allah SWT tansah andadosaken kula lan panjenengan
tiyang- tiyang ingkang pinaringan kamulyan panggesangan fiddunya wal akhirah.
أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَاسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ المُسْلِمِيْنَ إِنَّهُ هُوَ السَمِيْعُ العَلِيْمُ
Khutbah Kaping Kalih
الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ
وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ
لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا
اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ
إِنَّ اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ،
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا
اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ
وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَقَرَابَتِهِ وَأَزْوَاجِهِ وَذُرِّيَّاتِهِ أَجْمَعِيْنَ
اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ
وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ
قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ
اللَّهُمَّ أَنْتَ اللَّهُ لَا إِلَهَ إِلَّا أَنْتَ.
أَنْتَ الْغَنِيُّ وَنَحْنُ الْفُقَرَاءُ
اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى
رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا
رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ
إرسال تعليق